Halaman

Translate

Selasa, 06 Desember 2016

Crita Romansa (Gara-Gara Latar Jembar)



Gara-Gara Latar Jembar
Hanum...yen latare omahmu ae isa jembar nganti kabeh pawongan, kabeh mobil isa mlebu metu, kok anjok atimu tinutup rapet, ora gelem njembarna ati nampani asok pangapura nang selip slisip kaya ngene iki. Apa aku kudune nulisna penggaweyanku apa, kabisanku apa, nalika semana wiwitan kenal sampeyan?...engga isa marasna mangkelmu?”
Sms dawa ngilak-ilak kuwi taktampa saka mase murid voliku sore mau. Akhire ya ngene iki, batinku ngumbara ngeling-eling mula kawitane...
Jare sapa nduwe latar jembar nggarakna senenge ati?. Ora!. Tenanan ora nyenengna. Apa maneh dina riyaya kaya ngene iki. Sing mesthi latar jembar, apa maneh gak dipageri, mesthi dipanggoni mobil-mobil. Dapak nek mobil dhayohe omahku, wong mobil dhayohe tangga-tanggaku.
Jik mending nek sing parkir mung mobile, hla iki saksopire!. Aku jane mung setel cuek wae, wong pancen saben taun yo padatan kaya ngene. nanging sing gak nyenengi mesthi sopir-sopir mau sakliyane cangkruk-an neng pendhopo, uga nunut sembarang kalir, je...
“Mbak, nuwun sewu, saged nderek teng wingking?”...hla ya ukara ngene iki sing nganyelna. Apa perlu taktarik ongkos parkir plus-plus? Hehehe.
Engga sore iki, nalika aku nyapu latar jik ana mobil loro sing nunut parkir. Mbuh sopire nang endi, melu medayoh mbokmenawa. Cocok, jailku kumat. Salah sijine takgepuk karo sapu sadaku.
Hla kok mobile jerit-jerit..nguing nguing nguing..., malah takjejeg sisan ban ngarepe. “Lara ta?. wong weruh ban mobil kok dijejeg..” ana swara nyapa nalika aku gupuh ngemek-emek sikil tengenku.
“Mas, mobile nginep ta?”alokku karo mencireng. “Nek nyopir iku mobile aja ditinggali, meh takgembosi banne!”.
“Lho, lho, lho, cah ayu kok ngomonge pedhes buanget?. Sirik, ya?” jawab simase karo mencureng sisan. “Ayo nek wani, arep ngembosi?. Kene taksawange?. Taklaporna polisi, lho?”. Wonge ngendika karo njenggureng. Wih, simase ke-keren-en yen dadi sopir. Dhuwur atletis je, kaya pemeran Rudi Habibi!.
Ning dasare aku emoh kalah senajan wis nyalah, aku ya melu-melu ndawakna gulu.
“Jengkel aku, je Mas sopiiirrr. Mosok latar omahku gak leren-leren dipanggoni mobil parkir nem ndina iki!”. Sapuku takdegna kaya siyap takuncalna.
“Oh, ngono. ya sabar, ta. wong pancen dina riyaya. Tur ngendikane seratan neng ngarep kuwi “bebas parkir” hayo?, simase njawab karo ngguyu banter. “Ayune mundhak ilang,lho?”wuwuhe.
Aku mung mecucu karo nutugna nyapu. Simase uga banjur mbalik neng daleme Pakdhe Warsito kidul omahku.
Pancen sing salah ki bapakku. mosok latar wis kulina disaba mobil menggok nunut parkir, malah dipasangi tulisan kaya ngono. hla yo temalah kaya mobile dayoh tangga sakgang tamune diprayogakna mrene!.
Latar ngarep omah kuwi wis ana kawit aku cilik. Amba banget. Yen dhong rame parkirane, isa kanggo nem mobil. Omahku pancen mepet wates mburi, hla ngarepan kuwi biyasane kanggo latihan voli aku sakdulur lan saktangga. Sing nglatih bapakku. bapakku rak guru olahraga?..hehehe..
“Bapak, latar ngajeng dipun pager wesi mawon. Saged dikunci ...kersane..”protesku sing mbuh kepira. Lan...durung tutug olehku mangap nyablak...
“Hanum, adhewe ki rak kudune paring pitulungan marang sapepadha. Sodaqoh. Ora isa dhuwik, ya ngamalna latar. Wong ya ora ngganggu dalane dhewe mlebu metu. Mobile bapak ya jik isa liwat”. Saben-saben ngono ngendikane. Sodaqoh, sodaqoh, sodaqoh. Samubarang dikon nyodaqohna. Nganti ngguyu ae lho jenenge sodaqoh. Nanging, mburine sing gak nguwati sarate. Kudu ikhlas!. Pyungg...
“Ibu?” alokku njaluk belanan saka ibu sing lenggah jejer bapak, lan sakawit mau mung mirengna. Biyasa, ibukku mung nggujeng thok!.
“Num, sampeyan iki dudu ragil ning ngalemmu kaya adhik wae” mbakyuku mbarep , Mbak Hani, menthungul melu urun omong.
“Aku ki lagi usul, Mbak. Sumpeg aku nyawang plataran dadi parkiran ra uwis-uwis. Apike omahku ilang!. Njur yen ana kanca-kanca arep mara mesthi dha wurung. Sungkan Num, tamumu akeh. mben ngono alesane cah-cah kok gak mampir nglencer mrene!”, jawabku anyel!.
Sesuke mobil wingi sing takjejeg mlebu latarku maneh. Sopire pancet. Simase sing wingi. Nanging dina iki mung cukup loro wae mobil parkir gratis. Amarga aku wis masang net-e voli kit esuk mau bareng adikku karo. Oh, tibake simase sopire Pak Sumantri, kancane bapak. Dinane iki genti nglencer nang omahku sajake!.
“Wah, riyaya-riyaya arep latihan voli, Mbak?”mas sopir nyuwara. Aku meneng ae.
“Yo’i” Ade, adikku ragil semaur karo mulai latihan nyerpen. Haura, adikku pas sing nampani bal-e. neng sisih kiwa omah ana mbak Hani sakkanca sing lagi jagongan ngrunding jare arep PPL.
“Hlo, ya gak imbang no nek sing sisih loro, kene siji. Wis aku melu main karo mbak ayune iki” mas sopir nyuwara neng sandhing kupingku pas ngomong mbak ayu. Alah-alah Ade karo Haura malah keplok-keplok. “nanging aku gak isa voli, lho...mung kepengin ngobahna awak ae” aloke mas sopir maneh.
Loro mungsuh loro. Bapak nyedhak karo aruh-aruh. “Num mbok ya Mbak Hani, karo kanca-kancane dalah sapa wae sing ana jak en olahraga dhisik. Seminggu riyayan sajake kolesterol, asam urat nyedhak kabeh, bapak ”.
Pungkasane voli-ne dadi voli temenanan.  Mainne lho ya temenanan. Krenggosan olehku ngetutna playune bal. Malah akeh anake tangga sing ndelok tontonan gratis.
Game kawitan kelompokku kalah. Hla mungsuhe ana Haura sing atlet voli kabupaten, ana Mbak Hani sing senajan mung saderma isa, kualitase imbang karo aku, sing atlet kampus..ngono, hla nggenku simas sopir ikuora pati isa!.
“Hla, Haura kalih Mbak Hani. Mriki lho tiyange setri-setri kok, kejaba Ade. Mriku wonten mas sopir” aku nyuwara banter. hla nggenku, sakliyane Ade, ana kanca-kancane Mbak Hani sing sokur isa.
“Meri, ta?”aloke Mbak Hani karo keplok-keplok.
 “Ayo ijolan pemain”alokku. Weeh, Mbak Hani sakbala ngguyu ngece.
“Aku ijol Mas sopir, wis” Ade nyuwara karo pindah panggonan. Kanthi ngguyu amba, mas sopir pindah karo ngethipi aku. Ciieee...
Akhire, keadaan dadi imbang neng game kapindho. Kabeh mlayoni banyu ngombe sing dicawisna ibuk neng teras ngarep.
“Buyar..buyar..wis awan, panass ...”aloke Ade karo mlayu mlebu ngomah sakwise ngombe. glek glek glek swarane.
Mbak Hani dalah kancane langsung nyimpang neng kiwane omah karo pamit arep nang jedhing dhisik. Hhuuh, ngomong ae nek wegah tandhang gawe, mbak mbak..batinku.
Aku kepothokan ngringkesi net lan liyane. biyasa wis, nek bar butuhe kabeh banjur ngilang. Apa maneh iki mau ada-adaku. Untunge, mas sopir tanpa ana sing ngongkon cukat trengginas ngrewangi nyopot net.
“Matur nuwun, nggih mas sopir” clulukku nalika nggulung net bareng. Simase mung nyawang karo mesem.
“Kakung kok gak isa main voli, se?”alokku maneh mecah sepi.
“Mosok ya kabeh uwong kudu isa main voli”jawabe entheng. “Oh”, mung kuwi jawabku.
“Mas, yen ngenteni sing nggadhah mobil neng teras kiwa wae gak pa-pa” alokku sakwise rampung ngringkesi ubarampe voli.
“Eh, nawarna jasa saiki?. Suwun, Mbak. Takenteni neng kene wae” jawabe karo tumuju dingklik dawa neng teras karo banjur ngetokna hape-ne. Mripatku kober nyawang saktleraman. Ehm, cool and wise bingitss...
“Mbak..ditimbali ibuk”cluluke Haura banter.
“Oke”jawabku karo mlayu mlebu ngomah.
Ringkesing crita, aku dikon nglatih voli putrine Pak Sumantri. Putrine kuwi saiki klas telu SD, amarga aku rak kuliyah jurusan olahraga.  Mung njaluk wektuku telung wulan wae, kok!.
Akhire ya ngene iki. Aku nduweni anak asuh, nglatih Utari, putrine Pak Sumantri saben sore. Malah aku banjur nglatih pirang-pirang bocah sakgang taknggo ngancani Utari.
Oleh seminggu,...
“Mbak Hanum, aku mengko disusul mas mbarepku, asmane Danang. Dina Sabtu ngene biyasane kondur ngomah” aloke Utari sakwise bar latihan.
Utari banjur mlayu mlebu. Biyasane dheweke njur nglenik nang ibuk neng pawon nyuwun apa tah apa.
Aku nylonjorna sikil nalika ana swara nyapa.
“Mbak Hanum, ngendi adhikku?”. Aku njenggelek kaget. Simas sopir wingenane dawa menthungul neng ngarepku karo ngobah-ngobahna tangane. Dadine, Mas Danang iki putrane Pak Sumantri uga?. Hahaha, aku jagongan gayeng sakwise kuwi, ngelingi olehe ora isa main voli barang.
“Mbak, aku tak melok latihan , ya nek pas mulih kaya ngene iki?” aloke Mas Danang nalika arep bali. Aku mung ngathungna jempol karo ngguyu amba. Mbuh ya, kok...ana sapletik pangrasa piye ngono. Endah nyenengake senajan ora isa dakgambarake!.
Ngendikane, kerjane neng Surabaya, mulang tah ngursus ngono, nanging saben Jumat sore mulih nang Jember kene.
Wulan kapindho, wulan katelu,..saben dina Sabtu lan Minggu aku tambah semangat yen nglatih Utari, amarga murid kinasihku uga melu teka. Senajan wis wiwit isa, ning Mas Danang ngrumangsani yen kurang latihan lan teorine. Jarene ngono, jarene...
...............................................................................................................
Sore iki aku sakkanca lagi jagongan gayeng neng lapangan, biyasa sapatemon arep latihan bareng sakwise preian dawa, apa maneh ana bab wigati kang lagi anget dirembug. Dosen penanggung jawab, uga pelatihe voli ganti, amarga mutasi dines. Padahal lomba antarkampus wis nyulek mata..., banjur sapa ya dosen sing nggenteni tanggung jawabe?. Jarene jare, sing nggenteni nglatih iki malah atlit voli nasional jaman kuliyahe.
Ana pawongan telu nyedhak. Sajake pihak Unit kegiatan Mahasiswa wis oleh ganti sing nglatih. Sing loro aku paham. Hla kok salah sijine kuwi?. Sapa hayo?. Mas Danang, muridku latihan voli!.
Watekku sing gampang panas ati mumbul. Klepat aku ninggal lapangan!!.

Cuthel
Ingkang ngintun:
E.S. Nurhayati
d.a. MTsN Kencong
        Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong - Jember  (681767)
No. Hp. 085-655085727 / 081-252249232









Tidak ada komentar:

Posting Komentar