Yudhis Gendhis-Ae
Reuni 2018
“Tibake adhewe sakkancaan ya akeh
sing tiba jodho, ya?” cluluke Rihan sinambi kethap-kethip lucu nang aku.
Hahaha...
Rihanna teka bareng Dhimas sinambi
nggendhong putrane sing jik umur setengah taun. Kanca-kanca liyane uga dha teka
nggawa gandhengan dhewe-dhewe. Wis payu kabeh sajake.
Ya ya ya. Dina reuni pancen dina sing
paling endah nggo ngelingi mangsa sekolah mbiyen. Apa maneh nek reunine wektu
nekani nikahane kanca!
“Terus piye mula bukane kok Yudhis seneng
awakmu, Gendhis? Kuliyahmu rak adoh-adohan tur sakdurunge ya gak tau onok swara
tir padha irenge? Kit bareng karnaval macak polisi mbiyen, tah? Hahaha...guyu
gumberah ka lambene kanca-kanca ngebeki kamar temantenku!
Limang taun kepungkur
“Wulan Agustus ngene iki nek isa bar tanggal
siji, langsung pitulas, langsung tutupan. Wegah aku nek kepethuk tanggal 29
Agustus,” omonge Yudhis kemrecek neng sandhinge kupingku. Alamat onok apa-apa
nek Yudhis wis ngomong koyok ngono!
“Apo’o? Arep ngrubah urutane tanggal
tah?” takonku macak mblilu.
“Ndhis, ngerti se nek aku kepilih
macak mBali nggo karnaval sukmben.” Omonge mbek nggedhrug-nggedhrugna sikile
koyok arep nge-band. Neng ngarepku. Ngarepe mejaku!
Aku manthuk. Ya ngertilah! Sapa sing
gak melok kejet-kejet nalika dheweke kepilih dadi pasukan Bhinneka Tunggal Ika
macak mBali disandhingna karo Rihanna. Ngerti Rihanna arek IPA 2? Nek ayune se
imbang mbek aku. (Kan ayu iku relatif, ya se?) Pintere ya padha ae-lah.
Bedane, Rihan pinter nyanyi. Biduanita nomer siji neng SMU-ku. Swarane uenak
nek dhong maju ketampil ngono ika. Hla dheweke iku penyanyi neng grup band-e sekolahan
sing digawangi Yudhistira! Aku? Ya mek bageyan keplok-keplok neng mburine
panggung karo nyepakna kostume Yudhis! amarga aku klebu tim desainer kostum-e.
Ngonsep engga nyetelna klambi, iku bageyanku. Ngotong-otong sragame sakehe
kegiyatan ekskul nek lomba ya aku. Kasenenganku pancene, kok!
Beda sing nyolok mripat sakliyane aku
gak isa nyanyi, pakulitanku beda banget karo Rihan. Rihan kuning nemu giring
Aku? Sawo mateng sing rada kematengen! Gendhis jawi, hihihi...
Sapa ae sing kenal Yudhis mesthi
paham nek dheweke nguber Rihan pol-polan. Gak mek kanca saksekolahan, guru BK
uga ngerteni, kok! Piye guru BK gak ngerti, wong Yudhis nate konangan meksa
nggonceng Rihan, ning Rihan malah mlayu nang ruwang BK!
“Terus onok apa?” takonku karo
nutugna nulis jadwal geladi resik karnaval sesuk. OSIS pancen dadi garda ngarep
sing kudu nyuksesna acara lomba-lomba agustusan, klebu karnaval.
“Rungokna ta lah nek onok wong ngomong!”
Yudhis nyuwara banter sinambi mbateg pulpenku. “Yudhis!” bengokku. “Wegah aku
ndelok polahmu. Gak onok urusane karo aku mbekna!”
“Nek perlu kaca mata kandhelmu iku
bukaken, ben isa nyawang raiku sing wis kentekan banyu mata iki!”
Adhuh adhuh adhuh...nek Yudhis wis
alok ngono iku artine..
“Oke, siyap ngrungokna!” jawabku
akhire sinambi nutup cathetan.
“Isuk iki aku dikabari Bu Dewi nek
pasangan mBaliku ganti Soraya arek IPS 3. Amarga Rihanna milih macak Jawa
Tengah karo Dhimas. Klambine wis disiyapna ibuke Dhimas jarene.”
Bolpen neng tanganku
takunyer-unyerna. Aku wis ngerti apa sing diomong Yudhis. wong mambengi aku wis
jagongan karo Rihan! Sapa ae ngerti nek ibuke Dhimas pancen nduwe sewan klambi
manten!
----------
“Han, mosok mek mbarengi Yudhis neng
karnaval ae gak gelem? Please, deh. Mesakna!”
“Kok gak mbek awakmu ae? Soulmate-e
ngono?” jawabe Rihan karo sledhat-sledhot koyok biyasane.
“Yudhis emoh nek karo aku. Mosok
bareng klentheng, ngono jarene. Aku tak sing moto ae,” jawabku semu isin. Pancen
Yudhis senengane nyeluk aku Klentheng neng ngarepe arek-arek!
“Apa mek merga Yudhis milih aku, aku
kudu manut? Kanca kulite kuning ya jik akeh, kok...ngomonga ngono. Aku ya emoh
mbek Yudhis. Arek sok pilih-pilih. Aku takmacak liyane ae. Wegah diatur-atur!”
“Sing ngatur ya sapa, Han? Wong wis
ditentokna Bu Dewi ngono. Maksudku...,” alokku nutugna.
“Koyok gak ngerti ae. Senajan sing
nentokna Bu Dewi susunane wis ditata mbek arek OSIS. Sapa sing onok walike?
Yudhis!”
“Huss, suudzon ae senengane!”
jawabku karo ngguyu.
“Aku gak suudzon, kowe rak
tangane Yudhis! Mbak sekretaris OSIS sing manis!” Rihan melet duwawa neng hape-ne.
Ning aku ngrai kebo ae nek wis
konangan ngene.
“Han, adhewe rak ngerti se, nek
Yudhis seneng awakmu? Senengna atine pisaaann ae, ya?” bujukku maneh.
“Wegiaahhh. Aku ya siyap gak dadi
penyanyine band-e sekolahan nek Yudhis terus ae nguber modhel preman pasar!”
Pancen sakrepotan nggolek pasangan
nggo karnaval. Mbayangna Bu guru bageyan Bhinneka masang-masangna muride jane
ya mesakna. Nek tiba cocog, gampang. Nek dha gak cocog lan gak gelem, gak
dadi-dadi akhire. Paling akeh ya njaluk dipasangna karo...cong-congane, klebu
Rihan milih mbek Dhimas!
Tiba aku sing ngrumangsani pancen
luwih akeh sing isa dipilih ka murid ewonan tinimbang aku sing biyasa-biyasa
ae, aku ya monat-manut ae trima macak mbok tani tah macak olahragawan saben
karnaval. Nggo sukmben aku macak Polwan, klambine wis disilihna Yudhis saka
sedulure sing dadi polisi.
Jujur ae aku dhewe gung tau ngrasakna
kepilih dadi putri-putrian kejaba macak pager ayu neng kawinane keluwargaku,
hehehe
---------------------------------------------
“Saumpama ibu karo bapak kulite
kuning palinga aku isa mbarengi Yudhis pas karnaval, ya Mbak?” sambatanku nang
Mbak Naning.
“Halah. Sakumurmu iki sing disawang
jik werna kulit, dedeg piyadeg, penganggo. Iku kabeh nomer loro, telu, lan
sakteruse. Uteg uga ketrampilan diutamakna, iku sangune urip! Deloken Mbak
saiki, apa gela merga mek nduwe rupa pas-pasan kulitku ya ireng menges gak onok
manise blas? Gak madolna jaman sekolah? Gak! Sawangen Mas Bayu. Ngganthenge
ngalah-ngalahi pemain bola saka Perancis! Ndelok apa wektu milih Mbak Ning dadi
bojone?”
Ah, khotbahe mesti tekan kene!
Mbakyuku sing pede-ne ngepol kit cilik. Pioner kanggoku!
Ngapal aku omonge Mbak Ning. Piye
mula bukane Mas Bayu sekonyong kodher nang Mbak Ning sing ahli ilmu kimia.
Penelitiane isa ngarumna jenenge Indonesia wektu kuliah. Mas Bayu iku sapa?
Wartawan sing mbaturi, ngliput, lan mawancarai nalika menang ing luwar negeri.
Wartawan sing akhire kepilut nang mbakyuku sing meneng, anteng, ning piawai ing
laboratorium!
“Aku gak nyawang Yudhis. ning aku
ngerti nek awakmu seneng dheweke!” wakakakaka...
“Ojok melik disenengi wong liya nek
kowe dhewe nggak nduwe kamanjilan apa-apa. Jok nggedhekna pangrasa iri. Apa
kaluwihanmu, unggulna. Gak usah minder marang perkara sing mbokanggep
kekuranganmu!”
Piye akhire wektu karnaval tenan?
Hahaha...deloken lah neng omahku
potone sing takgedhekna sakkamar. Yudhis akhire pilih macak dadi polisi mbaturi
aku!
Dina iki
Apa sing diomong mbak Naning nalika
jaman sekolah gak onok sing salah. Urip iku pancen kudu nduwe prioritas.
Nalikane prioritas sing kawitan kecekel tangan, prioritas liyane nyedhek dhewe.
Semono uga tresna kanggoku!
Nyenengi dhewean kit jaman sekolah
tanpa dimangerteni pawongane pancen njelehi. Ning kuwi takdadekna penyemangat
nalika aku adoh saka dheweke.
Iya. Jujur aku nyenengi Yudhis kit
wiwit kenal. Aku gak isa mapakna awak minangka pawongan sing disenengi, ning
aku ndadekna awakku minangka pawuhan sing siyap nampani sakehing crita ngenes
saka lambene kit jaman sekolah. Senajan pisah mangsa kuliyah, aku isih uga
mapakna awakku kadidene kanca sing gelem disambati sakwayah-wayah.
Kapan aku kepethuk Yudhis maneh?
Ssttt, takcuplikna critane Yudhis nang
kanca-kanca lanang jaman SMU saka pangupinge adhiku sing mbaturi lungguh ing
ngarep!
“Nalika ibu ngutus aku ngejak kanca
nekani wisudhaan ing akademiku, aku langsung ngejak Gendhis. Ning dheweke
nulak. Malah Gendhis pamit wis cukup olehe ngancani aku saksuwene iki. Bar iku,
pleng gak isa takubungi maneh. Sapa ngira dadine koyok ngono? Wiwit daftar,
tes, engga sakehing ujian ing pendhidhikanku Gendhis tansah aweh sumbang surung
nyemangati. Tiba takjak nekani wisudhaku kok gak gelem? Tanpa kaweruhan dheweke,
seminggu sakdurunge acara, aku mabur mulih!”
“Sapa sing gak ngerti nek Gendhis
seneng nang aku kit mbiyen mula? Aku ngerti! sakndhuwure ngerti malah. Gendhis
sing manis, Gendhis sing praten lan open nang aku sing brangasan! Nanging aku
gak wani nibakna pangrasa tresnaku amarga aku gak nduwe modhal apa-apa engga
aku isa nduwe swiwi kanggo panguripanku!”
Isaku mek ah uh ngetutna obahe
lambene adhikku!
Seminggu sakdurunge wisudhane Yudhis, setaun kepungkur
Wengi iku, nalikane njedhul neng
omahku, dheweke mbegarna klambi sing takposna nggo wisudhaan kanthi tenger YG-Ae
ing gulune! Brand YG-Ae ~Yudhis Gendhis-Ae~ sing ngumbulna
jenengku minangka desainer!
Yudhis matur bares nang bapak ibu nek
arep ngejak aku nang acara wisudhane. Temalah langsung matur niyat ngrabi
saumpama diidini. Bayangna! Yudhis nakokna aku kanthi gentle!
“Gendhis, kowe saksine nalika aku
nguber-uber sapa ae jaman sekolah. Uga ngerteni sapa ae sing taktaksir nalikane
kuliyah. Geneya aku nibakna pilihan nang Gendhis?” mripatku takambakna nampani
pangucape. Yudhis sing saiki beda tenan karo sing takkenali! Luwih diwasa lan
wicaksana, ehem...
“Amarga aku percaya, arek wedok sing
weruh elekku, ngerteni kekuranganku, ning tansah nutupi kanggo kabecikanku,
mesthi cocog kanggo ndhedher winihing katresnan engga tuwuh panguripan anyar
kang luwih apik saka aku!”
“Wiwit saiki tulung atiku desain-en
uga, ya?”
Aku mek mesem ngrungokna, ning
panyawangku ngetokna sakehing ukara sing gung nate takomongna!
Cuthel
Sip. Dhien Nurhayati
MTs Negeri 9 Jember–Jember
Jln. Panjaitan 02 Wonorejo Kencong
Jember (68167)
No.hp 081252249232
Rek. Bank Jatim 1412015009
a.n. Eni Siti Nurhayati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar