;
Gogrog e Kembang Tresna
Angen-angenku
tumlawung adoh. Ngelingi piye mula bukane aku nganti thukul winih katresnan
karo dhudha siji iki. Winih tresna sing tumiba kaya udan nggrecih ing sasi
Agustus. Udan kang isih uga tumeka ngedhemne hawa panas, hawa kang ora nate
kena diprediksi, taun iki. Ngedhemne jagad uga ngedhemne atiku iki.
Udan
isih wae tumiba. Tetesane banyu udan nggawe wirama kang endah dirungu kuping
kang lagi ngalami witing tresna. Kupinge sapa? Ya kupingku dhewe...hehehe
Kandhane
Mbakyu Waldjinah “Wong yen lagi gandrung,
ra perduli mbledhose gunung. Wong yen lagi naksir, ra perduli ana perang nuklir”.
Semono uga aku. Tresna? Tresna kang tanpa upama.
“Widya,
kowe kuwi temenan tah nyenengi kanca dumaymu?.
Dumay kuwi singkatan saka dunia maya.
Donya kang ora nyata ning ana. Ambane, jembare, adohe, dhuwure ngalah-alahna
jagad nyata. Mbok sedina ora metu saka kamar, kaya-kaya ora kepethuk wong liya,
nanging ...aku wis ngluyur tekan ngendi-ngendi. Njlajah desa milang kori. Ora
desa thok, antar negara ya isa. Wong pancen kemajuan teknologi saiki jian
ngedab-ebadi.
Saben-saben
pitakon apa aku temenan nyenengi kanca dumay
iku mlebu neng kupingku. Aku mung manthuk. Aku mung mesem. Pancen iya. Senajan
ora ana sing ngerteni sapa-sapane pawongan kang daktuju, wong pancen kancaku ya
akeh lan akrab yen wis sapejagong neng statusku.
Piye
mula bukane kok aku banjur thukul winih katresnan?. Ah, pitakonan klasik sing
mesthi tumiba nang aku yen ta nganti aku kecolongan ngomongna crita thukule
winih katresnanku, paling ora saka mitra-mitra kinasih. Mitra kang tansah aweh
panjurung uga panyaruwe kanggo kabecikanku. Tenan, lho...
Kanca,
ngerti ta, yen winih kuwi, saumpama tanduran rak ora mung mritungake kualitas
winihe wae, ning uga jenis lemahe, rak ngono ta?. nanging winih katresnanku iki
, winih kang paling unggul sing takduweni (ehm..ehm..ehm...),
lan lemah sing takjujug, lemahe uga lemah sing apik kang nate daksumurupi.
Nanging winih unggulku iki, wadhuh, mung
kleyang sakndhuwure lemah subur kang dakarepi. Amarga..., aku mung tresna
ndheweni!.
Jalarane
mung siji. Aku ora arep nggolek sewu siji alesan. Mung siji jalarane. Kepranan.
Kepencut...
Hlo..hlo..hlo
piye mula bukane?. Mesthi kuwi pitakon kang ngetut sakmburine. Ah, isin-isinen
wis arep takbukak byak, mbokmenawa ana uga kang nate ngalami kaya aku iki.
Kepranan
kuwi maknane loro kanggoku. Aku iki wonge mikir kanthi nalar waras, logis. Isa milih lan milah ngendi sing
apik, ngendi sing elek. Cocok lan gak cocoke. Sarjana je, weton pawiyatan
luhur...mosok ya gak isa mikir kanthi wening lan trawaca? Ehm..uhuk..uhuk..uhuk!, mesthi watukmu tumeka yen sajak gak percaya
apa sing takomong, mitra..
Keprananku
kang sepisan kuwi marang kaluwihane, lan kaloro, marang diri pribadine!.
Kawitane
mangkene..., wis jamak ta yen saiki wong kekancan kuwi luwih raket nang kanca sosmed tinimbang kanca sing wanuh saben
dinane. Hla piye ora luwih raket?. Wong jagongan neng sosmed ora butuh macak . Jagongan liwat massenger, WA,tah BBM isa
disambi karo lemah-lemah turu, isa uga disambi karo masak dideleh dhuwure
kothak bumbon wis dadi, hihihi.
Hla,
aku iki elek-eleka ngene rak sutresnane kawruh jawa. Senajan isaku mung
grothal-grathul bab jawa sing njawani, yen ijik nduwe niyat sinau rak entuk
ganjaran se?. Mulakna aku nggabung salah sawijining grup neng facebook sing menehi piwulang apik
per-jawa-an. Hmmm, anggotane akeh. sajak mumpuni murakabi kabeh.
Klebu...dheweke sing nggarakne atiku kepranan kuwi, Mas Abadi!.
Kawitane
aku sir banget nang seratane Mas Abadi sing pancen banget ngedab-edabi neng grup. Ing ngatase jaman saiki, olehe
nguwasani ngelmu kuno jian mumpuni. Sastra jawa, budaya jawa, ngelmu jawa kabeh
pepek jangkep. Rumangsaku, biyasane yen ana pawongan nulis apa tah apa kuwi kadang
kala mung sakderma isa, utawa mung njumput kana-njumput kene. Ning Mas Abadi
ora. Yen diuber pitakonan, sakwise dheweke nulis salah sawijining hal, tansah
dijawab kanthi setiti, ora ngendhani. Hla yen ora asli pinter, gak kira isa
njawab nganti mblunder seser lan bener!.
Saka
maca status siji, siji maneh, lan
sakteruse alah mbuh ya pangrasaku dadi seje. Ketarik nang daya magnite. Isuk
sore awan bengi aku malih ngetutne sakparipolahe ana ing facebook. Mbukak kawitan taksawang obrolan,...aktif orane dheweke.
Bar ngono aku mlebu nang kronologine.
Macani maneh kabeh statuse. Uruuuutttt...ora waleh ora jeleh. Tenan. Apa ya amarga kesengsem kuwi?.
Ngerti
ora, aku nduwe pakulinan unik. Status sing bar taklike, sesuke takbusek. Sesuke taklike maneh, ngono terus. Kaya pawongan sing lagi cintrong ing umur
las-lasan mbiyen, jaman unyu-unyu, putih abu-abu.
Ora
ana sing aneh, lan ngglewar saka tatanan urip lumrahe. Aku sesambungan jagongan
ya mung liwat massenger thok. Wonge
ki yen dibel ya ra nate gelem, di es-em-es
ya ra nate dibales. Ning yen takkirim pitakon liwat massenger , tur nyambung karo tulisane, dheweke mesthi nengenake
lan njawab sakwalehe pitakonku. Sakjam
rongjam bablasgak krasa blas. Isine ngelmu jawa kang tangeh lamun takentukna
neng pasrawungan njabaku.
Hla
kapan wiwit kepincute?, ohya, batinku mumbul dhuwur, nalikane sawijining wektu
dheweke gelem nyritaake lelakone uripe. Runtut urut saka kawitane sesomahan,
engga bojone tilar nalika nglairake putri ontang-antinge. Owalah, melas men
critane. Rebut cukup, Mas Abadi kuwi, dheweke dhudha!. Yen nyawang poto profile se, Mas Abadi klebu
duren...dhudha keren!. Poto profil disetting ireng putih, pasuryan umur telung
puluhan, melo lan...ngangeni. Malah ser-ser
pangrasaku saben nyawang. Kepranan matikel-tikel pokoke!.
Saiki
ngerti ta maknane keprananku?. Kaping siji, kepranan nang tulisane lan kaping
loro kepranan pawongane. Apa maneh ngaku yen piyambake lho ora ana sing
ndhuweni, saka sapejagonge karo kanca-kanca kinasihe kang winates. Piyambake
kuwi jan selektif banget olehe kekancan neng akun facebook e, sing mesthi aku klebu pawongan pinilih yen ngono,..hihihi...
Ndilalahe
kanca-kancane kuwi akeh-akehe pawongan kang umure sakndhuwure. Engga kabeh yen
nimbali nganggo paraban Dhimas, Dhimas,..ngono. nate taktakoni, kanca-kancane
kang winates kuwi sapa wae?. “Oh, kanca jaman sekolah uga jaman kuliyahku Mbak.
Kakak tingkat uga mbakyu-mbakyune kancaku”.
“Mas,
mboten wonten napa salah setunggale rencang ingkang badhe didadosaken sulihe
ibuke putrane?” nate aku kewetu pitakon kaya ngono. jawabe piye?
“Owalah,
Mbak. Sinten sing purun kalih kula, ngaten niki?”. Biyuh, rasane atiku nampani
jawaban kaya ngono. Kumudu-kumudu aku nggelak laku methuk. Arep ngapa?. Ora
ngapa-ngapa, mung ngertakna yen pancen isih “legan”, sapa ngerti?. apamaneh,
yen maca sakehing statuse kang asipat pribadi, Mas Abadi uga kaya ora nduduhake
pangrasa seja karo kanca-kanca facebook liyane.
Klop!
Aku gak perlu ngatonake pangrasa meri lan cemburu. Aman!
..................................................................................................................
Kanthi
sesidheman aku nruthuli alamate sing ana neng kronologine. Yen ndeleng
pakulinane, alamate kuwi mesthi saktenane.
Adohe
panjangka saka omahku ora dadi masalah. Nem jam numpak bis bengi taklakoni.
Tutuk kuthane pas nengahi adzan Subuh. Aku nyelakna amarga saiki rak lagi
preian dobel rong ndina.
Monga-mangu
nalika aku uluk salam isuk uput-uput neng ngarepe dhaleme. Jalan Pattimura 17
Jombang Jember.
Ana
sawijining priyayi sepuh lagi lenggahan ngadhep laptop neng teras. Saka walike
kaca mata kandhele, piyambake mesem sumeh. Aku nutugna lingak-linguk wong
simbahe ora obah saka lenggahe nggo minarakna. Aku kewuhan dhewe, engga...
Banjur,keprungu
swara ulem...”Mangga pinarak Mbak. Mbahkung, kok mboten minarakna ta?” wanodya
sulistya kanthi grapyak minarakna, mbuyarna pikiranku sing kendho kenceng.
“Madosi
sinten?..Pangapunten, kula kok sajak dereng tepang, oh enggih kula Wening
wayahipun Bapak Abadi Lukito menika” ature karo ngathungna jempol menyang
simbah kakung kang uga manthuk ngiyani. Dheg!. Abadi?.
Jagongan
ngalor ngidul aku banjur nyritakna tujuwanku mara. Marang kasenenganku maca
seratane Mas Abadi, uga yen aku wis kerep sapejagong liwat inbox.
“Owalah,
Mbah Kung...mbake iki madosi njenengan..., enggih leres Mas Abadi niku nggih
Mbah Kung niki teng fb ndamel potone
rayat kula” jawabe karo kepingkel-pingkel. Malah kandhane...
“Mbahkung
sampun kathah ugi sing madosi kados njenengan, Mbak. Leres yen dhudha, wong
mbah putri sampun sumare tigang taun kepengker”.
Hwadduh...atiku
langsung gogrog godhong sakkembange!.
Cuthel
Ingkang ngintun:
E.S. Nurhayati
d.a. MTsN Kencong
Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong
- Jember (681767)
No. Hp. 085-655085727 /
081-252249232
Tidak ada komentar:
Posting Komentar