Prisma lan Prasetya Janjine
Kerja neng laboratorium ngene iki
pancen mbutuhake katlatenan kang luwar biyasa. Untunge swasana neng kene pancen
nyocoki. Sepi. Tenang. Adoh saka karameyan. Ya neng kene iki panggonanku kerja.
Pusat penelitian holtikultura ing Batu Malang.
“Mas Pras, mengko awan sampeyan wis
ana sing ngasisteni, dadine ben gak sepira ribet maneh” ngono ngendikane Bu
Kusumawardhani, pimpinanku. Aku mung manthuk karo ngguyu. Asistenku wingenane
dipindah nang luwar jawa, ngetutna kakunge sing tugas belajar neng kono.
Sakwise istirahat awan, aku mlaku
kledhang-kledhang nang ruwanganku sing panggonane mencil wetan dhewe.
Ana wanodya ngangge kacamata rambute
dawa dikuncir siji lungguh anteng madhep ngidul. Krungu klesete sepatuku,
dheweke noleh. Panyawangku karo tempuk. Aku ora pangling,...iki Prisma bubur!.
.....................................................................................................................
Telung taun kepungkur...
Wong yen lagi gandrung ra perduli mbledose gunung, wong yen lagi naksir,
ra perduli ana perang nuklir. Najan lagi bokek, direwangi nrethek-nrethek, ...
Alah-alah lagune Mbakyu Waldjinah
jian cocok iwak endhog kanggoku esuk-esuk ngene iki. Hla piye, wayah preian
kuliyah semester enem iki aku entuk panglipuran, saben esuk aku nduwe pakulinan anyar methangkrong
neng ngarepan ngadhang tangga idolaku liwat, biyasane yen jam lima ngene iki
dheweke mlaku-mlaku karo adhike.
Prisma Adiwiyata. Tangga nunggal
tembok. Sakjane kenal wae ya ora. Omahe ki nunggal tembok karo omahku. Biyasa
perumahan. Lha, kamarku rak mburi dhewe, sajake kenceng pawone. Engga aku
ngerti jenenge saka ibuke yen nimbali jenenge. Prisma..., Prisma..., Prisma
Adiwiyata...jian khas. Kaping telu. Sing pungkasan mesthi diceluk jangkep. Lelet sajake areke, ngono batinku
kawitane. Ning suwe-suwe, sakwise semingguan kaya ngrungokake lagu kang
ngangeni. Mesthi kepingin ngrungokake. Hehehe..
Ora let suwe biyasane banjur keprungu
swara, “Ibuk sayang, kula sakniki mlampah-mlampah kalih adhik, sekalian tumbas
tempe, nggih?”. Liya dina, tumbas cambah, liya dinane maneh, tumbas tahu, liya
dinane maneh,...
Hla yen wis ngono, aku gegancangan
mlayu menyang teras ngarep siyap-siyap nyawang!. Lan, ...mesthi sakbanjure ana
bocah loro reruntungan mlaku liwat ngarep omahku. Sing gedhe, cewek ayu, pawakane lencir cilik
dhuwur.Dene adhike, lanang, sakumuran
adhikku ragil.
Wis mung ngono?. hla ya, wis. Wong
pancen aku ora kendhel nyapa. Sedina, rongndina, seminggu nganti ...
Ding dong..ding dong..swarane bel
ngarep keprungu. “Neng ndi se menungsane kabeh iki mau?” batinku nggrundel,
amarga lagi enak-enake mapanake komputer neng kamar. Wong lagi wae
adhik-adhikku jagongan rame neng ruwang tamu.
“Assalamualaikum, Mas. Kula dipun
utus ibu ngeteraken bubur” cluluke. Praenane kaya wis kulina, ning sapa, ya?
Isin aku gak ngelingi anak-anake tangga, apa maneh sakwise kuliyah.
“Kula Prisma, dipun utus...”
ceket-ceket taktampani piring plastik sing dilemeki kertas minyak mau. Prisma?...adduh,
kaya kulina krungu?. Ealah, ya bener nek aku gung kenal. Prisma. Prisma
Adiwiyata!. Taksawang saktleraman bocahe prasaja. Rambute dawa ditaleni kuncir
siji. Ora ponian. Ning praenane sumunar nyenengna.
“Piringe dipun paringaken sisan, kok
Mas. Monggo...” pamite sajak piye nyawang aku sing mlenggong kaya sapi ompong.
“kalih menika, ngaturaken undhangan hajatan mangke dalu” si bubur eh Prisma
ngelungake kertas undhangan. Taktampani.
“Oh, enggih Mbak. Matur nuwun. Salam
katur ibu” jawabku.
“Eh, sekolah teng pundi Mbak?”takonku
nalika Prisma meh tekan teras. “Aku mpun kuliyah, Mas. Semester loro” jawabe
karo noleh, lan...ninggali esem sakjlirit. Kuliyah?. Oh, Prisma Adiwiyata, wis
kuliyah...batinku ngrenda crita karo mbalik mlebu.
“Pras, bapakmu gentenana kenduren, bapak
durung rawuh seprene” ibuk ngendika sakwise jamaah maghrib. Biyasane aku alot
yen diutus nggenteni kenduren. Ning dinane iki aku siyap grak!.
“Aku wae, Mas. Aku mesisan arep
dolanan karo Prisma” adhikku lanang nrambul omong, ngelingi aku biyasane aweh
sewu siji alasan kanggo nulak.
“Haiyah...dolan karo kenduren iku
beda, Gus. Ndhereka Mas Pras ya gak pa pa. Ning menenga njaba, dolanan karo
Prisma” ibu nengahi karo tindhak ngarep nutugna ngaji bar Maghrib.
Kupingku semliwer jenenge Prisma. Iki
Prisma sing ngendi maneh?. Sing cilik mbokmenawa. Mulakna ta lah..nek nduwe
anak ojok dijenengi padha ta Pak..Pak, wis sing bar ngeteri bubur takjenengi
Prisma bubur ae..batinku nyuwara dhewe karo mlebu kamar arep ganti sarung.
Aku ngrungokake wae jagongane tangga
kiwa tengene lungguhku. Jarene pak Sofyan , bapake Prisma, iki pengusaha sukses
neng jakarta. Liyane semaur jarene uga anggota dewan . Ning yen nyawang blegere
isi omahe pancen ya mathuk. Sugih, prabotane berkelas.
Taksawang saka ruwang tamu, neng
ruwang tengah cah-cah wadon uga melu lungguh jejer. Lan, Prisma bubur uga ana.
Panyawangku tempuk nalikane Prisma nyawang lurus nang ruwang tamu. Dheweke
ngirimake esem sakjlirit maneh. Adduh...atiku mak pyar pyar. Mbokmenawa esem
mau berlaku umum, ning ra pa pa, ngilangi ngantuk..kenduren berbonus sajake,
hehehe.
Sakwise ngumpulake kuwanenku,mumpung durung
mbalik mlebu kuliyah maneh, sesuke
takwanekna medayoh.
“Madosi sinten?” bocah lanang cilik
takon nalikane aku manyuk menggok omahe. “Sampeyan mase Bima, nggih?” unine
cerdas.
“He, aku nggoleki Mbak Prisma
Adiwiyata. Ayo timbalana” omongku karo nampani salamane. Bocahe mung mlorok,
ning banjur mlebu ngomah. Hahaha...sakwise kuwi sakomah ngguyu kabeh lan dadi
crita dawa. Wong sing jenenge Prisma Adiwiyata ya cah cilik kancane Bima. Dene mbakyune
jenenge Prisma Purnamasiwi. Owalah...
Gela uga aku gak isa methuk Prisma
bubur. Dheweke wis mbalik nang Purwokerto sakwise kenduren wingi. Kepancal
sepur sajake aku iki. Untunge ibuke gelem menehi nomer hapene.
Wiwit dina kuwi aku nyelakna jagongan
tah sms-an karo Prisma bubur. Gayeng, bocahe nyenengake. Malah aku wis kangsen
suk nek preian maneh arep takjak kliling-kliling kabupaten Jember. Nang Watu
Ulo tah nang Puger, nang Paseban, apa nang Gunung Tembok, saksire wis.
Malah, sangking ra isa ngempet
krodhane ati, sawijining dina, meh preian maneh, Prisma taktembak liwat telpon
nganggo video call. Hla piye, atiku
wis muntup muntup kaya udun arep njebrot. Timbang keliya, sakdurunge kuwi
taktaleni omongan dhisik.
“Suk wae Mas nelakna maneh nek wis kepethuk.
Lucu, ah...ngomong tresna kok liwat telpon..hehehe”jawabe Prisma nyenengna karo
nutupi raine. Lan iki takanggep pratandha...
Ah ndonyaku tambah dina tambah endah
tan kinira, semangatku sansaya nyrempeng kumudu-kumudu enggal lulus ae!.
Nalikane aku mulih preian kuliyah,
taksawang omahe Prisma sepi mamring, njerone peteng ndhedhet. Malah sajak
kekuncen rapet. Mung lampu terase murup manther.
“Bu, griya wingking kok sepen?. Wau
ba’da Subuh nggih mboten kepireng swanten mungel Prisma..Prisma..ngaten” aturku
nang ibu sing lagi nyapu latar.
“Oh, sampeyan uga nyetitekna ta, Le?”
ibu ambegan landhung sakdurunge nutugake ngendikane.
“Pak Sofyan, seminggu kepungkur
digawa polisi. Katut masalah korupsi neng Jakarta kono. Amarga gak kuwat
ngrungokake guneme tangga, Bu Sofyan nyimpang bali mulih nang nggene wong
tuwane. Wis, cetha?”.
Atiku sakkala mingkup. Kembang atiku
lunga. Sing korupsi rak bapake?. Kok nganti anak bojone katut-katut?. Mulakna
kok seminggu iki uga Prisma gak kenek takhubungi?, pikirku dheweke repot arep
mulih.
Isih dumeling sms-e pungkasan...”Mas Pras, saumpama kanthi, mbuh suk kapan aku mesthi nggoleki
tresnamu...”, tibake kaya ngene kedadeyane...
“Hla sing melok mangan asile korupsi
rak ya anak bojone, Mas. Korupsi mangan dhuwike rakyat...wow...sapa gelem
tetanggan karo wong kaya ngono” unine kang Paijan , rewange bapak, nalika aku
miterangna kabar korupsine Pak Sofyan. Aku mung isa ambegan landhung. Kang Paijan
kuwi makili swarane wong cilik. Yen wong cilik wis nerapna sanksi sosial,
akibate kanggo koruptor ya ngono kuwi dadine. Didohi tangga, senajan bener
orane jik durung diputusna!
Pedhot kaya layangan kang nyangsang
ora genah panggone. Atiku klayung nampani tresna wurung. Mulakna sakwise wisuda
aku langsung wae nampani penggaweyan neng Malang kene. ngedhem ati uga menepna
pikir. Lakuku jik adoh, nyembulih wong tuwa dhisik wislah..
.................................................................................................................
Telung taun ora ketemu Prisma. Aku
gak pangling blas. Dandanane ora malih. Kanthi tatag Prisma nyritakake lelakone
uripe sakwise bapake kinunjara. Wingenane dheweke nyambang omah Jember sing
sakjeg ditinggal kae dititipake bapak ibuku dikon nyewakna tah dipiye kono.
Nanging ora. Omahe tansah diupakara kanthi becik nang wong tuwaku lan yen sore
dikanggoake papan ngaji TPQne ibu sing saksuwene madeg ora nemu panggonan
permanen. Lan Prisma ngerteni yen aku ana Malang kene ya saka ibu bapakku.
Aku mung meneng ngrungokake. Aku
paham lan ngerti. bapak ibu uga wis ngerti lan ngetutna apa krenahe atiku. Ora
ana dosa turunan kanggoku. Prisma tetep Prisma kang taktresnani. Cukup kuwi.
“Saumpama sesuk awan aku sowan ibumu
lan matur yen arep ndadekna sampeyan asisten
uripku, piye Pris?”.
Prisma nyopot kaca mripate. Kekembeng
luh nambahi ayune. Prismaku kang netepi prasetya janjine!
Cuthel
Ingkang
ngintun:
E.S.
Nurhayati
d.a. MTsN
Kencong
Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong
- Jember (681767)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar