Halaman

Translate

Selasa, 06 Desember 2016

Crita Romansa "Haryanti"



Haryanti
Apa kang ora isa taklakoni?. Sembarang kalir wis ana, cumepak, lan tumata. Sekolah dhuwur, wis takayahi. Penggaweyan maton, wis ana. Barang kaduwekan?. Luwih teka cukup.
Saiki kari mung siji sing durung taklakoni. Nggoleki pawongan ayu, kembange atiku, sing nate semaya males tresnaku rikala jaman putih abu-abu. Haryanti!
..................................................................................................................
            Bel muni kaping telu. Tandhane jam ngaso diwiwiti. Aku kaya wegah metu saka kelas nek gak digered-gered Abimanyu, kanca sakbangkuku.
            “Ayo, wis. Selak gak weruh sesawangan endah. Arek IPA 3 arep liwat lho?” ujare Abim karo ngethip sisih nang aku.
Sakantero sekolahan ngerti nek aku ngesir Haryanti, kembang kelas IPA 3, ponakane Pak polo sekolahku. Wis ayu, sekretaris Osis, ketua ekstra tari pisan. Dene aku?. Sapa wae ngerti, yen Pramudya Laksana, cah bagus dhewe, ciee, saka kelas IPS 1. Wiwit pak satpam, mak-mak sing dodol neng kantin, bapak ibu guru, bocah saksekolahan.  Apa maneh guru BK, jik ngambu ababku saka walike jumangkahe, wis isa ngerteni nek aku. Kok?
“Laks, ditimbali Pak Syaikhu kae lho. Ana apa maneh?” Widodo ngawe karo alok banter. “Aku mau dipeseni pas ngiseni spidol”. Pak Syaikhu kuwi ya guru BK ku. Meh saben minggu aku sowan neng ruwangane, kaya tahanan wajib lapor ae..hehehe.
“Engko wae lah. Sedhela maneh. Yanti sayangku arep liwat iki lho...” jawabku entheng. Widodo mung ngundhakna pundhake karo nutugna jangkahe.
Tenan, bar kuwi ana bocah mbrubul metu saka kelas IPA 3. Kaya biyasane, prawan-prawan nek mlaku mlipir-mlipir, sajak wedi nang aku sakkanca.
“Yan, njajan bareng yuk?” sapaku nang Haryanti sing nyawang aku sajak piye saka walike kaca matane. Aku sakkanca biyasane banjur ndhesel mbareng jangkahe. “Takbosi, wis”
            “Matur nuwun, ya Laks. Ning aku arep nggarap surat undhangan neng ruwang Osis. Sorry, ya?” jawabe karo mesem sumeh. Sakkal lambeku tumenga ning ora kewetu omonge. Wis ayu, sopan. Sungkan aku arep nutugne mbeda. Siji-sijine cah kelas IPA sing gelem kekancan karo aku!
            “Aku gelem Laks” malah Galuh, sing nutugna semaur karo kethip-kethip ngece. Galuh, manuk emprit cilik, pawadanku kanggone sing pawakane mrengil cilik, ning swarane jian cetha cemengkling yen maca Pembukaan UUD 45, kanca sakbangkune Haryanti, uga comblangku nang dheweke. Aku mung isa mencirengi!.
Sakwise kuwi, agahan aku jumangkah nang ruwang BP.
            “Saiki alasanmu apa maneh?. Wingi ngenjlokna LCD neng kelas. Saiki mluntir tangane arek kelas siji” pak Syaikhu mencereng nyawang praenanku. Aku mikir sakdurunge njawab.    Aku gampang muring-muring, kuwi kelemahanku!. Lan aku eling, prastawa LCD taknjlokna kuwi amarga Dewi ngilokna aku sing kaya ketua preman. Nggantheng kaya ngene diarani ketua preman?. Lambe wedok sokur nyablak ae.
Gak srantan aku nyaut sapu arep takthuthukna mejane. Ngangkatku kedhuwuren, nyablek LCD. Untung ditampani Widodo sakkanca sing ngerteni obahe tanganku. Slamet slamet LCDne!
            Lan kedadeyan mluntir tangane kelas siji kuwi esuk mau. Hla mosok, wis weruh bar udan, hlakok nyalip sepedahku saka pinggir kiwa, nggenjrot luwengan banyu sisan. mesthi ae se sragamku klomoh. Takpuntir tangane nalika ketemu neng parkiran. Mosok ngono aku sing disalahna?...hahaha, biyasa anak jantan..
            Mung pawongan siji kang takenut nek ngandhani, ya Haryanti!. Saben aku bar kenek perkara, dheweke mesthi nyelakna methuk aku, lan kanthi swarane kang ulem, dheweke mesthi ngandhan-ngandhani, ning gak ngguroni. Aku mesthi manut. Manute manutku,kaya wong kapok lombok, hehehe. Nanging,..suwe-suwe..witing tresna nggubet atiku!
            “Yan, aku dudu janaka sing isa ngrakit ukara tresna. Pokoke aku seneng sampeyan, piye?” ngono omongku sukur metu nalika aku Haryanti methuk aku sakwise aku nggawe polah maneh.
“Laks, aku seneng uga karo sampeyan. Teges, kendhel lan lucu. Nanging, saiki adhewe wis kelas telu. Wayahe mikirake ujian. Suk nek bar ujian ae takwenehi jawabane, ya?. Saiki ayo lomba nguber biji sing apik dhisik?, ngono omongane Haryanti. aku mung meneng ngrungokake kaya didawuhi Bu Guru. Manut!
Sakbare pengumuman lulusan, aku  didawuhi maneh...
            “Laks, saiki adhewe wis lulus kanthi biji kang apik. Aku uga wis ketampa kuliyah neng bumi klairanku kana. Saiki aku takmapakna awak dhisik kanggo kuliyah, ya?. Sampeyan uga kudu kuliyah. mengko isa bebarengan nduwe gelar sarjana, ya?”. Haryanti sing asli cah Lampung, wis ketampa neng UNILA liwat jalur undhangan.
            “Ning, aku wenehana jawaban Yan. Ben atiku isa mantep mlangkahe!”, ujarku karo manther nyawang dheweke. Haryanti mung mesem. Esem pungkasan kang takweruhi. Wong sesuke aku dipethuki Galuh...lan kaya krungu bledheg.
“Mau bengi Haryanti budhal mulih. Iki ana titipan surat saka Yanti”.
 “Ra sah down, Laks. Sampeyan isih isa sesambungan via dumay, ta?” bacute omonge Galuh wektu kuwi. “Saben dinane kekancan karo aku wae”. Galuh ndilalahe klebu sakkampus karo aku neng Malang.
Aku ora isa semaur nganti Galuh Kinasih mulih. Mung saklembar tulisane sing nganti lepek takgawa, takdeleh njerone dompetku. Layang kawitan uga pungkasan sing dititipna nang Galuh.
Laks, saumpama sampeyan wis nampa layang iki, elinga ya, senajan adhewe adoh-adohan, aku tansah ndongakake muga-muga Pramudya Laksana, kanca kinasihku, lancar kuliyahe, lan mengkone dhuwur drajate. Amin.
            Kekancan surate Haryanti ing dompetku, aku kaya entuk suntikan semangat kanggo brubah dadi pawongan kang luwih apik. Saben arep ngglewar laku ngiwa tah mbaleni tindak nakal, kaya ana wewayangane sakngarepe mripatku. Tenan!
Haryanti nuhoni janjine. Dheweke tansah aweh semangat panjurung marang sakabehing kegiyatan positif kang taklakoni. Mulakna aku janji, yen lulus lan cekel gawe aku kudu isa methuk Haryanti. Lan Haryanti mung ngrespon kanthi emoticon jempol, hehehe.
Meh wisudaan, Haryanti pamit nang kabeh kanca gak ngaktifna samubarang sosmed-e, tanpa nyebutake alasane. Aku kober njilingi gak karuwan, engga Galuh lan kanca-kanca lawas sing isih ngupeng padinanku ngerih-erih lan marasna gelaku.
“Wis ta lah..aja kuwatir,...dina isih dawa, sing penting kowe fokus lulus sarjana dhisik, Laks” ngono janjine Galuh. “Yen isa, methuk bocahe nek wis cekel gawe. Sisan dilamar wis..”.
..................................................................................................................
 “Luh, aku kepingin mara nang omahe Haryanti, aku wis weruh alamate” WA-ku nang Galuh awan kuwi. Aku wis ora isa nahan kangen sakwise wis oleh gaweyan maton setaun iki. Wewayangane Haryanti kaya saya cetha neng ngarepe mripat!
“Arep mrana?. Aku melu” jawabe Galuh cekak lan meksa. “Aku ya pengin pethuk Yanti” bacute. Aku ra isa njawab.
“Aku kudu melu Laks. Yen kowe semaput neng kana, sapa mengko sing nulungi?”. Galuh, nguber ngomong.
”Semaput kepriye?. Ana-ana ae, Luh”, jawabku karo ngguyu amba. Kurang sakjangkah maneh!
Rong ndina sakwise kuwi, taksi kang takcarter saka bandara mandheg neng ngarepe omah nomer 33 Blok K Kompleks perumahan Sekar Sari Kedaton Bandar Lampung. Atiku wiwit drumband-an. Piye ya panampane Haryanti nyawang blegerku saiki?. Aku gedheg-gedheg dhewe mbayangna.
Sakwise metu saka taksi, kaosku sing wis rapi saka hotel mau, taksawang neng kaca riben isih tetep rapi jali. Galuh nyebek karo nggablok gegerku. “Pancet elek!”aloke.
            Nganti...
            “Pinarak, Mas Mbak?. Madosi sinten?”sawenehing ibu minarakna kanthi praenan sajak gupuh.
            “Ngapunten, leres niki dalemipun Mbak Haryanti?”. Panyawange ibu mau kaya kaget, ning mung sedhela, banjur manthuk. Sakwise kuwi mbalik mlebu menjero njupuk tas tenteng. Aku lan Galuh kamitenggengen neng ruwang tamu.
            “Kula ajeng enggal dhateng griya sakit, nengga yoga kula sing wekdal niki nembe opname. Niki wau..” ibu mau ora mbacutna ngendikane. Aku manthuk ngiyani. Lan sakbanjure nderekna menyang rumah sakit. Ora ana jagongan kang wigati sajroning mobil, kejaba ibu mau, ngendikane piyambake ibuke Haryanti, ngabarna sapa aku lan Galuh, uga piye mula bukane kok jug tiba nggoleki putrane.
            “Haryanti sakmenika dines teng mriki. Hla kleresan...” durung tutug ngendikan mobile mlebu parkiran lan wis dipapag wong wadon nganggo klambi sragam biru enom.
“Niku, Haryanti” ibuke nduding menjaba. Kaya ngapa bungahe atiku nyawang Haryanti saka walike kaca. Panggah ayu, luwih ayu malah saka foto-fotone sing diupload neng sosmed mbiyen.
Agahan aku, Galuh metu saka taksi lan mbaturi nggawa bantal guling gawane ibu. Panyawangku tempuk. Aku lan Haryanti ora ana sing isa kumecap. Ibuke tanggap ing sasmita, ndhisiki mlaku mlebu. Galuh mlayoni lan nggapyuk. Sakwise kuwi, Haryanti nyalami aku.
“Laks?” mung ngono panyapane. Mripate kaca-kaca. Aku manthuk lan nggegem kenceng tangane!
...............................................................................................................
Aku mulih karo nyoba ngedhem ati. Galuh ora kumecap ing sandhingku. Dheweke rumangsa salah ngejarna aku nguripake pangrasa tresnaku saksuwene iki. Galuh wis ngerti  yen Haryanti wis rabi. Malah rabine wis rong taun kepungkur, pas wektune nalika dheweke off saka dumay.
“Mas, niki rencang kula sekolah jaman SMU. Pramudya Laksana lan Galuh Kinasih. Sakmenika kekalihe sampun dados tiyang hebat, lho?” ngono ukarane Haryanti terang trawaca, teges kaya sing takkenal mbiyen, nalika njelasna sapa aku nang pawongan kang lagi opname, ya sing takparani mau. Pawongan kang disapa, Mas kuwi pranyata bojone Haryanti!
Cuthel
Ingkang ngintun:
Eni S.
d.a. MTsN Kencong
        Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong - Jember  (681767)
No. Hp. 085-655085727 / 081-252249232
Rekening Bank JATIM Capem Kencong
a.n. Eni Siti Nurhayati no. 1412015009

           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar