Halaman

Translate

Rabu, 13 Februari 2019

Tumekane Tresna Tanpa Dinuga
Mbalik mulang nang tanah klairan iku tibake seneng-seneng senep. Tenan iki. Gak ngecap! Piye mula bukane kok aku isa nggawe status kanthi ukara sing ambigu ngunu iku?
Tepungake ya dulur, jenengku Jatmiko. Klairan telungpuluh siji taun kepungkur. Haraaa? Wis jaka lapuk, ya? Bah-bahna wis. Ambek adhikku malahan jenengku didawakna dadi Jaka tuwek merga ngenteni rika! Wkwkwk...
Sakjane, saiki-saiki, aku gak niyat pengin mbalik dhisik nggo mulang nang desa mencilku kene. Desa Kecik. Panggonan adoh lor adoh kidul. Adoh ratu cedhek watu sasate. Desa pungkasan sisih kidul kulon saka kabupaten paling wetan ing Pulo Jawa. Karepku suk-suk ae, nek ngunduri tuwek tah meh pensiun. Ning amarga aku dijak ijolan kanca sak-almamater sing pengin mbalik nang panggonanku mulang sakawit, uga rasa welas nyawang kanca sing kudu adoh-adohan mbek anak bojone saksuwene iki, aku he ah-he eh ae dijak ijolan sauger gak ngrepoti aku ing wektu, tenaga, uga dhuwik!
“Mik, awakmu rak jik bujang. Hla aku? Anak bojoku saben wulan mek kepethuk sedina tah rong ndina. Awakmu takjak ijolan, ya? aku ae wis sing ngurusi!” swara sedhihe Dina kanca jaman kuliyahku ngruntuhna tamengku mikukuhi panggonanku mulang saksuwene iki. Mulang ing kutha gedhe rek, tiba nasib apik kanggone bujangan kaya aku!
Mulakna limang taun manggon kutha liya, aku balik kucing neng kecamatan sandhing omah. Kanthi nggendhong rong pangrasa mau. Seneng lan senep!
Senenge piye? Ya seneng ngunu ikulah, gawan kangen nang tanah klairan. Masiya ndesa, ealah, sakwise taksawang sedina rong ndina, kok aku malih nyukuri mbalik saiki. Sakliyane kahanane wis luwih apik sakjeg taktinggal kuliyah engga kerja, samubarang ing kene uga gak kalah karo kutha gedhe tibake. Paling ora, papan cangkruk ngopi wis ana wifi-ne, hehehe...
Nek takdhasar ing kene pangrasa senengku mau kanthi luwih setiti, iki lho sing nyenengna atiku sakliyane papan panggonan dolanku!
Aku rak mulang neng sekolahanku mbiyen, dadine aku malih kekancan karo pak guru bu guruku sing gung pensiun. Salah sijine ya mbek guru idholaku, Bu Indah, sing kala aku SMP ayune jian ngadubilah tur jik uenom. Saiki? Ayune pancet. Mek rada sepuh, hehehe...yuswa seket pitu!
“Owalah sampeyan niki Jatmiko sing anggere ngebrukna sepedhah neng parkiran nek nesu karo kancane mbiyen, ya?” Hahaha...
Sakjeg mulang ing dina kapisan, aku malih seneng ngabsen mantan pacanganku jaman sekolah mbiyen. Paling ora entuk esem tah dhadha nalika ngliwati omahe.
Mulai Sri Mungil sing cilik merak ati sing nduwe toko gedhe ing pasar kecamatan, Linda krempeng rambut dawa sing saiki dadi bidhan ing puskesmas desaku, engga Januarita sing biduanita dangdut kawentar sakkecamatan!
“Aja mesam-mesem tah piye nang mantan-mantan-mu, Ko. Kabeh wis ana sing nduwe. Isa-isa...!” Rahman, kanca plek kit jaman SD, aweh sempritan nalika ngaweruhi pakulinanku saben ndina.
“Isa-isa apa? Wong aku gak nyalah apa-apa. Mek mesem lan ngguyu apa salahe? Apa perlu takampiri sisan giliran? Luthung, nggo ngirit dhuwik kopiku!”
“Lambemu, iku. Aku kenal bojo-bojone arek-arek. Sing ngomong iki bojone Linda, aku mek nirokna. Eling gak mbek Wicaksono? Dheweke ngrasa cembokur sakjeg Linda ngomongna awakmu ae saben ndina. Ngelem thok isine. Sing jarene Jatmiko malih kerenlah, beda adoh ka jaman sekolahe lah, engga...”
Sapa lali karo Wicak? Kanca gedhe methekel sing nate muntir tanganku amarga aku ngomong nek dheweke asline seneng Linda, ning gak gelem nduduhna isi atine engga Linda takdadekna pacarku nalika kelas loro SMA? Tibake, tibake!
Ya ngene iki isine ndonya pancenne. Ana bungah ana susah, ana seneng ana senep. Ana bujang ana...hla ya kok menggok mrono maneh lambeku iki!
Nek iki sing nggarakna senepe!
Aku rak manggon omahku dhewe saiki. Enake aku gak perlu mlaku nang warung nggo golek emplok-emplokan. Gratis turu lan nyandhing panganan sakonoke. Malahan saben bar Subuh, emakku wis ngempakna dandang nggo adang lan nggawe lawuh sakmurwate. Engga saben setengah enem aku wis nyangga piring sinambi ngematna warta ing tipi. Kurang enak, piye?
 “Ko, ibuk seneng-seneng ae masakna uga ngumbahna sandhanganmu. Apa maneh omah sing maune sepi sakjeg ditinggal adhikmu ngetutna bojone. Ning, ya karo milang-milinga golek bojo, ya? Ibuk selak gak isa nggendhong putu!”
Hla, ukara ngene iki sing nggarakna anggonku muluk gak kober ngenyah. Langsung keleg sasate. Bojo, rabi, putu,...tembung-tembung sing nggriseni kuping sakjeg sikilku njangkah mlebu kit mulih nang omah ing dina kawitan!
“Anake simbok saiki ya kerja neng kene. Tapine...”
Critane ibuk agawe aku nglangut ngelingi dheweke. Ragil Winastiti. Lan punthuke senepku muntup-muntup amarga ...
***
“Mbolos digedhekna, nakal dientek-entekna. Mbesuk gedhe arep dadi apa, Mik?” swara wali kelasku agawe atiku gak temalah cilik. Malahan...
“Sakniki kula nggih mpun ageng, Bu. Sampun kelas tiga SMU. Sampun...,” bantahku kandheg.
“Sampun apa? Isane mek nggedhekna awak tapi gak nggedhekna uteg uga pakartine. Aja ngebek-ebeki ndonya nek kaluwihanmu gak isa mbokunggulna!”
Kaluwihan apa? Aku isa apa? Voli?
Apa voli isa nglantarna panguripanku? Sedina-dinane sasate aku melok main neng kana kene. Lali wayah pokoke. Apa maneh nek wis usum turnamen, wah...isa mbolos ndina-ndina nek gak ngelingi wedi dijantur bapak!
“Untunge kowe nduwe kanca sing tansah migatekake. Sembarang tugasmu mesthi beres nek wis ditutugna dheweke.” Astane bu guru nduding nang Rahman, mbarepe simbok, sing mrenges neng pojokan. Areke takcebeki. Dudu Rahman sing open nggarapna tugasku, ning adhike, ya si Ragil, sing keletan rong kelas karo aku sakloron!
Ragil, Ragil, Ragil. Anake simbok sing ngopeni aku kit cilik, uga kulina ngrewangi ibuk masak, lan bapake uga sing mbausuku maro sawahe bapak.
Ragil sing mbaturi dina-dinaku nalikane aku sekolah uga nggarap tugas ing omah. Dheweke sasate dadi wewayanganku ning gak ketara!
Ragil kayadene pawuhan kanggoku. Nginthil budhal mulih kaya dadi telik sandhine ibukku. Sembarang elekku dheweke sing nampani tanpa sambat. Nek aku diukum amarga nglanggar peraturan, dheweke nunggoni engga aku diolehi mulih. Nek aku gak nggarap tugas, dheweke kanthi tulus nggarapna. Wiwit ngetik engga njilid. Tuntas! Ragil uga, PTT-ku saben aku nduwe acara nyedheki prawan ayu ing sekolahan.
Engga sawijining dina sakwise lulusan aku nampa kadho sing agawe cingak dideleh neng meja kamarku. Kadho sing wis umur seminggu nek ndelok tanggale, nalikane takbukak sakwise aku mulih ka munggah gunung. Apa kadhone? Aku dikadho boneka sing nek dipencet metu swarane. “Aku tresna nang awakmu. Aku tresna nang awakmu.”
Saka katrangane Rahman, Ragil melok pakdhene ing Kudus sakbare unggah-unggahan. Ragil ngilang sakdurunge aku kober nyelakna ukara apa tah apa nang dheweke. Limang taun mangsa kuliyah, limang taun ing kutha liya. Lan seminggu ing kutha cilikku kene!
***
Ragil!
Clulukku kaget nalika ana rombongan tamu saka puskesmas nang sekolahan panggonanku mulang. Aku gak pangling. Ketok ngegla nalikane dha mlaku ngliwati nggonku mulang arek-arek praktik ngumbulna bal. Kabeh tumoleh lan mesem bareng.
Aku gegancangan mlaku cepet tumuju ruwang UKS sakwise mbubarna arek-arek ing jam ngaso.
Aku ndeleng saparipolahe Ragil saka cendhela sing dingakna. Arek-arek kelas pitu ditimbang, njur diukur dhukure, lan dha dipriksa untune.
“Pak guru Jatmiko dipriksa ugi napa?” Olehku terpesona jugar sanalika!
Ragil sing meneng, gak tau kewetu swarane saiki dadi perawat sakwise lulus S-1 keperawatan. Setaun iki dheweke uga mbalik kerja nang tanah klairane.
“Aku sedhih nalika weruh awakmu saben bar dolan adoh mesthi sulaya. Sing besemlah, tatu-tatulah, engga gak isa mlaku merga kesleo sakdurunge ujian akhir. Eling, gak? Aku malih kudu nggarap sakehing tugasmu. Ya ngene iki aku dadine!” Ragil ngetokna swarane. Eseme mekar amba agawe dhadhaku gronjalan tanpa isa takkipatna.
Aku mesem kecut. Jan gak ngira blas nek Ragil sing mbiyen, Ragil sing takaenggep timun wungkuk jaga imbuh, isa dadi pawongan tinulad.
Rahman ngguyu gak entek-entek nalikane aku sapatemon karo dheweke ing kantor bank panggonane kerja lan aku nyritakna adhike. Crita boneka panda pawewehe, uga nek saiki-saiki aku lagek nyadhari nek Ragil luwih saka kanca raket kanggoku. Isa uga aku...wis nyenengi dheweke kit cilik mula? Guyune kang banter kaya nampeg praenanku.
“Ragil wis crita apa gurung sapa bakalane? Aditya, kancane dhewe!” pangucape Rahman mbateg guyuku. Swara panyerune Rahman sakbanjure gak takrungokna. Aku pilih mulih lan nyetater sepedhah montorku. Mbuh, aku pilih nutup rapet kupingku lan ngilang saka panyawange Rahman!
***
Senepku tumpuk undhung gak karuwan. Sepedhah montor takplayokna banter nang Puskesmas. Lan,...bruaakkkk!
“Gak jaman sekolah engga saiki kok ya jik seneng ae nglarani awake. Piye, dirumat neng kene tah dirujuk nang kabupaten? Sikilmu kudu digips, lho!” swarane Ragil keprungu nalika aku lamat-lamat mbukak mripatku. Emak lan bapak njenggreng mbaturi ing sakiwa tengenku.
“Ya kahananmu sing gampang sulaya ngene iki sing marakna aku milih murungna panglamare Aditya, Ko. Awakmu pancen...!”
Swarane Ragil mlebu metu neng kupingku. Obahe tangane kemata kanthi cukat nambani tatu-tatu ing sakojur awakku. Engga mandheg rada suwe nalika ngusap tatu ing pucuke irungku. Panyawange tajem tanpa esem. Njur mbisiki sing agawe sarandune awakku geter nampani.
“Awas nek sakbare iki jik seneng gedubyakan maneh. Atimu wis takdudut kit mbiyen mula. Mek kanggo aku!”
Dadine Ragil?
Cuthel


Sip. Dhien Nurhayati
MTs Negeri 9 Jember–Jember
Jln. Panjaitan 02 Wonorejo-Kencong-Jember (68167)
No.Hp. 081252249232
Rek. Bank Jatim 1412015009
a.n. Eni Siti Nurhayati



Tidak ada komentar:

Posting Komentar