Sewu Siji Tresnane Bim (1)
***
"Bim, mpun salat?" panyaruwe saben jam telu isuk tumeka. Saka nomer sing padha uga. Mas Panca. Hape murub saben ana pesen mlebu dijarna ae gak dibales, Bim pilih mulet kaya biyasane.
***
"Bim, mpun salat?" panyaruwe saben jam telu isuk tumeka. Saka nomer sing padha uga. Mas Panca. Hape murub saben ana pesen mlebu dijarna ae gak dibales, Bim pilih mulet kaya biyasane.
Thep. Layare mati sakwise telungpuluh dhetik.
Aarrrgghhh
Dheweke nggresah. "Aku lho
kawit merem jam siji bengi!"
***
Akhire, Bim milih mbacutna turu. Nyambung impen nglalekna sunahe urip sing kulina dilakoni. Pisan pindho gek gek dadi pakulinan?
***
Rapat ing sekret mapa pancen ngentekna wektu dawa. Kit bar Magrib engga jam sewelas. Bar ngunu dheweke gak langsung isa turu sakwise tutuk kosane, malah njingglengi sosmed lan ngluyur adoh ing kana. Hla, ya!
***
"Bim, acarane sida dimulai Jemuah bar bedug, ya? Balike Minggu sore?"

Jengkel rasane entuk pitakon ngono
iku ka Kisni.
Bim pilih mencep lan mlengos.
"Wong nek dhong rapat gak teka, isane ya ngene iki mek ngabar-ngabarna. Anggite aku iki surat kabar apa!"
"Wong nek dhong rapat gak teka, isane ya ngene iki mek ngabar-ngabarna. Anggite aku iki surat kabar apa!"
Kisni nanggepi kanthi nggablok gegere Bim.
"Paketanku raib, Bim. Salahe
se wifi-ne melok listrik mati!"
"Tur maneh jaman saiki gak
nduwe paketan, isane ngenteni wifi gratis. Akhire gak mbukak caturan neng grup.
Bablas!" jawabe Bim kenceng.
"Ya wis, nek gak gelem
ditakoni, gak takkabari pesenne Bagus!"
Bagus?
Bim sakkal malik encepan dadi
eseman. Muaniissss!
"Bagus pamit arep survei. Jok dienteni, nek blanja kon mbek arek liyane ae."
"Bagus pamit arep survei. Jok dienteni, nek blanja kon mbek arek liyane ae."
Hahaha... wong ketua Mapa
kok ya cik opene ngeterna blanja anak buahe. Gek-gek? Gayung bersambut!
Atine Bim mlumpat indah sakdhukur-dhukure!
***
Sapa Bagus? Duuhhh, iku lho Ketua divisi mapala sing disir Bim sakpole.
Atine Bim mlumpat indah sakdhukur-dhukure!
***
Sapa Bagus? Duuhhh, iku lho Ketua divisi mapala sing disir Bim sakpole.
Bagus, ka jurusan geologi sing
keren menewen kit maba mbiyen. Apa maneh kontrakane sakblok pisan. Thak thuk
gampang gathuk lan pethuk. Mathuk!
Hla saben-saben masangna taline
Bim kaya-kaya cancut naleni atine Bim uga. Sethithik mbaka sethitik ketambahan
eseme Bagus sing arang njedhule. Cieee...
***
Dina-dina iki Bim pancen repot banget. Sakliyane nglakoni kuliyah kaya biyasane, ndheweke ngethiwet persiyapan pelantikan anggota mapa yunior, adhik tingkat rong taun ngisore. Iku artine saiki Bim wis lungguh ing semester 6!

Bageyane pancen sing paling urgen
miturute, se. Panganan! Seksi konsumsi. Proposal nggo konsumsi wis diplayokna
nang bendahara wingenane lan di-acc tanpa diendhe-endhe. Iyuran ka peserta
ya wis nglumpuk separo. Bacut tugase Bim mblanjakna diewangi asisten
konsumsi loro.
***
"Bagus jarene keseleo, Bim. Wis ngerti, tah?" cluluke Kisni mbuyarna pangangene Bim nata menu kegiyatan.
***
"Bagus jarene keseleo, Bim. Wis ngerti, tah?" cluluke Kisni mbuyarna pangangene Bim nata menu kegiyatan.
"Kapan?"
"Jik tas. Sepedhahe selip
wektu mudhun ka basecamp sing disurvei."
Gegancangan Bim mlayu nggen
kontrakane Bagus. Kanca Mapa uga wis akeh sing ngendhangi.
***
Kabeh mlengak nalika Bim tumeka. Sapa ae ngerti nek Bim 'ada rasa'nang Bagus kit wingenane dawa.
***
Ing bale ngarep ana Bagus sing dikupeng yuniore. Cewek-cewek syantik adik tingkate.
Ana siji sing nangis banter sakpole.

"Cup ah, isin disawang
kanca-kanca. Hla kae. Bim, nyedheka mrene. Kenalna iki, Rika Palupi ka jurusan
Hukum. Dhe'e... "
Keplok rame ngetutna omongane Bagus. Rika?
Keplok rame ngetutna omongane Bagus. Rika?
"Geneya?" batine Bim
sinambi nyedhek lan nguthak-uthik sikile Bagus sing blebetan perban.
"Gak mek keseleo, ya
Gus?"
"Enggih, Mbak. Wonten tatune
ugi. Wong kula sing ngopeni teng klinik kampus," jawabe si Rika nyulihi
Bagus. Tangise wis kendho.
Kisni nyenggol pundhake
Bim.
"Mambengi buyar rapat, jare arek-arek Bagus nembak Rika. Mulakna....
"Mambengi buyar rapat, jare arek-arek Bagus nembak Rika. Mulakna....
Bim kaget kepati.
Tresnane nglungani.
Tanpa aba tanpa tandha!
***
"Bim, salat tahajud. Mpun tangi?" sms rrutin njedhul tanpa permisi.
Tresnane nglungani.
Tanpa aba tanpa tandha!
***
"Bim, salat tahajud. Mpun tangi?" sms rrutin njedhul tanpa permisi.
Bim jekekal tangi. Gak mek tangi
wong mek reb-reb ayam kit tengah wengi. Mikiiirrri Bagus sajake!
Owalah, Bim... Bim...
Nyenengi pawongan iku pancen riskan sanggane. Nek mujur ya entuk imbangan. Nek gak ya keplok sisih.
***
Kemata praenane Mas Panca sakbare salat patang rakaat.
Sms bacute agawe Bim nyengir kecut dhewe.
Nyenengi pawongan iku pancen riskan sanggane. Nek mujur ya entuk imbangan. Nek gak ya keplok sisih.
***
Kemata praenane Mas Panca sakbare salat patang rakaat.
Sms bacute agawe Bim nyengir kecut dhewe.
"Dhuwik kosan wis
taktransfer. Atiku uga!"
Sewu Siji Tresnane Bim (2)
***
"Ustaz, pripun acarane? Dimilai, nggih?"
***
"Ustaz, pripun acarane? Dimilai, nggih?"
Panca manthuk ngiyani. Ustazah
Hani tumuju podium.
Saka dhata ing presensi wis kewaca
nek tamu undhangan rawuh kabeh, kuranga siji loro wis ngebel nek telat. Panca
mangerteni amarga sinambung terus saka laporan petugase liwat hape.
Kadidene salah sijine pembina TPQ
Al Hikmah ing Perumahan Griya Tawangasri, Panca kebageyan nyambut ing acara
inti. Ning wong pancen dheweke uga pemrakarsane alias sing mandegani sembarang
kalire, gak aneh nek dheweke uga ngaweruhi tandhange bageyan liyane.
Ana pangrasa mongkog lan syukur
ing atine Panca, dina iki TPQ-ne misudha bocah cacahe 46 asal sakiwa tengene
perumahane.
Apa maneh ustaz ustazahe canthas lan giyat olehe tandang gawe. Pramudha generasi penerus saka pirang-pirang kampus sing ngupeng panggonane.
Apa maneh ustaz ustazahe canthas lan giyat olehe tandang gawe. Pramudha generasi penerus saka pirang-pirang kampus sing ngupeng panggonane.
Swarane ustazah Hani kang cilik
ning ulem mbukak acara agawe sakabehane sing rawuh wegah cemuwit, pilih musning
ngetutna mlakune acara.
Panca sajak mikir. Mbuh mikirna
apa. Hape ing tangan kiwane disawang suwe sakdurungi disaki maneh.
***
Mudhun ka kegiyatan, wektu nduduhna jam lima sore. Hape sing mati telung ndina rong mbengi gegara gak ana sinyal ing alas, langsung diuripi. Alah-alah, mbegegeg gak isa murub. Plasss, batreine ngedrop.
"Kis, powerbank-ku endi?"
Kisni mlorok.
"PB wis buyar dinggo ngeces lepi, ngunu, kok dikabarna!"
Hahaha...
Bim njegugut sakdurunge ngguyu amba akhire.
"Iya, ya...!"
***
Jam pitu bengi samubarang wis kelar. Bim tepar ing kamar sakwise nggarap laporan nggo LPJ sesuke. Prinsip lebih cepat lebih baik pancen kudu ditrapke. Keren!
Hape sing dicas kit njebus kosan disawang wis ketok angka satus persen. Diuripi. Lan...saka pirang-pirang pesen uga bel sing mlebu, kemata siji saka Mas Panca.

"Bim wisudhaan TPQ lumaku
lancar. Eman sampeyan ra isa ngendangi. Wis mudhun gunung?"
Bim mbatin, Mas Panca lho wis
ngerti kapan budhal mulihe. Engga dheweke mek njawab singkat.
"Sampun."
Wis gak kepetung olehe munggah
gunung, nek perkara pirang-pirang ndina "lost contak" iku mah biyasa!
Bim nggunggahna pundhake, njur
dheweke mbalesi sakehing pesen liyane.
Mripate Bim rada mendelik nalika
ana pesen ka nomer sing gung disimpen. Gambare Bagus kloron mbek sing nduwe
nomer iki.
"Mbak, niki nomer kula.
Save, nggih? Maturnuwun sampun njagi Mas Bagus. Wangsul kegiyatan hla kok malah
bregas saras. Niki criyos bab rencang-rencange sing sanget 'care'dhateng
piyambake! Njenengan raket sanget, nggih kalih Mas Bagus?"
Iki takon tah ngetes? Dhadhane
jidhoran!
"Mbak, menawi Mas Bagus
klirak-klirik lapuraken kula, nggih?
Hlo, ya. Jik tambah!
Wektu ing basecamp geladi wingi
Kisni crita nek pacangane Bagus iku adhik kelase SMU-ne. Jane dhong sekolah
mbiyen ya gak nyanthol tah nyenthel, mbuh tiba dhong saiki kok ketok... piye
ngunu, njur... waiting tresna dadine!
"Awakmu se, Bim, mek
gremang-gremeng gak ndayani, Baguse dhewe ya setel kalem. Bareng ditembak adik
tingkat, langsung wis!"
Tresna iku kaya ngapa se asline?
Kanggone Bim, ing umur rongpuluh taune dhek 27 April, dheweke sakjane jik
bingung mbedakna antarane nyenengi, ngidholakna, lan nresnani!
Kaya bingunge nek dikon mbedakna
kohesi adhesi, angin darat angin laut, tah cermin cekung lensa cekung.
Kemata padha kabeh!
Kemata padha kabeh!
"Mbuh, Kis. Atiku dhewe ya
ngene iki. Guampang kecanthol ki lho? Piye, ya?" Padahal ...
Padahal ing driji manis kiwane
wis munyer seser ali-ali polos limang gram!
Kisni ngguyu lakak-lakak. Kenal
Bim kit semester siji wis paham lagak lagune. Seprene wis sekonyong kodher mbek
janaka telu. Wiwit nyurvei, pedekate, engga rada dadi, ana sing dadi, njur
pethale!
Tur gayane iku lho jian sajak
tenanan. Njur nek kejedhog tresnane, broken heart-e gak isa ilang sedina tah
seminggu. Sakwulan paling dhiluk! Tenan iki!
Bar ngunu? Ya milang-miling
maneh!
MENTAS
Sewu Siji Tresnane Bim (3)
***
Panca manggon mburi dhewe nalika upacara. Dudu manggon mburi merga ngiyup, ora! Mburine barisane cah-cah. Biyasa, nek ketunggon gurune mesthi dha anteng solah lakune. Ujug-ujug ya mek bleg semaput ngunu, hehehe....

Panase
jan sumelet ra ilok. Padahal pirang-pirang kutha liya dinane iki lagi ngalami
banjir, lho? Panca mek gedheg-gedheg akhire sinambi ngusap kringet mawa sapu
tangan kanthi inisial PR. Gaweyane Rahina!
***
Sapa ae nalika menangi sekolah telung taun kepungkur mesthi kenal lan apal karo murid wedok sing prigel, cukat trengginas tandhange. Aktif ing OSIS, PMR, uga maneka kegiyatan liyane.
***
Sapa ae nalika menangi sekolah telung taun kepungkur mesthi kenal lan apal karo murid wedok sing prigel, cukat trengginas tandhange. Aktif ing OSIS, PMR, uga maneka kegiyatan liyane.
Sing
paling dieling sakabehane yaiku si Bim iki jan sekonyong kodher nalika Panca
ngawiti ngajar dheweke nalika kelas loro.
Ngefans gak ukuran! Pol-polan.
Ngefans gak ukuran! Pol-polan.
Panca
sing kemraket lan nduduhake watak wantu merbawani ning uga isa ngimbangi
murid-muride. Matematika sing angel malih dadi favorite Bim. Guru rasa kanca!
Ndilalahe
Panca manggon ing "nggene" Bim.
Klop, wis!
Klop, wis!
Kok
ngunu? Hla iya, Bim sing pancen dhasar pinter malih tambah seneng sinau. Apa
maneh Panca ya ngladeni para murid sinau nang nggone. Matematika angel? Gak
blas!
***
Kadidene bocah lola, gedhe ana panti asuhan, Panca rumangsa nemu keluwarga nalika manggon nggene Pak Mahmud, bapake Bim. Kosan sing dinggoni dudu sembarang kosan.
***
Kadidene bocah lola, gedhe ana panti asuhan, Panca rumangsa nemu keluwarga nalika manggon nggene Pak Mahmud, bapake Bim. Kosan sing dinggoni dudu sembarang kosan.
Ning omah
cilik tur cekli sing kewengku masjid perumahan. Panca ngulang sinambi ngawula
ngecakna ilmu agamane ing kunu. Melok mbina TPQ uga sakehing kegiyatan masjid.
Lan
ndeleng sepira senenge Bim nang Panca, kanthi niyat apik nyambung paseduluran
sing kaiket luwih tenanan, Bim manthuk tenanan nalika digathukna diko tunangan
nalika lulus SMU. Karo Pak Panca!
"Tenan
Bim gelem diwengku Pak Panca?" ibuke nggenahna sakdurunge acara tukar
cincin.
Bim manthuk ngiyani.
***
Gak ana sing mangerteni geneya Panca monthak-manthuk nalika Pak Mahmud lan sedulur-sedulure Bim miterangna karep sing sinandhi sakdurunge acara kaleksanan. Panca dipek calon mantu!
Panca wis blaka suta sapa dheweke adoh sakdurunge nang bakal maratuwane.

"Nak,
lair, pati, jodho, rezeki, iku wis tinakdir Gusti. Adhewe gak isa milih saka
rahime sapa ana ing bumi. Perkara ibumu sing gak mbokkenali engga saiki,
eklasna!"
***
Siji sing isih didelikna Panca. Dheweke kepedhotan tresna sakbare lulus kuliyah.
Rahina, sing siyap sabaya pati sakdawane mangsa ing pawiyatan luhur, ninggal glanggang colong playu ngetut karepe keluwargane nalika mangerteni kahanan asline Panca. Garis status mendhukure Panca!
***
"Bim, aku gak niyat ngalangi sesrawunganmu nalika kuliyah. Apa maneh adhewe uga nduweni prajanjen nek nikahan suk ngenteni lulusmu.

Adhewe
keiket "tali" iki uga gak ndadekna Bim mbatesi kegiyatan sakdurunge
janur mlengkung, lakonana sakehing hal sing mboksenengi.
Aku mek
wenang ngandhani uga manti-manti, ning duga kira manggon nggene Bim dhewe.
Mulakna..."
Ukara-ukarane
Panca terang trawaca. Dheweke menehi Bim kebebasan maneka werna engga suk titi
wanci Bim kewengku resmi dheweke.
***
Sakliyane iku Panca lan Bim niyat gak ngaweruhna sesambungan iku neng sok sapaa kanca kuliyahe uga kanca kerjane Panca. Keluwargane Bim ya yo ae, ndukung ae. Deal!
***
Mulakna Bim unjal kiprah tanpa wegah. Temalah nglakoni cinlok barang!

Sewu Siji
Tresnane Bim (3)
Pikirane Bim nglambrang adoh.
drijine diobah-obahna dhewe. Siji, loro, telu! Lambene menyunyak-menyunyuk
dhewean ing kamare.
“Wis. Prei mikirna ati. Fokus arep
KKN wulan ngarep sakbare riyaya.” pungkase akhire. Nanging, ..., sapa ae nek
awak kesel mosok ndang isa turu. Gak. Klisikan thok isane!
Tanpa sengaja nalika muletna awake hape-ne
ketindihan.
“Mas?”
“Assalamualaikum,” swarane Mas Panca
njawab. “Mas, ngapunten. Waalaikum salam,” Bim klisikan.
MBABAT ALAS
Sewu Siji Tresnane Bim (4)
***
"Dalem Prapanca Yudhistira, Pak. Dalem ningali pengumuman teng ngajeng. Dibetahaken tenaga ngajar TPQ, nggih Pak?"
Pak Mahmud nyawang kanthi setiti, sapa sinoman sing ngejak ngomong iki. Nek ndelok jenenge, keprungu asing, ya wong anyar sajake!
Wektu iki sakbare jamaah asar pancen Pak Mahmud lagi "jaga pos"e, ruwangane takmir maksude!

Jagongan ngalor ngidul sakbare agawe swasana agreng.
"Yoga
kula ingkang nangani TPQ pindhah ngetutaken sing kakung. Sedaya piyantun enem
mriki ewet ugi. Sibuk. Dene yoga ragil tasik SMU. Bim, dereng wantun ngecul
mulang, namung mbantu mrika-mriki. Kula kiyambak mboten ngatasi ngopeni lare
alit-alit." Pak Mahmud miterangna kahanane. Malah Pak Mahmud ngajab Panca
isa mbateg siji loro maneh sok sapaa sing isa mbaturi mulang.
Panca
manthuk-manthuk.
Lan
manthuke saya seru nalika ditawari manggon ing perumahan masjid sing kosong.
"Dadose
njenengan wiwit mbenjing ngajar teng SMU ngajeng perumahan niki? Oh, mboten
kewetan mbagi wekdal mangke?"
Mbuh wis
rundhingane piye, pokoke bengine lampu perumahan wis murub kenthar lan ana
sliwar-sliwere pawongan ing njerone kemata ka embong.
***
"Guru enggal? Sing manggen perumahan masjid? Ah, mila?" Bim surprise nalika dikabari bapake bar Isya sakmulihe ka turu nggene Kisni. Kisni ultah!
***
"Guru enggal? Sing manggen perumahan masjid? Ah, mila?" Bim surprise nalika dikabari bapake bar Isya sakmulihe ka turu nggene Kisni. Kisni ultah!
"Ndek
sekolahanku lho gung onok warta ngenani guru anyar!" Bim nggremeng sinambi
jumangkah ngleboni plataran masjid. Keprungu swara wong ngaji ing njero.
Tolah-toleh.
Engga...
"Mbak, madosi sinten?" swara panyapa ngendheg lingak-linguke.
"Anu, Lik Pras. Tiyang enggal niku sinten, nggih?"
"Mbak, madosi sinten?" swara panyapa ngendheg lingak-linguke.
"Anu, Lik Pras. Tiyang enggal niku sinten, nggih?"
Ohhhhh...,
kanthi semangat 2019 mili crita saka lambene Lik Pras. Bim ah oh ngetutna. Pak
guru nggenanku tenan!
Panca
mlaku metu sakwise mungkasi ngajine.
Nyawang
pawongan nggawe koko putih, kopyahan kaji, sakkala iku Bim mlumpat-mlumpat.
Atine!
"Wow.
Koyok ustaz neng tipi!"
Hehehe...
Hehehe...
"Enggih,
sampun. Kula wangsul."
Panca
kamitenggengen nyawang pokale Bim sing keplayu tanpa kenalan dhisik.
"Niku
ragile Pak Mahmud, Mas. Radi ngatos-atos. Tingkahe kathah senajan mboten nakal,
se. Jail!"
Panca
ngelingi praenan bundher sing lagek wae ninggalna ngarepane. Bunder serbkaya
mbulan ndadari. Beda adoh karo lancipe wajahe Rahina! Eits...
Bim? Bim
sapa dawane jenenge?
PARAS 🙄
Sewu Siji Tresnane Bim (5)
***
"Kula diken njujug masjid niki, Bapak, sakderengipun mbenjing dhateng SMU ingkang kula tuju. Njujug mriki saking pitedah ayah, kepala panti ingkang kula panggeni. Bapak Nurrahman. Ingkang Insyaallah rencang njenengan. Menika serat kintunanipun."

Owalah, ngunu kok ya nyamudana ndaftar mulang TPQ
barang? Kit teka blaka rak ya malah kepenak, hehehe... batine Pak Mahmud.
Pak
Mahmud gak prei-prei olehe maca layang saka kanca kenthele nalika kuliyah mau.
Pinisah garis nasib, wektu, uga jarak, ndadeake kekarone gak nate thuk gathuk.
Doh kana doh kene pancene!
Dene Pak Mahmud rak priyayi aseli kene, putra daerah!
Dene Pak Mahmud rak priyayi aseli kene, putra daerah!
"Gus,
aku titip anakku iki, ya. Openana kaya anakmu dhewe. Tenan iki. Dheweke salah
sijine anak asuh ing pantiku. Aku jane pengin crita dawa sapa sejatine arek
iki, ning suk ae ta lah nek adhewe isa sapejagong pethuk-pethukan. Utawa aku
njaluk nomere sampeyan."
Tanpa
didawa-dawa, Panca dipapakna neng omah sing pancen gung onok sing manggoni.
Kebeneran, ngiras-ngirus ngrewangi marbot masjid, ngunu penjaluke mau.
Saka
Panca, Pak Mahmud akhire isa sapejagong mbek kanca lawase sakwise njalul nomer
hapene.
Lan crita
saka 'bapak'e Panca iku gak adoh mbek pandugane. Kaya crita-crita ing sinetron
ngana kae.
"Intine,
bocah iku takpupu minangka anakku. Takadopsi. Bojoku rak bidhan, sakwise
ditulungi babaran, ibuke nglungani. Mbuh nang endi seprene ya gak kenek
ditlusur. Panca pancen lola ning nduweni wong tuwa, ya aku lan bojoku! Wong
sakwise Panca, aku ketamon 'anak'maneh gilir gumanti engga aku ngedegna panti.
Panca thok sing awet kelet nggenku engga dina wingi. Hehehe.
Rahasia
ae, ya? Mesakne dheweke iku. Pas lulus kuliyah rak blaka nang pacangane
asal-usule, hla kok si sapa iku lan keluwargane gak isa nampa. Karepe Panca ben
dha legawane, eh malah... ajur ndhisiki. Cuthel akhire!"
"Abaaahhhhh,
umiiiik, kula wangsul!" panjerite Bim saka ngarepan ngendheg sakehing
pangangene Pak Mahmud!
Radio
masyarakat wis teka. Alamat omah sing sepi dadi rame tanpa ngunekna tipi.
Geneya
radio masyarakat? Bim iku tengen lan elingan. Omong sakomonge sapa ae ing
sakdalan-dalan isa dibaleni. Sak gaya-gayane!
"Abah,
kula wau...,"
Hlaa rak tenan, kekel guyune Abah lan umike nalika Bim miwiti crita sakwise saliman tanpa ndeleh tas cangkluke.
Hlaa rak tenan, kekel guyune Abah lan umike nalika Bim miwiti crita sakwise saliman tanpa ndeleh tas cangkluke.
WAS-WAS
Sewu Siji Tresnane Bim (6)
***
Senajan macet rong jam-an, bis Mila sing ditumpaki Panca mlebu Solo setengah papat isuk. Lancar wae.
Hla wong liwat tol terus sakbare bubar ruwete macet. Tol anyar Leces Pribolinggo, tol Pasuruan, tol ngendi maneh, ya? Panca gak ngelingi. Dheweke kesirep kepangan wengi.

kok ujug-ujug nang Yogya? Panca dhewe sakjane ya gak sepira niyat asline.
Ninggal wektu mapag Ramadan kanthi agenda njaba njero uleng-ulengan kaya gak
isa nggolek celah 'mlampah-mlampah'.
Agendha
njaba, ya kegiyatan ing masjide. Njero, ya neng sekolahane. Hla Panca rak
kajibah dadi waka kesiswaan loro dinane iki.
Iki ngunu
gegara jagongane karo mbake Bim sing tilik abahe wingenane.
"Dhik,
ampun dados manah, nggih ... Bim niku lho kok mungel ngaten... "
Dawa larikan sakbare. Kit njegur kuliyah, Bim mangerteni nek Mas Panca nate nduwe sesambungan karo arek wedok liya.
Ngerti ka ngendi? Batine Panca nyemauri.
Dawa larikan sakbare. Kit njegur kuliyah, Bim mangerteni nek Mas Panca nate nduwe sesambungan karo arek wedok liya.
Ngerti ka ngendi? Batine Panca nyemauri.
"mulakna,
Dhik, sakcuwil-cuwila Bim gak ngrumangsani ketiban tresna sampeyan kejaba raket
rumaket kadidene mas nang adhik!"
"Bim
mikire kaya ngunu? Mulakna.... "
Iki crita
ka mbake Bim!
"Ana
mbak-mbak mara. Methuki Mas Panca ing acara perpisahanku, sedina sakwise aku
tunangan ika lho, Mbak. Mbake nangis. Aku weruh dhewe. Njur wonge dijak Mas
Panca mbuh nyang endi."
"Aku
gak kaget senajan piyambake ngemohi ning gak ngetarani. Aku ngerti mek Mas
Panca nggembol pangrasa sungkan nang abah sing kancane ayahe."
"Perkara
siji iki kudu takberesna!" pungkase Panca nengahi sumbere polah tingkahe
Bim sing saya suwe gak kenek ditoleransi, telung taun iki!
Panca
gegancangan budhal nang Yogya sakwise pasrah-pasrah sakehing jadwal kegiatan
sing tinanggenah wis direncanaake karo kanca-kancane. Ya neng masjid uga
sekolahan. Paling ora engga suk Selasa tanggal pitu Mei.
***
Wektu iku, 3 taun kepungkur.
~
Dheng wisudhaan golongane Bim, Panca ketekan wanodya uayuuu menik-menik. Rahina Ambarwati. Mantanne!
***
Wektu iku, 3 taun kepungkur.
~
Dheng wisudhaan golongane Bim, Panca ketekan wanodya uayuuu menik-menik. Rahina Ambarwati. Mantanne!
"Ca,
aku wis nglimbang adoh lan jeru, tumindakku sing nyenges panguripanku kanthi ninggal
glanggang colong playu takanggep prilaku sing gak ksatriya.
"Ca, diarani getun keduwung aku ngakoni, iya! Aku salah nek nyawang bebudhenmu kanthi kacamata bobot, bibit, bebet, lan sapanunggalane. Keluwargaku aweh panjurung sing agawe pikiranku gak isa mikir kanthi jernih. Seprene aku isih tresna nang sampeyan, Ca."

Tangise
Rahina kutah. Tinampanan bau kiwane Panca ing ruwang guru. Mek sedhela jane,
wong Rahina ya njur njenggelek ngelingi panggonane.
Ning
kedadeyan iku sing kemata Bim! Bim ngetutna jangkahe kekarone amarga penasaran,
ngrungokake sakabehane isi jagongan, lan... nyimpulna dhewe apa maknane! Rapet
dhipet olehe nyimpeni tanpa ngonfirmasi.
~
***
"Bim, saged mapag Mas Panca ing Janti? Iki meh tekan Prambanan."
Bim kaget kepati. Jam nduduhake angka 04.00 Wib. Meh Subuh!
~
***
"Bim, saged mapag Mas Panca ing Janti? Iki meh tekan Prambanan."
Bim kaget kepati. Jam nduduhake angka 04.00 Wib. Meh Subuh!
"Enggih,
Mas. Nengga Subuh pindah nggih, nyusule!" jawabe Bim sinambi srikutan
mbacutna olehe rukuhan.
"Enggih."
Klik. Sepi. Hapene mati dhewe.
Klik. Sepi. Hapene mati dhewe.
"Kadingaren?
Ana apa? Apa merga aku gak mbales sms-e nalika aku munggah gunung? Kok abah lan
umi ya gak ngabari? Aja-aja, Mas Panca niyat ngejak murungake...merga solah
tingkahku sing ndrawasi nggo sesambungane?"
Salat ki
gak oleh mikir liya. Musning lillahi ta'ala. Amin.
Aman,
wong Bim dhewe nggremeng ngunu ikusakdawane dalanan ka kosane engga papan
nyusule, kok. Gak pas sembahyang! Hehehe...
***
Tibake sakwise Bim njagang sepedha montore ing ngarepe Indomart Janti, Mas Panca gung ana. "Ketiwasan rada ngebut iki mau!"
***
Tibake sakwise Bim njagang sepedha montore ing ngarepe Indomart Janti, Mas Panca gung ana. "Ketiwasan rada ngebut iki mau!"
"Kangen
tah, Bim?" cluluke atine saksisih.
Bim gedheg-gedheg ngalangi kewetune swara sing sakbenere.
Bim gedheg-gedheg ngalangi kewetune swara sing sakbenere.
Lan
limang menit sakwise iku, Mila Banyuwangi Yogya mandheg greg ing ngarepe
keletan para tukang ojek. Mripate Bim nguber nggoleki Mas Panca. Kok suwe? Hla
pancen penumpange pol!
Akhire, batine surak. Ikuuuu, sing nggawe jaket biru dongker. Nyangkluk ransel. Hmmm, kekarone hadiyah ultah ka Bim wulan wingi.
Akhire, batine surak. Ikuuuu, sing nggawe jaket biru dongker. Nyangkluk ransel. Hmmm, kekarone hadiyah ultah ka Bim wulan wingi.
Panca
clilengan sedhela sakdurunge nyawang tanpa kedhep bakalane sing lagi nggered
sepedhah montore didhepna nang arahe mbalike.
Bim gak
gelem nyawang kaya nalika dheweke gung mudhun mau!
MBUKAK KARTU AS 🤗
Sewu Siji WernaTresnane Bim (7)
***
"Bim, kene takutere sepedhahe."
Panca nyepetna jangkahe engga isa nggondheli motore Bim sing rada nlereng mutere. Engga meh ambung-ambungan. Apane? Irunge sepedhahe Bim mbek simas ojek, eh sepedhahe, ding!

Bim
njagang lan malik awake. Praenane mbrabak kenek sulake lampu isuk sing jik
kenthar-kenthar sakbare Subuh ing kutha panggonanene Bim kuliyah!
Tanpa aba
tangane kemlawe nyalami. Panca mbatin, "Kok sajak nganeh-anehi glagate si
Bim iki. Mosok ya wis kasep olehku teka nggo nggenahna?"
***
***
Pancen
wektu wis lumaku dawa. Duwawa. Tanpa rinasa jlak-jlik kaya Ramadan sing
ujug-ujug tumeka nalikane janji ngowahi patrap sing kliru, laku sing gung bener
isih uga dilalekna.
Menungsa,
menungsa, menungsa pancene. Nalikane ana dalan nggo nyuwak dosa sarana pasa,
ning mbuh apa gawan napsu, ing sakdawane setaun bacute isih uga... nglakoni
salah kang padha. Temalah mundhak salah isa uga!
Apa kuwi
wis takdire? Ah, menungsa saben-saben nyalahna takdir nek dong kahanan paite
urip tumeka. Nek dhong penak? Sadakah, zakat, amal soleh, ae dilirwakna!
***
Bim ngelungna kontake. Panca nampani sinambi nyuwara.
"Bim, sajake gela takendangi. Penake piye nek ngene iki?"
***
Bim ngelungna kontake. Panca nampani sinambi nyuwara.
"Bim, sajake gela takendangi. Penake piye nek ngene iki?"
Bim
mencerengi. Olehe ngranggeh kresek ireng gedhe kandheg.
"Mas
Panca paling sing mboten pengin nyambangi. Kula lho..."
"Lho?"
Bim
nggeget lambe ngisore. Mripate kethap-kethip dikerepna. Nggarakna sapa ae sing
nyawang pengin ngewek-ewek pipine. Klebu Panca!
"Mangga,
Mas. Keselak rame margine."
Panca
enggal numpak, Bim uga mapakna awak ing goncengan. Wreeenngggg..., dalanan
lawas nalika Panca kuliyah nyepetna lakune sepedhah. Gung malih pancenne. Ya
mek toko gedhe uga bangunan anyar tambah akeh tur rame!
Bim
ngekos nggene kosane Panca mbiyen. Mulakna Panca ya langsung ketrima kanthi
bungah dening Bu Wulandari, buk kose.
Kisni
mlayoni.
"Mas
Panca sugeng rawuh. Bim,... hayooo palinga 'beliaunya' krungu kabarmu?"
Kisni
ngguyu banter nalika drijine Bim dithuthuk-thuthukna lambene sinambi ngeses.
Sstttt...
Panca
njengkerutna alise karo!
***
Bim gak kira mangerteni nek seprana-seprene Kisni iku dadi agen rahasiane Mas Panca. Setor lapuran kanthi ajeg ngenani si Bim ing kosane.
***
Bim gak kira mangerteni nek seprana-seprene Kisni iku dadi agen rahasiane Mas Panca. Setor lapuran kanthi ajeg ngenani si Bim ing kosane.
Malahan,
nalika atine Bim tugel wingenane Panca ya wis ngaweruhi! Siji sing gak diweruhi
Kisni nek dheweke iku bakalane Bim. Amarga olehe ngenalna nalika mlebu, Bim iku
adhik misanane!
***
"Nak Panca, menawi sepriki dereng nggadah pandhangan malih sakbibare kalih Mbak ayu Rahina, hla gendhuk Kisni rak ugi dereng nggadah "pandangan hidup."
***
"Nak Panca, menawi sepriki dereng nggadah pandhangan malih sakbibare kalih Mbak ayu Rahina, hla gendhuk Kisni rak ugi dereng nggadah "pandangan hidup."
Bu
Wulandari sajak terang-terangan mromosekna ragile.
"Rak
sekeca menawi mbenjingi saged langkung rumaket kaliyan Mbak Bim."
Bim gak
seneng ngrungokne jagongan sing menjurus ngunu iku mau. Dene Kisni wis memburi
Nutugna nyuci.
Mulakna...
"Mas, mangga teng kamar kula. Kula paringi semerep." Bim ngadeg njejeri sinambi mbateg tangane Panca.
"Mas, mangga teng kamar kula. Kula paringi semerep." Bim ngadeg njejeri sinambi mbateg tangane Panca.
"Nggih,
Bu. Gampil kula padosaken. Hla kula sampun nggadah niki."
Panca
njawab sinambi nyawang Bim.
Bu
Wulandari ngguyu cilik akhire.
"Alah, pintere nek ngeles, njenengan niki Mas, Mas. Enggih nyumanggaaken."
***
Kamare Bim ing tingkat loro. Kamar pertama. Kanthi rega pitu seket sakwulan, pancen kahanane super nyaman lan aman.
"Alah, pintere nek ngeles, njenengan niki Mas, Mas. Enggih nyumanggaaken."
***
Kamare Bim ing tingkat loro. Kamar pertama. Kanthi rega pitu seket sakwulan, pancen kahanane super nyaman lan aman.
"Mas,
ampun dilawehi ta ngendikan njurus-njurus kados niku wau."
"Piye?
Gak oleh?"
"Mboten."
"Hla
Bim ya sajake ngunu uga."
"Ngunu
uga yoknapa?"
"Ngithik-ithik
atiku. Mbeda pawongan liya nalika adoh ka mripatku."
"Lah,
terose pareng pados bandhingan? Kersane mboten nuntut menawi sampun
nikahan?"
"Kudune
aku rak ya oleh berarti. Mosok nyisih, kunu thok?"
"Njenengan
sampun nate kalih Mbak Rahina, ngaten!"
Dheerrrr!
Tujuwane mara wis dibukak dhewe nang Bim undherane.
***
"Umik ngirimi gedhang rajanangka saklirang. Criping saktoples. Krupuk lan sambele. Lan iki, tambahan sangu nggo mapag Ramadan sesuk."
Tujuwane mara wis dibukak dhewe nang Bim undherane.
***
"Umik ngirimi gedhang rajanangka saklirang. Criping saktoples. Krupuk lan sambele. Lan iki, tambahan sangu nggo mapag Ramadan sesuk."
Panca
nerangna gawane ka omah.
Bim mek nglirik. Ning amplope dibateg cepet njur dibukak.
"Alhamdulillah, kenging damel biyaya bukber."
Bim mek nglirik. Ning amplope dibateg cepet njur dibukak.
"Alhamdulillah, kenging damel biyaya bukber."
Panca
mesem tipis. Bim wis ketok ndewasani saiki. Lucu lan unyune wis ngilang. Ganti
apa? Ketok prawan tenanan. Pantes disandhing, tah? Wah, wah, wah!
"Bim,
aku sajak rada ngelu sakwise numpak bis sewengi. Takngaso dhisik neng kamar
tamu, engko rada awan aku pengin ngomong tenanan mbek adhikku sing puinter iki.
Piye?"
Adhik?
Tetep dianggep adhik, se?
Bim sakkal gela ndheweni!
Bim sakkal gela ndheweni!
NLESIHNA SING GUNG TUNTAS 🤔
Sewu Siji Dalan Tresnane Bim (8)
***
"Panca, piye kabare? Aku iki mau dibel Bu Wulandari nek dikau nyambangi adhike."
Kaget lan seneng cinampur dadi siji. Iku mau panyapa saka Kresna. Kanca sakkamare mbiyen.

"Aku nggak kerja kantoran kaya awakmu, Ca.
Ngetutna bojo neng kene njegur bisnis londre. Alhamdulillah, lumayan uga
asile."
Kresna
nerangna sakdurunge diuber pitakon salumrahe kanca nek arang kepethuk.
Pitakon
apa se umume sing kewetu nek pisahe sakwise lulusan sarjana?
Hehehe, iki lho dulur taktulisna neng kene.
Hehehe, iki lho dulur taktulisna neng kene.
Siji, wis
rabi tah durung? Entuk arek endi?
Loro, nek wis rabi, diuber pitakon, anakmu pira?
Telu, kawit nyandhak takon penggaweyanmu apa?
Papat, alamatmu neng endi?
Lima,... bla bla bla.
Biyasa lah. Pitakon klasik!
Gak ana sing ngabarna maneh perkara cendhek dhukure IPK, tah paskasarjana neng endi, hiks!

repot nek kandheg ing pitakon nomer siji. Panca klebu sering nampani.
Gak payu tah gak isa golek? Hla iki!
Gak payu tah gak isa golek? Hla iki!
"Saiki
dina Minggu, Ca. Ayo wis takjak nang omahku. Mumpung keluwargane bojoku
nglumpuk. Mesisan mapag awal Ramadan nang omah. Mulihmu jik emben, se? Preiane
rak ngantek selasa nek padha jadwale mbek daerah kene!"
Kresna
sing tansah prasaja gak ketok umuke senajan mara numpaki Pajerone.
Bisnise se mek londre, ning nek nduweni cabang akeh saindhenging pusate kampus jok takon pira asile. Udan dhuwik thok pokoke!
Bisnise se mek londre, ning nek nduweni cabang akeh saindhenging pusate kampus jok takon pira asile. Udan dhuwik thok pokoke!
Panca
ngetutna ae omongane Kresna. Gung nyemauri sakliyane manthuk.
Jian, omongane mas juragan "klambi" iki kemripik lan renyah kaya sele gedhang Pasar Beringharjo sing dithukna Kisni mangisuk, hehehe.
Jian, omongane mas juragan "klambi" iki kemripik lan renyah kaya sele gedhang Pasar Beringharjo sing dithukna Kisni mangisuk, hehehe.
"Wis,
aku takngomong, Kres. Aku ana urusan puenting Engg mrene iki. Engko sore aku
mulih. Sesuk akeh kegiyatan," jawabe Panca gamblang.
Hla nek
saiki katut Kresna rak ya gak sida nuntasna omongan nang Bim?
Ujug-ujug
Bim menthungul ing ngarepe ruwang tamu. Nggawa banyu gelasan lan jajan
saktoples. Weruh nek mase ana dayohe.
Bim mesem
ngguyu karo nyalami Kresna.
"Adhikmu
iki gelek nang omahe maratuwaku, Ca. Kancane ngekos ing kono. Sinten, Mbak? Oh
ya, si Bagus!"
Praenane
Panca mbleret sakkal. Nek Kresna ae mangerteni sepira rakete Bim mbek pawongan
sing disenengi~wingenane dawa~ iku artine?
"Kres,
nek wingi-wingi aku ngenalna Bim iki minangka adhikku, saiki kanthi resmi
tulung dibyawarakna neng kosane maratuwamu nek dheweke iki
"tunanganku", ya?"
Bim
kaget. Kisni sing ngadeg ing lawang mbek ibuke uga cingak! Bim nutup lambene
sakwise nyuwara kanthi reflek sakdurunge, "Mas Panca!"
Dadine?
PATAS 😍
Sewu Siji Dalan Tresnane Bim (9)
***
"Bim, sepurane aku nyulayani prajanjene adhewe. Aku wis gak betah nek dikon sluntat-sluntit mataun-taun. Dhelik-dhelikan. Akeh mudarate tibake. Kanggoku uga kanggomu." Panca ngetokna argumentasine sakwise swasana mbalik asal.

Panca ngejak Bim jagongan ing gazebo kos-kosan
sandhinge pancuran. Seger. Adhem. Ngredhem ati sing lagi gemulak tanpa kenek
diendhani.
Kresna
wis pamit mulih kit dipamiti Panca nek arep duhaan sakjam kepungkur.
Kisni lan
ibuke uga wis menjero nandangi apa tah apa sakwise nginterogasi Bim bener orane
warta ka Panca mau. Cara jemberan dinane iki disebut megengan.
Megengan
iku apa? Megengan asale saka tembung megeng sing artine nahan. Megengan nggo
nandhai pungkasane sasi Ruwah lan Ramadan. Sakjane, nek diarani megengan rak
latihan nahan apa tah apa, ning budhayane megengan iku maknane masak syukuran
diterna tangga kiwa tengen tah diambengi digawa nang masjid utawa musala.
Bim
ambegan landhung bolak-balik. Sakehing gembolan sing dadi dhasar dheweke nguji
tresnane Mas Panca, sepira jerune tresnane kanggo Mas Panca, kejawab mek nggawe
saktembung. Tunanganku!
Saiki
piye?
"Ngomonga.
Saiki aku siyap ngrungokna apa ae pitakon sing wis mboksimpen mataun-taun iki.
Tinimbang krungu ka wong liya sing agawe geseh saka asline."
Panca
mandeng Bim. Bim mek meneng sinambi nyawang drijine nuthuki meja kaya
pakulinane nek lagi mikir.
"Bim,
aku ngerti nek sampeyan butuh pangrasa nyaman sesandhingan karo aku. Pangrasa
sing tangeh lamun isa mbokentukna nek adhewe mek ngebeki dhadha kanthi rasa
cubriya, curiga.
Sesuk wis dina kawitan pasa, lho. Nek saiki adhewe gung isa nemokna titik temu "masalahe" aku pilih ngomong tenanan nek adhewe kudu mertimbangna maneh sesambungan sing wis adhewe lakoni telung taun iki."

ndhangakna janggute. Sorot mripate kaya beninge banyu ing kolam atine Panca.
Resik tanpa ana regede. Cieee.
"Mas,
ngaten..."
Dawa
ukarane Bim. Bim ngetokna kuwanene sakwise Mas Panca mangerteni nek dheweke
"dodolan" ati nggo unjal ing mangsa remajane. Senahan ta wis diomong
lsn disepakati sakdurunge.
Bim
ngakoni salahe. Uga ngakoni nek sing dilakoni mau srana nggo nurupi kuciwane
atine ngaweruhi nek Mas Panca, sing didholakna kit jaman SMU, atine kliya.
Atine Mas Panca nate diwenehake sawijining wanita.
Ning iku
mek disidhem, dipendhem jeru nang Bim engga dheweke gak isa mbedakna kahanan
dina kawuri tah saiki!
Panca
nggleges sakwise Bim kanthi ksatriya ngakoni lan ngomongna apa ae isine atine.
"Ya
ngene iki Bim sing takkenal mbiyen. Kendhel, jujur, lan tanpa tedheng aling-aling.
Kok gak mbiyen-mbiyen se, Bim ngetokna pikiranmu iki?"
Bim wis
mbalik ndhingkluk. Panca ngranggeh tangane sing ditumpangake ndukure meja.
Anyep njejet.
Tangan mau dipuk-puk alon sinambi ngomong lirih.
Tangan mau dipuk-puk alon sinambi ngomong lirih.
"Bim,
ayo sarapan ndhisik. Jik akeh ukara sing arep takomongna."
"
Mboten, Mas."
"Kok
mboten?"
BABLAS
Sewu Siji Dalan Tresnane Bim (10)
***
"Tresna iku dudu masalahe nduwe lan nduweni. Tresna kuwi mbahagiaake pawongan sing ditresnani. Ora kudu urip salulut patut yen ati ngemohi!"
***
"Bim, Mas Panca iki ketok apa saiki? Mbiyen ya ketok piye? Malih tah pancet? Takona atimu, nek pangrasa percaya iku isih kanggoku, adhewe isa mbacutna sesambungan iki. Nek ora, ya gak pa pa adhewe matur nang abah umi nek njaluk "ngaso" sawetara tah sakteruse." Mas Panca ngendikan teges sakdurunge jumangkah marani pangawene Mas Kresna sing mbalik methuki.

njegreg. Pitakon iku sing ginawa Bim engga mbalik nang kamare.
Bim nyadhari nek tumindake ngliyakna tresna iku wis natoni atine Mas Panca. Senajan mek guyon, senajan mek dinggo mlayokna ati sinigar.
Bim nyadhari nek tumindake ngliyakna tresna iku wis natoni atine Mas Panca. Senajan mek guyon, senajan mek dinggo mlayokna ati sinigar.
Ati
disigar-sigar dhewe, Bim, Bim!
Nalika
dibel Mas Panca sakbare iku, Bim pilih gak gelem dijak mangan bareng. Metu
bareng ya emoh. Malah Bim nyumanggakna nek Mas Panca niyat metu nang ndi tah
nang endi. Free nganti Bim marekna tugase.
Alasane
modhel apa, Bim Bim kanggone pawongan sing genah gak kepethuk suwe?
Sing
ditokna jarene ana makalah sing kudu dimarekna. Deadline Senin!
Asline, dheweke gung siyap dikoco-koco kanca-kancane. Kaweruhan nek wis nduwe bakalan telung taun suwene. Apa wis nyebar isu lan wartane?
Asline, dheweke gung siyap dikoco-koco kanca-kancane. Kaweruhan nek wis nduwe bakalan telung taun suwene. Apa wis nyebar isu lan wartane?
Halah ya
mesthi ae. Wong sakdhetik kewetu saka tutuke Mas Panca, Kisni nggawe status
nang sakehing grupe. Grup bebarengan pisan! Pamuji tah pangece sing ditampani?
Campur-campur!
Sakwise
iku Mas Panca disusul Mas Kresna dijak nang omahe, reunian mbek kanca-kanca
liyane, apik uga tarawih ing kono ae. Ngono pamite nan Bu Wulandari. Nyambung
nang kupinge Bim liwat Kisni.
Bim
bingung ngempakna atine.
Ngelingi
Mas Panca wis bukak-bukakan marang apa sing dikarepna dheweke.
***
"Rahina lan aku pacaran udakara saksuwene mangsa kuliyah. Rahina bocah asli kene. Dene aku ngawula nang penerbitane bapake. Kerja paruh waktu.
Ya ngono ikulah. Dheweke takkira jodhoku. Rahina dhewe akeh sing nyenengi, ning panggah milih aku. Kelet nang samubarang tugas kuliyahku engga bar-baran.

Engga
sakwise yudhisium, sakdurunge ayah lan ibu rawuh neng wisudhaku, aku nerangna
sapa sejatine aku. Anak adopsi tanpa ngaweruhi sing nandur winih uga sawah sing
dibanyoni.
Rahina
lan keluwargane njaluk wektu nggo mikirna.
Lan, jawabane tumeka nalika dher wisudha kurang sedina, bapak ibuke Rahina nyocogna pangomongku nang ayah ibu lan kanthi alus mblakakna nek Rahina kudu entuk janaka sing jelas asal-usule!
Rahina dhewe piye? Manut tanpa methuk engga dheweke nang sekolahan sing diweruhi Bim kae.

Wis. Bim
arep nguber crita piye maneh nggo mbenerna patrape?
***
Bim keplayu metu bengine, sakwise tarawih ing musala kosane. Bim mara nggene Mas Kresna. Mas Panca gak mbalik uga.
***
Bim keplayu metu bengine, sakwise tarawih ing musala kosane. Bim mara nggene Mas Kresna. Mas Panca gak mbalik uga.
"Aja
nggawe masalah anyar, Bim. Nek mbiyen kowe jik cilik jaman nyenengi tanpa
upama, wektu SMU. Saiki kowe wis diwasa. Jok ngalem lan purikan. Dimarekna
saiki uga ben gak kegawa kondur piyambake!"
Ana
benere uga omonge Kisni sing dijak rembugan sakwise jamaah zuhur. Ning dhasar
Bim, dheweke nyrantekna engga kepethuk maneh.
Mas Panca
ngilang. Hapene gak diaktifake. Dijapri ya gak njawab, mek centhang siji kit
awan mau!
***
"Panca, tah? Hlo, neng kene mek sedhela, ngantek ngasar. Malah njur pamit melok Mas Rayhan sakwise kangen-kangenan. Nggolek hawa jarene!"
***
"Panca, tah? Hlo, neng kene mek sedhela, ngantek ngasar. Malah njur pamit melok Mas Rayhan sakwise kangen-kangenan. Nggolek hawa jarene!"
Wadhuh?
Mas Rayhan iku sapa maneh? Bim gak apal kanca-kancane Mas Panca.
"Apa
sing wis mbokngerteni 'about' Mas Panca, Bim? Gak ana!"
***
Omah cet kuning kanthi kembang maneka werna mapag tekane Bim. Wirobrajan. Sakwise mbayar gojek, Bim mencet bel. Omah iki, omahe pawongan sing kasebut Mas Rayhan mau!
***
Omah cet kuning kanthi kembang maneka werna mapag tekane Bim. Wirobrajan. Sakwise mbayar gojek, Bim mencet bel. Omah iki, omahe pawongan sing kasebut Mas Rayhan mau!
Sepi. Ana
swara wanita ngaji ing kamar ngarep. Alooon nlusup ati. Bim dhewe kloyongan
nggoleki atine!
***
"Mas Rayhan nembe teng apotek nebus obat kula, Mbak. Wanodya ayu sing metu nggawe kursu rodha nyuwara sareh. Sing ngaji iku mau!
"njenengan sinten, nggih? Karyawan enggal napa?"
Bim gedheg.
"Kula madosi Mas Panca, Mbak."
"Panca? Dheweke uga kancaku. Iki mau katut bojoku mesisan mbalik nang kosane lawas. Tepangake kula Rahina!"

Rahina?
Pacangane mbiyen?
Bim
kelangan lacak. Ning nemokna undherane bolah ruwet sing dimeskilake!
***
"Bim, kowe neng endi? Iki lho Mas Panca tata-tata arep kondur, jarene. Aku ngomong nek.... "
Omongane Kisni dinggeng. Bim mencolot nyeluk gojek maneh.
***
Sepi. Sepi kapindho ing bengi iki.
Kloyongan kaya wong kemedan. Bim nguber atine kaya jaman sekolahe. Sing Dikarepna kudu diduweni, ning uga kudu kaya sing dikarepna. Hla?

Panca, ..." Bim mbengok sora nalika nuthuk lawang ruwang tamu kosane sing
manggon ngarep dhewe. Lawang gak dikunci. Dhong diinguk njerone gak ana apa-apane.
Iku artine?
Kothong!
***
Bim ngepasna pikir. Salah, salah, salah. Menungsa gudhange salah. Saiki wektune manembah. Bim gumregah mbalekna sakabehane nang sing "ngatur ndonya".
***
Bim ngepasna pikir. Salah, salah, salah. Menungsa gudhange salah. Saiki wektune manembah. Bim gumregah mbalekna sakabehane nang sing "ngatur ndonya".
MENTAS ✌💝✌
Sewu Siji Dalan Tresnane Bim (11)
***
"Lare-lare kok mboten wonten sing ngebel, nggih, Bah? Sepen!"
Ibuke Bim nyapa Pak Mahmud sing lagi nutugna nyendhoki kolak gedhang raja nangka sakbare tarawih kapindho.
"Bel-en kono po'o, gak usah ngenteni dibel."
"Mendahneya
mbenjing menawi Bim sampun lulus lajeng nikah, mentas sedaya, mboten wonten
sing mbetahaken kula."
Ibu ngendika sinambi njegugut. Persis gayane Bim nek dhong nglangut!
Ibu ngendika sinambi njegugut. Persis gayane Bim nek dhong nglangut!
"Ra
sah mikir sing gak ngenaki. Sesuk isuk mantumu rak teka, se..., anak adoh kabeh
ditinggal Panca rasane komplang."
Alah-alah,
hla kok Pak Mahmud ngimbuhi.
"Panca
kok nggih ndadak anggenipun nyambang Bim. Sajak wonten betah sing mboten saged
ditundha."
"Biasalah
arek enom. Kangen palinga!"
Abah lan
umike Bim ngguyu bareng akhire!
***
Bengi sakdurunge.
***
Bengi sakdurunge.
Bim gak
percaya blas nalika mbalik nang kamare, Mas Panca lagi nderes ing musala
kosane.
Bim sakkal mbalik lakune getihe. Dheweke sakkal ndeprok ing njaba.
Alhamdulillah, disebut bolak-balik.
Bim sakkal mbalik lakune getihe. Dheweke sakkal ndeprok ing njaba.
Alhamdulillah, disebut bolak-balik.
Shadakallahulazim.
"Bim,
wudu, kene ndarus. Taksemak!"
Sajake
Mas Panca ngematna glibete ing njaba.
Bim manut. Musning nggolek pahalane Ramadan
Urusan ndonya disingkrihna ndhisik!
***
"Nggoleki aku, ya?" Panca nakoni dhisik sakwise metu ka musala. Saiki genti jagongan ing terese kamar tamu.
Sakdurunge njawab Bim nglirik tas ransele Mas Panca sing dipangkringna ndhukur kursi. Apa arep kondur saiki?

mulih sesuk, kok. Kangenku gung ilang. Bimku ra kenek disanak sedina iki. Bim
mboten kangen, tah?"
Alah-alah,
mbuh merga bar kepancal lungane Panca tah pancen tresnane sing sakawit mingslup
sakkala kudhup lan miwiti mekar maneh, Bim nangis!
"Hlo,
kok mewek. Aku rak ya biyasane saben nyambang gak nate jenek nunggoni, se Bim.
Mumpung neng kene aku ya mider mrana-mrene. Biyasa, fans lawasku rak ya
akeh!"
Tangise
Bim saya banter!
"Milai
sakniki kula nderek nek medal-medal. Kula kuwatos... "
Panca
mesem amba. Ngadeg saka kursine, lan Bim diranggeh ka lungguhe.
"Aku
neng kene. Senajan sesuk mulih atiku tetep neng kene."
Bim
dipeluk rapet sakbanjure.
Nyesss,
luwar sakabehane.
***
Pendhak awane, Bim ngeterna Mas Panca nang Nggiwangan. Sakdurunge kekarone mlaku mlebu Pasar Beringharjo tuku bakpia lan sale ing toko langganane Panca.
***
Pendhak awane, Bim ngeterna Mas Panca nang Nggiwangan. Sakdurunge kekarone mlaku mlebu Pasar Beringharjo tuku bakpia lan sale ing toko langganane Panca.
Ana
telung crita sing siyap katulis ing diarine kanggo pepeling sakbanjure. Ning
kanggone Bim, saiki pikirane dinolna dhisik. Panca ngunu uga!
MENTAS 💓
Sewu Siji Tresnane Bim (3)
***
Panca manggon mburi dhewe nalika upacara. Dudu manggon mburi merga ngiyup, ora! Mburine barisane cah-cah. Biyasa, nek ketunggon gurune mesthi dha anteng solah lakune. Ujug-ujug ya mek bleg semaput ngunu, hehehe....
Sewu Siji Tresnane Bim (3)
***
Panca manggon mburi dhewe nalika upacara. Dudu manggon mburi merga ngiyup, ora! Mburine barisane cah-cah. Biyasa, nek ketunggon gurune mesthi dha anteng solah lakune. Ujug-ujug ya mek bleg semaput ngunu, hehehe....
Panase jan sumelet ra ilok. Padahal pirang-pirang kutha liya dinane iki lagi ngalami banjir, lho? Panca mek gedheg-gedheg akhire sinambi ngusap kringet mawa sapu tangan kanthi inisial PR. Gaweyane Rahina!
***
Sapa ae nalika menangi sekolah telung taun kepungkur mesthi kenal lan apal karo murid wedok sing prigel, cukat trengginas tandhange. Aktif ing OSIS, PMR, uga maneka kegiyatan liyane.
***
Sapa ae nalika menangi sekolah telung taun kepungkur mesthi kenal lan apal karo murid wedok sing prigel, cukat trengginas tandhange. Aktif ing OSIS, PMR, uga maneka kegiyatan liyane.
Sing paling dieling sakabehane yaiku si Bim iki jan sekonyong kodher nalika Panca ngawiti ngajar dheweke nalika kelas loro.
Ngefans gak ukuran! Pol-polan.
Ngefans gak ukuran! Pol-polan.
Panca sing kemraket lan nduduhake watak wantu merbawani ning uga isa ngimbangi murid-muride. Matematika sing angel malih dadi favorite Bim. Guru rasa kanca!
Ndilalahe Panca manggon ing "nggene" Bim.
Klop, wis!
Klop, wis!
Kok ngunu? Hla iya, Bim sing pancen dhasar pinter malih tambah seneng sinau. Apa maneh Panca ya ngladeni para murid sinau nang nggone. Matematika angel? Gak blas!
***
Kadidene bocah lola, gedhe ana panti asuhan, Panca rumangsa nemu keluwarga nalika manggon nggene Pak Mahmud, bapake Bim. Kosan sing dinggoni dudu sembarang kosan.
***
Kadidene bocah lola, gedhe ana panti asuhan, Panca rumangsa nemu keluwarga nalika manggon nggene Pak Mahmud, bapake Bim. Kosan sing dinggoni dudu sembarang kosan.
Ning omah cilik tur cekli sing kewengku masjid perumahan. Panca ngulang sinambi ngawula ngecakna ilmu agamane ing kunu. Melok mbina TPQ uga sakehing kegiyatan masjid.
Lan ndeleng sepira senenge Bim nang Panca, kanthi niyat apik nyambung paseduluran sing kaiket luwih tenanan, Bim manthuk tenanan nalika digathukna diko tunangan nalika lulus SMU. Karo Pak Panca!
"Tenan Bim gelem diwengku Pak Panca?" ibuke nggenahna sakdurunge acara tukar cincin.
Bim manthuk ngiyani.
***
Gak ana sing mangerteni geneya Panca monthak-manthuk nalika Pak Mahmud lan sedulur-sedulure Bim miterangna karep sing sinandhi sakdurunge acara kaleksanan. Panca dipek calon mantu!
Panca wis blaka suta sapa dheweke adoh sakdurunge nang bakal maratuwane.
Bim manthuk ngiyani.
***
Gak ana sing mangerteni geneya Panca monthak-manthuk nalika Pak Mahmud lan sedulur-sedulure Bim miterangna karep sing sinandhi sakdurunge acara kaleksanan. Panca dipek calon mantu!
Panca wis blaka suta sapa dheweke adoh sakdurunge nang bakal maratuwane.
"Nak, lair, pati, jodho, rezeki, iku wis tinakdir Gusti. Adhewe gak isa milih saka rahime sapa ana ing bumi. Perkara ibumu sing gak mbokkenali engga saiki, eklasna!"
***
Siji sing isih didelikna Panca. Dheweke kepedhotan tresna sakbare lulus kuliyah.
Rahina, sing siyap sabaya pati sakdawane mangsa ing pawiyatan luhur, ninggal glanggang colong playu ngetut karepe keluwargane nalika mangerteni kahanan asline Panca. Garis status mendhukure Panca!
***
"Bim, aku gak niyat ngalangi sesrawunganmu nalika kuliyah. Apa maneh adhewe uga nduweni prajanjen nek nikahan suk ngenteni lulusmu.
***
Siji sing isih didelikna Panca. Dheweke kepedhotan tresna sakbare lulus kuliyah.
Rahina, sing siyap sabaya pati sakdawane mangsa ing pawiyatan luhur, ninggal glanggang colong playu ngetut karepe keluwargane nalika mangerteni kahanan asline Panca. Garis status mendhukure Panca!
***
"Bim, aku gak niyat ngalangi sesrawunganmu nalika kuliyah. Apa maneh adhewe uga nduweni prajanjen nek nikahan suk ngenteni lulusmu.
Adhewe keiket "tali" iki uga gak ndadekna Bim mbatesi kegiyatan sakdurunge janur mlengkung, lakonana sakehing hal sing mboksenengi.
Aku mek wenang ngandhani uga manti-manti, ning duga kira manggon nggene Bim dhewe. Mulakna..."
Ukara-ukarane Panca terang trawaca. Dheweke menehi Bim kebebasan maneka werna engga suk titi wanci Bim kewengku resmi dheweke.
***
Sakliyane iku Panca lan Bim niyat gak ngaweruhna sesambungan iku neng sok sapaa kanca kuliyahe uga kanca kerjane Panca. Keluwargane Bim ya yo ae, ndukung ae. Deal!
***
Mulakna Bim unjal kiprah tanpa wegah. Temalah nglakoni cinlok barang!
***
Sakliyane iku Panca lan Bim niyat gak ngaweruhna sesambungan iku neng sok sapaa kanca kuliyahe uga kanca kerjane Panca. Keluwargane Bim ya yo ae, ndukung ae. Deal!
***
Mulakna Bim unjal kiprah tanpa wegah. Temalah nglakoni cinlok barang!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar