Kembang Atine
Saskia
Kecipir mrambat kawat, masiyo gak mampir pokok liwat,
ali-ali mata telu aja lali karo aku...
“Wegah
aku nek mung dikirimi parikan kaya ngono. Emoh” batine Saskia njerit karo
nyawang hapene, wis seminggu hape
kuwi dadi barang aji, neng ngendi-endi digawa, disak-i, sajak ngenteni kabar
saka presiden ae!. diwaca maneh statuse
pawongan sing dina-dina iki ngrenggani tlapukane mripat uga langen sajroning
atine.
“Mben mesthi ngono” aloke karo nguncalna
bantal nang cendhela. Blung!!.
“Saskia”
ibuke sing lagi lesehan neng teres ngarep mbengok. Piye ra mbengok. Bantal sing
mepene setaun pisan katene riyaya thok, diuncalna sakkayange, metu saka
cendhela...keprungu blegg nibani
pawongan sing lagi lesehan neng teras. Krungu ibuke mbengok, Saskia ceket-ceket
metu saka kamar tumuju panggon liya. Kaburrr...ben gak dadi tersangka!,
wkwkwk...
Wis
ana seminggu iki adate Saskia nganeh-anehi. Utamane kanggo keluwargane sing
dumadi saka bapak, ibu, lan mbakyune loro. Jajal ta, nganeh-anehine piye?.
Sing kapisan. Saskia kuwi rak anak ragil. Sakomah, sak RT,
sakkampung, malah sakkampus ngerti kabeh. Lageyane ora ngalem. Ladak malah. Kereng nglanangi. Mbakyune karo
suwalike, alus manuhara kaya sembadra, dene Saskia pindha srikandhi. Samubarang
penggaweyan cah lanang iso. Kayata, mbenakna lampu sing pedhot, mateni sekring,
nyervis radio bejat, nyambung-nyambung kabel, kabeh isa, pinter. Wong pancen
bapak nduwe usaha toko elektronik. Ra sah kursus, nyawang mben dina, sauger
uteg urip, akhire ya isa. Saskia kuwi buktine!.
Eh,
hla kok seminggu iki lagak lagune malih emoh nek diutus mbenakna kabel tah
lampu neng omah.
“Ngutus
Mas Bagas, mawon Bu” ngono ujare nalik diutus ibu mbenakna lampu sembahyangan
sing mati pet ngasar wingi. Bagas kuwi bakalane Mbak Eka, mbakyune mbarep.
“Lho,
cah ayu...geneya?”ibu nggumun. “Pokoke mboten. Wong cah wedok kok mbenakna
lampu”jawabe karo klepat ngalih. Cuthel, ra kenek dibantah.
“Dhik,
iki lho radioku ceblok. Jajal deloken apane sing srei!”, Mbak Arum ngatag liya
dina. Eh, apa jajal jawabe?. “Gak kurang tukang servis, kok ngongkon aku. Aku
pensiun wis!. Mbak Arum mung ngowoh karo gedheg-gedheg nggumun!.
Sing kapindho. Mbak Arum rong dina wingi kliter nang
ngendi-endi nggoleki sayake sing
biyasane jejer manis ana lemari kacane. Hla pancen biyasane aman-aman ae
senajan ora dikunci.
“Mbak
Eka, ngertos sayak oranye kula?”alokke nalika salin arep budhal kuliyah. “Ora
ki, hla sapa sing nggawe, wong aku ya nduwe sing padha modele” jawabe Mbak Eka
nggumun. Pancen sayak kuwi tukune kembaran dhek riyaya wingi.
Mak
jegagig, Saskia metu saka kamare karo ngelungna sayak oranye. “Mbak, sepurane
aku mau nyilih, eh ora, aku njajal sayake. Ning ora sedeng”. Mbak Arum karo
Mbak Eka pandheng-pandhengan. Ragil iki pancen awake bongsor!.
“Owalah,
Ndhuk...mbok ya ngomong yen kepingin sayakan. Wis mengko sore, yen ana wektu
longgar ayo taktumbasna”ujare Mbak Eka karo nglirik . Ealah, Saskia si tomboy pingin sayakan?.
Sing katelu. Saskia saiki malih emoh ngrewangi njaga toko
elektronike bapak. Iki sing dadine fatal.
Sapa maneh sing nunggu toko wayah sore nganti bengi yen ora si Saskia?. Ibu lan
Mbak Arum ngopeni toko jajan sandhinge, dene Mbak Eka biyasane ndosen. Saskia sakliyane
bageyan kasir uga bageyan njajal-njajal ngono kuwi direwangi batur siji.
Njur
Saskia nglakoni apa yen pas gak ngrewangi kuwi?. Laporane mbok Dewi, rewange ibu
sing pancen loyal, ngene...
“Mbak
Saskia namung lenggah ngedhep cendhela, nyawang latar...terus, nganti ana swara
bel sepedha montor liwat. Bel e munine lucu. Thin..thinthin..thinthin.. ping
tiga, njur bablas. Ngoten mawon ngantos setengah utawi sakjam bare niku sepedah
montor niku mbalik malih, lan ngebel ngaten malih”.
Wis,
nek koyok ngene...piye iki?. Bapak sing dicritani ibu bab nganeh-anehi kuwi
mung mesem. Cukup ngendikan ngene,”Bu, Saskia sajake wis dadi prawan tenan
saiki. Jarna wae. mengko, kapan-kapan rak crita-crita dhewe. Togna wae. bocahe
mundhak grisinen mengko”.
Sedina
rong ndina, telung ndina...nganti prastawa bantal kuwi. Ibu akhire...ora omes
maneh. Nalika bar sembahyang ngasar, lan Saskia liwat...
“Sas,
sampeyan ki ana apa?. Nganeh-anehi. Ibu kuwatir ki lho?”. Ibu sakkal kaget
nalika Saskia ambyuk nangis neng bayang salatan.
“ibu
pirsa mboten pak pos sing kadhang-kadhang ngeteraken serat kangge bapak?. Niku
kose celak mriki, teng daleme Pakdhene. Pak Bonawi, niku lho Bu?.
Ibu
kelingan, Saskia nate crita yen telung wulan iki tambah seneng ngrewangi neng toko amarga karo ngenteni
tekane pak pos sing saben rong dina tah telung dina ngeterake surat-surat saka rekanane Bapak. Apa Saskia nyenengi
dheweke?, ibu ngomong sajroning batin.
“Banjur?”
“Sakjeg
niku kula nggi kekancan liwat dunia maya...”
Saskia nangis banter.
“Apa
Pak pos ngerti nek kowe nyenengi?”ibu takon karo ngelus gegere.
“Mboten.
Namung saben-saben ngirim sinyal mawi parikan sing ndadekake kula
kados-kadosa..., nanging seminggu niki, dheweke ngilang”.
Bengine
ibu ngejak rembugan Mbak Eka lan Mbak Arum neng kamare ibu sakwise Saskia turu.
...................................................................................................................
Thin...thinthin...thin...,
keprungu swara bel sepedha sing dikangeni Saskia. Sakkal Saskia njranthal nang
cendhela. Ana sepedha montor dijagang neng emperan.
“Sas,
ana sing nggoleki kae lho?”keprungu swarane Mbak Arum saka walike lawang. Saka
cepitane lawang katon Saskia lagi iwut nyuri rambute. Mbak Arum mung ngleges
karo ngathungna jempol nang Mbak Eka sing ngadheg neng lawang kamare.
“Assalamualaikum
Mbak Saskia”keprungu swara tuwek nyapa Saskia sing lagi wae miyak slambu ruwang
tamu.
“Hah?”Saskia
sakkal njumbul kaget. Hla kok sing teka, Pak Bonawi, pakdhene Topan?.
“Niki,
ngaturaken titipan serat saking Topan. Dheweke sakniki pindah teng Klaten, wong
teng mriki namung nggentosi kula sakwetawis amargi kula kenging gejala stroke”Pak Bonawi ngendika karo
ngelungna surat. Pak Ponawi sing uga dadi pak pos njlentrehna sajak ngerti apa
sing dipikir Saskia.
“Topan
mboten wantun pamit, namung meling yen arep maringna surate dikon ngebel kados
wau”.
Sewengi
dher sakbare kuwi, Saskia nangis gak ana enteke. Sakomah mung isa ambegan
landhung. Isane mung ngejarna arep piye maneh?.
“Saskia, adhikku sing manis dhewe sakndonya.
Aku jik durung isa nampani titipan atimu. Jejibahanku jik akeh. Aku arep
nutugna sekolah maneh, ...aja ngenteni belku maneh, yen ana jodho, mbuh suk
kapan aku mesthi tumeka”
Sekolah
maneh?. Pirang taun?. Aku rak ya isa ngenteni saumpama gelem janji..., Saskia
ngaru-ara gak uwis-uwis. Wis ana semingguan ora isa ngubungi, di BBM ra kena,
di WA ra nyambung, uga ora update status,
tibake...
Hape
diuncalna, keprungu swarane natap lemari, mak jederr!. Manis, kucinge Mbak Arum
sing lagi turon neng keset ngarepe lawang kamare Saskia langsung mlayu
njranthal ngedoh.
Sakjeg
kuwi Saskia mutung ra gelem hapean nganti wulan-wulanan. Lara atine digawa
nyepi, emoh srawung karo sapa ae. “Aku mending dadi Tarzan ae, ra krungu kabar
apa-apa”aloke. Kabeh mung isa njengkerut nggathukna alis. Hehehe...
.................................................................................................................
“Saskia,
piye, aduh gak ngrewes nek dijak ngomong”Guruh nguber pitakon karo njejeri
jangkahe Saskia sakdawane lurung kampuse. “Aku gak isa, Ruh. Penggaweyanku neng
ngomah ya akeh”jawabe Saskia nalika Guruh ngejak ndelok pameran pembangunan
neng alun-alun Jember sore kuwi.
Ya Guruh, kanca kuliyahe neng fakultas
kedokteran anak, sing setaun iki nguber Saskia. Ning Saskia pancen kendho
kenceng olehe gelem nganca. Geleme, amarga Guruh ki jan pinter ngepek atine
bapak ibu lan sedulur-sedulure. Yen Sabtu Minggu mesthi ngrewangi neng toko,
kanthi alesan pengin golek tambahan dhuwik jajan. Saskiane dhewe malah unjal
dolan karo kanca-kancane, hehehe...
Yen
ana tugas kampus, Guruh uga sing iwut ngrewangi nggarapna. Sapa ae ngarani nek
Guruh ki bakalane Saskia. Padahal Saskia koyok jik kesrimpet wewayangane Topan,
engga nganggep Guruh mung teman tapi
mesra ngono, lho...ning Guruh ra ngrewes nalikane dicritane Mbak Eka
larah-larahe sikepe Saskia sing kaya ngono kuwi. “Janur durung mlengkung,
Mbak?”jawabe Guruh karo ngguyu amba.
..................................................................................................................
Dr.
Saskia sajak gemati olehe mriksa bayi lanang thimpluk-thimpluk, sing lagi kena
watuk pilek. “Parah mboten, Dok?”pawongan ayu ibune si bocah takon sajak
kuwatir.
“Alah,
mboten, namung watuk pilek biyasa. Obate mawon diinumaken. Insya
Alloh...”jawabe dr. Saskia wijang karo mesem amba. Alah-alah bayine melu mesem
ngguyu, sajak ngerti yen dililing bu dokter ayu!.
“Tindhak
mriki sareng sinten, Mbak?”takone dr. Saskia karo nulis resep. “Kalih ayahe,
hla nika nembe rawuh malih, wau ngeteraken lajeng kula ken tumbas pampers”.
Bapake
si bocah mlebu. Dr. Saskia nyawang pawongan sing kawit mlebu njujug putrane
karo ngliling. “Nang kanang kanang kadung, kontong gambeh keli gandung...
Dr.
Saskia kaya krungu swara sing nate diapali. Saknalika ndhangak, lan...pulpene
dr. Saskia ceblok. Atine mencelos melu ceblok. Bapake si bocah kuwi, pranyata...Pak
pos kembang atine,ya Mas Topan!.
Cuthel
Ingkang ngintun:
Eni S.
d.a. MTsN Bangsalsari –
Jember
No. Hp. 085-655085727 /
081-252249232
Tidak ada komentar:
Posting Komentar