Tumekane Tresna Tanpa Dinuga
Mbalik mulang nang tanah klairan iku tibake
seneng-seneng senep. Tenan iki. Gak ngecap! Piye mula bukane kok aku isa nggawe
status kanthi ukara sing ambigu ngunu iku?
Tepungake ya dulur, jenengku Jatmiko. Klairan
telungpuluh siji taun kepungkur. Haraaa? Wis jaka lapuk, ya? Bah-bahna wis.
Ambek adhikku malahan jenengku didawakna dadi Jaka tuwek merga ngenteni rika!
Wkwkwk...
Sakjane, saiki-saiki, aku gak niyat pengin
mbalik dhisik nggo mulang nang desa mencilku kene. Desa Kecik. Panggonan adoh
lor adoh kidul. Adoh ratu cedhek watu sasate. Desa pungkasan sisih kidul kulon
saka kabupaten paling wetan ing Pulo Jawa. Karepku suk-suk ae, nek ngunduri
tuwek tah meh pensiun. Ning amarga aku dijak ijolan kanca sak-almamater sing
pengin mbalik nang panggonanku mulang sakawit, uga rasa welas nyawang kanca
sing kudu adoh-adohan mbek anak bojone saksuwene iki, aku he ah-he eh ae
dijak ijolan sauger gak ngrepoti aku ing wektu, tenaga, uga dhuwik!
“Mik, awakmu rak jik bujang. Hla aku? Anak bojoku
saben wulan mek kepethuk sedina tah rong ndina. Awakmu takjak ijolan, ya? aku ae
wis sing ngurusi!” swara sedhihe Dina kanca jaman kuliyahku ngruntuhna tamengku
mikukuhi panggonanku mulang saksuwene iki. Mulang ing kutha gedhe rek, tiba
nasib apik kanggone bujangan kaya aku!
Mulakna limang taun manggon kutha liya, aku
balik kucing neng kecamatan sandhing omah. Kanthi nggendhong rong pangrasa mau.
Seneng lan senep!
Senenge piye? Ya seneng ngunu ikulah, gawan
kangen nang tanah klairan. Masiya ndesa, ealah, sakwise taksawang sedina rong
ndina, kok aku malih nyukuri mbalik saiki. Sakliyane kahanane wis luwih apik
sakjeg taktinggal kuliyah engga kerja, samubarang ing kene uga gak kalah karo
kutha gedhe tibake. Paling ora, papan cangkruk ngopi wis ana wifi-ne,
hehehe...
Nek takdhasar ing kene pangrasa senengku mau
kanthi luwih setiti, iki lho sing nyenengna atiku sakliyane papan panggonan
dolanku!
Aku rak mulang neng sekolahanku mbiyen, dadine
aku malih kekancan karo pak guru bu guruku sing gung pensiun. Salah sijine ya
mbek guru idholaku, Bu Indah, sing kala aku SMP ayune jian ngadubilah tur jik
uenom. Saiki? Ayune pancet. Mek rada sepuh, hehehe...yuswa seket pitu!
“Owalah sampeyan niki Jatmiko sing anggere
ngebrukna sepedhah neng parkiran nek nesu karo kancane mbiyen, ya?” Hahaha...
Sakjeg mulang ing dina kapisan, aku malih
seneng ngabsen mantan pacanganku jaman sekolah mbiyen. Paling ora entuk esem
tah dhadha nalika ngliwati omahe.
Mulai Sri Mungil sing cilik merak ati sing
nduwe toko gedhe ing pasar kecamatan, Linda krempeng rambut dawa sing saiki
dadi bidhan ing puskesmas desaku, engga Januarita sing biduanita dangdut
kawentar sakkecamatan!
“Aja mesam-mesem tah piye nang mantan-mantan-mu,
Ko. Kabeh wis ana sing nduwe. Isa-isa...!” Rahman, kanca plek kit jaman SD,
aweh sempritan nalika ngaweruhi pakulinanku saben ndina.
“Isa-isa apa? Wong aku gak nyalah apa-apa. Mek
mesem lan ngguyu apa salahe? Apa perlu takampiri sisan giliran? Luthung, nggo
ngirit dhuwik kopiku!”
“Lambemu, iku. Aku kenal bojo-bojone
arek-arek. Sing ngomong iki bojone Linda, aku mek nirokna. Eling gak mbek
Wicaksono? Dheweke ngrasa cembokur sakjeg Linda ngomongna awakmu ae saben
ndina. Ngelem thok isine. Sing jarene Jatmiko malih kerenlah, beda adoh
ka jaman sekolahe lah, engga...”
Sapa lali karo Wicak? Kanca gedhe methekel
sing nate muntir tanganku amarga aku ngomong nek dheweke asline seneng Linda,
ning gak gelem nduduhna isi atine engga Linda takdadekna pacarku nalika kelas
loro SMA? Tibake, tibake!
Ya ngene iki isine ndonya pancenne. Ana bungah
ana susah, ana seneng ana senep. Ana bujang ana...hla ya kok menggok mrono
maneh lambeku iki!
Nek iki sing nggarakna senepe!
Aku rak manggon omahku dhewe saiki. Enake aku
gak perlu mlaku nang warung nggo golek emplok-emplokan. Gratis turu lan
nyandhing panganan sakonoke. Malahan saben bar Subuh, emakku wis ngempakna
dandang nggo adang lan nggawe lawuh sakmurwate. Engga saben setengah enem aku
wis nyangga piring sinambi ngematna warta ing tipi. Kurang enak, piye?
“Ko,
ibuk seneng-seneng ae masakna uga ngumbahna sandhanganmu. Apa maneh omah sing
maune sepi sakjeg ditinggal adhikmu ngetutna bojone. Ning, ya karo milang-milinga
golek bojo, ya? Ibuk selak gak isa nggendhong putu!”
Hla, ukara ngene iki sing nggarakna anggonku muluk
gak kober ngenyah. Langsung keleg sasate. Bojo, rabi, putu,...tembung-tembung
sing nggriseni kuping sakjeg sikilku njangkah mlebu kit mulih nang omah ing
dina kawitan!
“Anake simbok saiki ya kerja neng kene.
Tapine...”
Critane ibuk agawe aku nglangut ngelingi
dheweke. Ragil Winastiti. Lan punthuke senepku muntup-muntup amarga ...
***
“Mbolos digedhekna, nakal dientek-entekna.
Mbesuk gedhe arep dadi apa, Mik?” swara wali kelasku agawe atiku gak temalah
cilik. Malahan...
“Sakniki kula nggih mpun ageng, Bu. Sampun kelas
tiga SMU. Sampun...,” bantahku kandheg.
“Sampun apa? Isane mek nggedhekna awak tapi
gak nggedhekna uteg uga pakartine. Aja ngebek-ebeki ndonya nek kaluwihanmu gak
isa mbokunggulna!”
Kaluwihan apa? Aku isa apa? Voli?
Apa voli isa nglantarna panguripanku?
Sedina-dinane sasate aku melok main neng kana kene. Lali wayah pokoke. Apa
maneh nek wis usum turnamen, wah...isa mbolos ndina-ndina nek gak ngelingi wedi
dijantur bapak!
“Untunge kowe nduwe kanca sing tansah
migatekake. Sembarang tugasmu mesthi beres nek wis ditutugna dheweke.” Astane
bu guru nduding nang Rahman, mbarepe simbok, sing mrenges neng pojokan. Areke
takcebeki. Dudu Rahman sing open nggarapna tugasku, ning adhike, ya si Ragil,
sing keletan rong kelas karo aku sakloron!
Ragil, Ragil, Ragil. Anake simbok sing ngopeni
aku kit cilik, uga kulina ngrewangi ibuk masak, lan bapake uga sing mbausuku
maro sawahe bapak.
Ragil sing mbaturi dina-dinaku nalikane aku sekolah
uga nggarap tugas ing omah. Dheweke sasate dadi wewayanganku ning gak ketara!
Ragil kayadene pawuhan kanggoku. Nginthil
budhal mulih kaya dadi telik sandhine ibukku. Sembarang elekku dheweke sing
nampani tanpa sambat. Nek aku diukum amarga nglanggar peraturan, dheweke
nunggoni engga aku diolehi mulih. Nek aku gak nggarap tugas, dheweke kanthi
tulus nggarapna. Wiwit ngetik engga njilid. Tuntas! Ragil uga, PTT-ku
saben aku nduwe acara nyedheki prawan ayu ing sekolahan.
Engga sawijining dina sakwise lulusan aku
nampa kadho sing agawe cingak dideleh neng meja kamarku. Kadho sing wis umur
seminggu nek ndelok tanggale, nalikane takbukak sakwise aku mulih ka munggah
gunung. Apa kadhone? Aku dikadho boneka sing nek dipencet metu swarane. “Aku
tresna nang awakmu. Aku tresna nang awakmu.”
Saka katrangane Rahman, Ragil melok pakdhene
ing Kudus sakbare unggah-unggahan. Ragil ngilang sakdurunge aku kober nyelakna
ukara apa tah apa nang dheweke. Limang taun mangsa kuliyah, limang taun ing
kutha liya. Lan seminggu ing kutha cilikku kene!
***
Ragil!
Clulukku kaget nalika ana rombongan tamu saka
puskesmas nang sekolahan panggonanku mulang. Aku gak pangling. Ketok ngegla
nalikane dha mlaku ngliwati nggonku mulang arek-arek praktik ngumbulna bal.
Kabeh tumoleh lan mesem bareng.
Aku gegancangan mlaku cepet tumuju ruwang UKS
sakwise mbubarna arek-arek ing jam ngaso.
Aku ndeleng saparipolahe Ragil saka cendhela
sing dingakna. Arek-arek kelas pitu ditimbang, njur diukur dhukure, lan dha
dipriksa untune.
“Pak guru Jatmiko dipriksa ugi napa?” Olehku terpesona
jugar sanalika!
Ragil sing meneng, gak tau kewetu swarane saiki
dadi perawat sakwise lulus S-1 keperawatan. Setaun iki dheweke uga mbalik kerja
nang tanah klairane.
“Aku sedhih nalika weruh awakmu saben bar
dolan adoh mesthi sulaya. Sing besemlah, tatu-tatulah, engga gak isa mlaku
merga kesleo sakdurunge ujian akhir. Eling, gak? Aku malih kudu nggarap
sakehing tugasmu. Ya ngene iki aku dadine!” Ragil ngetokna swarane. Eseme mekar
amba agawe dhadhaku gronjalan tanpa isa takkipatna.
Aku mesem kecut. Jan gak ngira blas nek Ragil
sing mbiyen, Ragil sing takaenggep timun wungkuk jaga imbuh, isa dadi pawongan
tinulad.
Rahman ngguyu gak entek-entek nalikane aku
sapatemon karo dheweke ing kantor bank panggonane kerja lan aku nyritakna
adhike. Crita boneka panda pawewehe, uga nek saiki-saiki aku lagek nyadhari nek
Ragil luwih saka kanca raket kanggoku. Isa uga aku...wis nyenengi dheweke kit
cilik mula? Guyune kang banter kaya nampeg praenanku.
“Ragil wis crita apa gurung sapa bakalane?
Aditya, kancane dhewe!” pangucape Rahman mbateg guyuku. Swara panyerune Rahman
sakbanjure gak takrungokna. Aku pilih mulih lan nyetater sepedhah montorku.
Mbuh, aku pilih nutup rapet kupingku lan ngilang saka panyawange Rahman!
***
Senepku tumpuk undhung gak karuwan. Sepedhah montor
takplayokna banter nang Puskesmas. Lan,...bruaakkkk!
“Gak jaman sekolah engga saiki kok ya jik
seneng ae nglarani awake. Piye, dirumat neng kene tah dirujuk nang kabupaten?
Sikilmu kudu digips, lho!” swarane Ragil keprungu nalika aku lamat-lamat
mbukak mripatku. Emak lan bapak njenggreng mbaturi ing sakiwa tengenku.
“Ya kahananmu sing gampang sulaya ngene iki
sing marakna aku milih murungna panglamare Aditya, Ko. Awakmu pancen...!”
Swarane Ragil mlebu metu neng kupingku. Obahe
tangane kemata kanthi cukat nambani tatu-tatu ing sakojur awakku. Engga mandheg
rada suwe nalika ngusap tatu ing pucuke irungku. Panyawange tajem tanpa esem.
Njur mbisiki sing agawe sarandune awakku geter nampani.
“Awas nek sakbare iki jik seneng gedubyakan
maneh. Atimu wis takdudut kit mbiyen mula. Mek kanggo aku!”
Dadine Ragil?
Cuthel
Sip. Dhien Nurhayati
MTs Negeri 9 Jember–Jember
Jln. Panjaitan 02 Wonorejo-Kencong-Jember
(68167)
No.Hp. 081252249232
Rek. Bank Jatim 1412015009
a.n. Eni Siti Nurhayati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar