Halaman

Translate

Sabtu, 16 Februari 2019

Kadhung Kepencut


Kadhung Kepencut
....
Kepencut rupane, aku ora dereng
Yen kepencut kulite, wong dek’e ireng...
Mbuh kena ngapa rina lan wengi ra bisa daklalekake,
Carane mesem amencutake, carane ngguyu mblingerake...
.....
            Mulai jaman cilikanku mula, lagu saka kaset lawas iki sing paling disenengi bapak ibuku. Lagu ‘kenangan’ mbokmenawa, nganti aku apal kabeh syaire...
Mbuh ora ngerti apa sebabe...
Mbuh ora ngerti apa tambane...
Aku dinane iki lagi sibuk berat,amarga masku kinasih, Mas Andaru, arep nikahan. Aku kebageyan ngedum undangan kanggo kanca-kancane.
“Mas, kok ora ngundang mas Kuncara?” clulukku.
“Ora lah. Wong dheweke saiki kerja karo kuliyah maneh”. “Ngapa, kangen tah?” Masku mbeda. Kangen? Atiku sakkal ndredheg!
“Ngundang rak ora mesthi nganggo undangan, wong aku mben dina ya isa jagongan karo Kuncara. Ning dheweke ora iso teka wektu dakkabari, repot tesis, jarene!”
Nalika jaman kuliah S-1ne Mas Andaru, ana salah sawijining kanca akrabe masku jenenge Mas Kuncara, sing dijak kos ing omahku. Wektu kuwi aku isih SMU. Mas Kuncara kuwi pinter banget, fakta membuktikan, kok! Kuliyahe oleh beasiswa terus, weleh-weleh weleh...
Dibanding masku dhewe, aku luwih seneng yen curhat nyang Mas Kuncara. Hla yen ngomong nang Mas Andaru, mesthi disampekna bapak ibu.  Nggak asyik ta yen ngono kuwi?
“Mas, aku lho disenengi kancaku sakkelas, ning aku ora seneng ki, piye?” Curhatku sawenehe dina.
“Yo ditolak wae, kok repot!” jawabe.
“Mengko dheweke muskil, banjur lara ati...,” bacutku.
“Yen ngono omonga wae kowe durung mikir tekan semono. Wenehana jawaban kekancan wae..., ya?” sambunge Mas Kuncara.
Utawa liya dina ...
 “Mas, aku lho kok ora pati seneng sinau koyok Masku. Nggo apa ta ngaya-aya sinau, barang?”
“Cita-citane Dinar ki apa, ta?”
“Aku rung duwe cita-cita, kok. Mbesuk rak dipilihna bapak ibu.”
“Hla yo kuwi sing nggarahi. Wong sekolah kuwi kudune nduwe cita-cita akhire sengkud sinau nggo nggayuh cita-citane....”
“Urip sik dhawa kok yo wis dipikir jero-jero, ta Mas..., mending diseneng-senengna dhisik?” panguberku.
“Wah lha kuwi, seneng dhisik, banjur susahe keri. Mosok arep melu bapak ibu sampek tuwek? Yen kanggoku, cita-cita kuwi koyok  lampu sumunar ing kadohan, aku kudu iso marani lan nyekel lampune.”
***
Saben ana tugas kuliyah aku sering dijak nang perpus kampus. Golek buku iki, buku iku kanggo referensi. Sasat aku sing biyasane males maca malih ketularan seneng maca. Malah aku kadang njaluk disilihna buku sisan. Tibake pinter iku nular, ya?.
Suwe-suwe, aku kok ngrasaake pangrasa seje marang Mas Kuncara. Witing tresna jalaran saka kulina mbokmenawa,...Ana rasa kangen yen pas ora ana. Ana rasa meri yen pas dha didayohi kanca-kancane putri. Apa maneh kancane masku karo kuwi ayu-ayu, ana Mbak Kinanthi, Mbak Fitri, Mbak Rena...
Kebat-kebite atiku paling krasa nalika masku sakkanca PPL ing SMU-ku, amarga ngajare joss gandhos, Mas Kuncara dadi idola. Aku ya sajak piyeee, ngono. Ngerti yen kose ing omahku, kanca-kanca malah dha titip surat nang aku. “Please, Dinar...sampekna, yo?”
Amarga aku yo ngefans, aku uga nulis surat kanggo Mas Kuncara, mesthi wae nggawe jeneng singlon. Piye yo tangkepe yen maca suratku?
Ndilalahe, nalika mbukaki surat mau pas ing ngarepku. Siji, loro, telung surat diwaca,  terus dilempit maneh. Tiba suratku, atiku ndhredheg ora karu-karuwan. Eh, malah ora diwaca. Mung disawang terus ditumpuk karo surat liyane.
“Dinar, salam kanggo kanca-kancamu, yo...matur suwun surat-surate.”
“Terus, Mas?”
“Yo ora terus-terus. Lucu, ah Din...mosok guru PPL arep dijak mlaku-mlaku, dolan bareng, piye sawangane pehak SMU. Beda, yen karo kowe,  kowe rak wis dakanggep adhikku dhewe!”
“Wadhuh, jawabane mung kaya ngono, padahal isine suratku?” batinku. Hiih, aku gedheg-gedheg dhewe!
“Mas Kuncara wis nduwe pacar, ta?” takonku. Ngelingi yen Mas Andaru jarene wis jadian karo Mbak Kinanthi.
“Durung,” Masku sing njawab. “Kuliyah wae rung beres kok pacar-pacaran, utegmu kuwi lho Din....”
 “Mbesok, Din...yen wis kasil, yen wis sukses aku lagi mikir ngono kuwi. Yen saiki ijik adoohhh!” Mas Kuncara nambahi.
“Saiki Mas Andaru, Mas Kuncara, uga Dinar sengkud sinau wae..., mengko yen wis kasil nggayuh cita-cita,...baru...!” Mas Andaru nguyek rambutku.
“Halah, buktine Mas Andaru wis ...ngono?” jawabku karo ngethipi Mas Kuncara. Mas Kuncara ngguyu. Ra ngguyu piye, wong yen Mbak Kinan mara aku cepet-cepet dijak ngalih karo Mas Kuncara. Ben ra ngganggu jarene.
“Mas Kuncara, piye?” Aku jik ndedes maneh karo mandheng praenane.
“Aku ra golek pacar, Din. Mbesuk yen wis kasil langsung married wae.” Mas Kuncara negesi. Finish! Aku wis ra isa takon maneh.
Mulai dina iku aku wis ora wani ngejak ngomong masalah sensitif kaya ngono kuwi. Aku dhewe akhire ya katut prinsipe masku kuwi. Sekolah, kuliyah,...saengga saiki. Pangrasaku daksimpen rapet ana njerone ati.
***
Acara nikahane Mas Andaru lumaku lancar. Mbak Kinan sing ayu, dipaesi tambah ayu, Masku sing biyasa dipaesi dadi nggantheng, hahaha...
Kanca-kancane masku meh kabeh sing dakkenal teka. Ana sing wis nggendhong anak barang. Wih, senenge...nanging atiku saknalika nratab, gek Mas Kuncara uga wis nduwe sisihan, wis nduwe putra? Aku gedheg-gedheg seru. Ora! Aja! Mbak Raras misanku sampek merlokna ngenggol tanganku karo alok,”Kowe kenek apa, Dinar?...gedhag-gedheg, koyok apa ae, tamune nyawang kabeh kuwi lho?” Aku kisinan banjur nutugna olehku nyalami tetamu sing liwat neng ngarepku.
Acara seremoni wis mari, saiki wayahe campursari bareng acara reunine masku. Aku wis kesel, dandananku nalika dadi sinoman wis dakuculi kabeh. Aku mlebu kamar, ambleg neng kasur, payah pol!
Lho, keprungu kok ana sing  request lagu idolane bapak ibu. Wiih, memori, nganti kaken ninen,...lambeku nyebek. Nanging kok khusus kanggo Dinar Sitaresmi?...
...Katur adhi Dinar Sitaresmi, dipun sumanggaaken kapurih tindhak dhateng mriki..., MC-ne celak-celuk.
Aku isih eling 100 persen, ya lagu kuwi sing daktulis ing surat nganggo jeneng singlon nalika nyurati Mas Kuncara mbiyen. Atiku sedih, aku kelingan.  
Bapak, ibu, Mas Andaru, Mbak Kinan ngertine yen aku seneng karo Mas Kuncara, nalika Mas Kuncara boyongan sakwise lulus, olehku nangisi pitung ndina pitung bengi, ora arep mangan barang. Getunku kok ora sempat ngomong, kuwi kang dakwadulna Mbak Kinanthi. Koyok ijik wingi wae olehku crita. Hmmm...
“Reuni barang, umpama Mas Kuncara teka ngono aku yo gelem melu ngombyongi. Wis dakngungsi ing kamar mburi, kamare Mas Kuncara mbiyen, ben ora diriwuki acarane masku,” batinku ngoceh dhewe. Amarga sakwise Mas Kuncara  lulus, kamar kuwi daknggo papan sinau. Ngiras-ngirus...
Lho, kok jendelane menga?...
“Dinar...?” swara lawas keprungu.
“Mas Kuncara?” Aku langsung njelih kaget. Guyune, eseme, ora ana sing malih. Ireng manise pancet cet, mung saiki ngangge kaca mata. Mripatku kaca-kaca. Tangane mbukaki dompet. Aku mung ngadeg, bingung arep ngapa.
“Kapan rawuh?” takonku basa basi. Mas Kuncara ora njawab, malah...
“Dinar, isih eling iki ta?” Mas Kuncara ngathungake amplop surat saka dompete.
Aku gedheg!
“Lho, piye, dakkira tekaku iki isa njawab isine surat hla kok kowe dhewe wis lali.”
Banjur Mas Kuncara maca karo rengeng-rengen... “Kepencut rupane... isih lali?”
Hlo, berarti kuwi suratku mbiyen. Disimpen ing dompete?
“Suratku amplope kuning, ora putih!”...semaurku atos.
“Rak bener ta, kowe salah sijine sing nyurati aku mbiyen?” bacute.
 “Hla yo pancen wis telung taun,...mesthi wae malih putih, Dinar..? Aku mbiyen langsung langsung ngerti yen surat iki saka Dinar, wong lagu kuwi meh saben dina disetel Bapak. Oh ya, jare Andaru kowe saiki wis nduwe pacar?” takone.
Aku meneng wae karo gedheg. “Aku uga arep nikah, Din. Pareng apa ora?” Mas Kuncara ngomong lirih. Atiku krasa lara krungu omongan kaya ngono mau. Saknalika aku njranthal mlebu omah, ora ngrewes disawang wong rewang sakmono akehe. Telung taun, dudu wektu sing cindhek nggo mungkasi slempitan tresnaku sakkala iki.
Aku nangis banter. Kamar dakkunci. Atiku ora mung krasa lara, nanging kaya dibandemi watu. Saomah geger. Bapak ibu bingung, Mbak Kinan lan Mas Andaru ninggal tamune nggo ngabarne kahananku. Ketitik saka swara-swara ing njaba. Suwe-suwe sepi.
Hape geter panggilan masuk, mung daklirik. Ana sms mlebu. Bola-bali. Daktogne wae!
Aku ngadeg ngadhep cendhela nyawang anggrek-angreke ibu ing njaba kamar. Aku ambegan dawa. Mamula ki sing salah ya sapa? Wong pancen Mas Kuncara sakumur-umur ya ora nate nelakake tresna kanggo aku. Aku akhire mesem dhewe. Wis gedhe kok ora isa mikir jero. Iyo yen dheweke malaikat, isa weruh isine atiku.
Kanthi pikiran ngono, aku metu saka kamar.
Ya Allah, pas ing ngarep lawang kamarku, Mas Kuncara lungguh. Saknalika dheweke ngadeg terus nyengkerem tanganku.
“Dinar, rungokna ta lah. Aku mau ngomong rak durung bar, ta?...Aku ngono kepingin...eh ora...aku arep nikah karo kowe...!!” Mas Kuncara ngomong karo meluk aku.
 “Aku wis seneng karo kowe mulai aku manggon ing kene mbiyen, ngerti ora?”, Mas Kuncara mbisiki kupingku.
Aku ora isa kumecap. Tangisku ambrol maneh. Tanganku sraweyan nggepuki gegere Mas Kuncara. Kembang-kembang tresna ing njero atiku sing mau wis nglimpruk tanpa daya, langsung mekar maneh.
“Dinar,...manthuka yen kowe gelem daklamar, kae lho bapak ibuku yo wis rawuh?” Mas Kuncara mbisiki maneh. Aku manthuk. Manthuk bola-bali!
Cuthel
Ingkang ngintun:
Eni Siti Nurhayati
d.a. MIN Rejoso Peterongan Jombang (61481)
Rekening Bank Jatim Cabang Jombang
a.n. Eni Siti Nurhayati no. 0112986189



karya taun 2014. ...Ah, karangan iki ngelingake aku nalikane ngajar ing Jombang. 







Tidak ada komentar:

Posting Komentar