Asile Nguping
“Halah, arek kene wis payu kabeh. Karek
prawan cilik-cilik. Wis ta lah. Jok sampek nulak golekane ibuk sing saiki. Uayu.
Bodi peragawati. Sip pol pokoke! Arek kene ya kalah adoh!”
Iku keprungu ing dina kawitan. Sesuke
...
“Sapa? Ragil omah pojokan anake Man
Soleman, tah? Waduuuhh, arek iku wis tunangan. Setaun punjul nek gak salah. Nek
pethuk dheweke jok ngguwak esem tah ngguyu, isa disalahartekna!”
Sesuke maneh ...
“Dikandhani arek kene wis payu kabeh,
kok gak ngandel. Akehe, pira? Tur maneh ....”
Aku mencep mbuh ping pirane. Aku
weruh bacute.
Aku iki gemembreng crita apa, se? ssttt,
tangga sandhing ketekan putrane!
***
Mbuh kit kapan, sakjeg nglakoni kerja
saka ngomah merga ana laratan penyakit ing negaraku kene, aku malih seneng madhep
laptop nyekel gawai, uga nggarap samubarang kalir penggaweyan takwiwiti jam
lima isuk! Gung paja-paja wayahe checklock sing wajibe jam pitu thet.
Dadi ubengane uripku taksetel ngene,
bar Subuh adus pisan, macak tipis-tipis, terus nyapu ngomah lan liya-liyane.
Penggaweyan omah beres, aku lungguh neng meja kerja dadakan. Kok dadakan?
Asline aku gak nduwe papan sing genah nggo makarya saka ngomah. Akhire ana meja
makan lawas tur rada cilik takseret mlebu kamarku. Meja mau taktata sing rada
pantes lan samubarang gawan saka kantor menclok neng kono wis. Ngisor ndhukure
kebek tanpa sisa.
Sing paling penting, cop-copan lan
kabel koler uga sumadiya. Wifi gak oleh keri. Urip terus awan bengi. Hla piye,
rek pancen kerja modhel ngene iki senjatane ya kudu nduweni jaringan sinyal
sing kuwat lan driji sing tangguh.
Mundur thithik, ya? Dinane iki,
setengah taun iki, aku ngenggoni omah warisane ibuk saka simbah amarga aku ketampa
kerja ing tlatah kene. Omah iki unik. Siji tapi loro. Kembar siyam. Dempet plek
padha saksembarangane. Wong pancen ibu saksedulur loro. Emanne, jatah sisih
tengen wis kadol udakara rong taunan kepungkur, amarga budhe pilih nderek
putrane ing Jakarta. Amarga ibu gak kuwat nyusuki, bageyane budhe kadol marang
piyantun sing asmane Pak Laksono. Sabanjure omah mau ngarepe didadekna toko.
Ndilalahe kamarku kenceng karo pawone
Budhe Laksono. Wong saben dina ambu arume bumbon lan keprungu srang sreng wajan
dinggo nggoreng. Uga, swarane wong jandoman. Hahaha...
Nek karo Pak Laksono aku ya kulina ae
kepethuk, wong saben aku budhal mulang piyambake mesthi lagi lungguhan ing
bayang cilik ngarep tokone. Beda karo garwane sing kojar kasebut Budhe Laksono,
arang-arang sapatemon kejaba aku niyat mlebu tokone golek apa tah apa. nek
putra-putrine aku malah gung paham siji-sijine. Wong pancen koprake wis kerja
mapan kabeh.
***
“Budhe Laksono iku modhele ya ngunu
iku, Mbak. Jok kaget!” Yu Lasmi menehi weruh kapanane dawa.
Tutuk kene aku pilih ngguyu cilik. Sapa
sing arep kaget saben dina? Nduweni tangga sing klebu pinisepuh pancen ya kudu
sugih sabar. Aku dhewe sing pancen klebu prawan males ya wis gak tau lara ati
saben dikandhan-kandhani. Suwarane sing buanter lan khas gawe aku kaya ngunekna
alarm gratisan.
“Mbak Arim ki nek dina Minggu jok
nggedhekna turu. Ndang tangi, nyapu-nyapu tah piye. Cendhela ngarep sakyahmne
ya gung dibukak. Prawan kok lumuh kepethuk sinare matahari.” Mben ngunu karo
nothoki cendhela ngarep sing kenceng tralise
tokone.
Owalah, saumpama aku gelem nyuwara
ngunu kudune piyambake isa mahami penggaweyanku. Mulang nem dina dher. Kit jam
pitu engga jam telu. Nek tambah ngopeni ekstra mulihku ngantek setengah lima.
Mulih kari kesel. Gung maneh aku ya sik dikatutna tim ngelesi kelas sanga. Maklum
se, guru anyar tur enom. Sembarang penggaweyan kepilih. Ngalah, nrima, lan kudu
ikhlas nglakonine!
Mulakna tanpa kedawa-dawa aku pilih
golek rewang cedhek omah, Yu Lasmi, sing
isa mara isuk uput-uput lan mbiyantu nglakoni penggaweyan rutin sing gak kober
kecandhak tanganku.
“Sakjane omah iku wis didhedhepi
tangga tengene, Rim. Ibuk wis tau dipethuki kapanane ika pas nyekar ing makam. Suk
nek awakmu gak krasan tah piye gak pa pa, ligerna omah liya sing luwih krajan.
Neng kono ndesa. Sepi!” welinge ibu jan tansah takelingi nek bar disemoni Budhe
syantiikkk tangga dempetku iki.
***
Mulakna para maos mesthi paham geneya
saben aku nguripi laptop, aku ya wiwit masang kuping ngrungokna jagongane
tangga. Ealah, mbuh merga kahanane sing monoton tanpa isa obah saka omah,
undherane jagongan kok ya sajake isa mbateg atiku pengin mangerteni apa ae sing
dirembug kekarone.
Simpulanku, saben isuk Budhe Laksono iku
jagongan mbek putrane. Gak sembarang jagongan, ning pangglenike budhe babagan
jejodhowan utawa digathukna mbek sapa tah sapa. Berarti putrane mau jik jomblo!
Saka nguping mau aku entuk pelajaran
jok ngantek nduwe maratuwa sing pinter metani bothekane mantune. Utamane
babagan modhel awak, rupa praenan, lan solah bawa. Hiiiihhh, amit-amit!
***
Engga seminggu candhake.
Hlo, hlo, hlo, ...bocor? Pancen udan
deres ing njaba. Banyu netes siji mbaka siji nang mejaku. Saya suwe saya
banter. Kok anjog? Wong kit udan kawitan gak nate ana critane omahku bocor?
Pikiranku takcuthel. Laptop mbek rangkeyane takslametna dhisik.
Dhug dhug dhug kaya ana wong njangkah
ing gentheng. Hla iki! Tanpa kesuwen aku menyat metu tanpa lali nyaut payung
cilik.
Ana pawongan ngadeg ing ndhukur
antarane omah loro. Nggawe jas udan lan helm-an. Mesthine iku putrane Budhe
Laksono. Ning aku gak butuh caturane. Lambeku takangapna amba mbek nahani banyu
saka payung.
“He, Mas. Jok sakarepe dhewe. omahku
gung tau bocor. Sampeyan apakna genthengku? Balekna asal. Aku gak ngurus piye
carane!” omongku jan takbanterna ben ibuke isa krungu omonganku.
“Pireng, mboten? Pokoke balekna asal.
Jok sampek kamarku bocooooorrr!”
Simase akhire noleh lan ngathungna
jempol kiwane. Tangan tengene iwut nyekeli gentheng sing dilungna saka ngisore.
Mripatku takpencirengna.
Takpendheliki sakisaku.
Simase noleh se dhiluk njur bacut
tandhang maneh. Tanpa nyuwara siji mbaka siji gentheng sing dicopot njur diganteni.
Engga ...tanpa aba dheweke mudhun. Gak noleh gak piye. Jian, kok!
Aku ya mbalik mlebu. Udane wis rada
terang. Batinku nek kamarku engko jik bocor aku bakal mara njaluk
pertanggungjawaban.
Kawit mapan lungguh kursi kerjaku.
Keprungu swarane Budhe Laksono.
“Oh, gentheng sing pecah mau pener
kamare Mbak Arim tibake? Jane bapakmu takkon mara mrunu ae. Wite sing cedhek
jedhinge dhewe iku lho gedhe-gedhe. Mbok dipronggoli tah diketok sisan. Sakliyane
oyote mrengatna tembok, nek kedadeyan koyok wingi maneh piye? Pange mara-mara
mentiyung tanpa swara ngembleki genthenge.”
Dadine ... gentheng omahku pecah
merga ketibanan puthulane kayu nggenku dhewe? Hla ya, aku kok gak weruh
seprana-seprene?
Aku getun. Getun sing taksumendhekna
neng lawange ati mbarengi jangkahku tumuju daleme.
“Hlo, neng ndalem, ta? Takpikir mulang.”
Sakdurunge aku ngomong Budhe wis ndhisiki ngendikan.
“Kula nglampahi ngajar king nggriya,
Budhe. Mpun seminggu niki. Anu Budhe ,....” Aku nelakna panuwun uga panjaluk
sepura merga gak mangerteni nek bocore omahku merga tanduranku dhewe.
Budhe plenggang-plenggong sinambi
ngendikan, “Apa pakdhemu wis mara ngandhani?”
Aku malih sajak piye wong ngertiku ya
saka nguping mau. apa maneh sakwise iku mburine budhe njedhul janaka sing
sajake kanca jagongane budhe uga satriya sing mau takocehi.
“Biyasa ae, lah, Mbak. Sing penting
adhewe padha njagane. Nek gak onok thole ya palinga jik mangklung pang mau
seprene.”
Jawabane Budhe nyuwak pangrasa ewuh pakewuhku.
Bacute ...
“Mbak Arim ngerti gak? Iki anakku
ragil. Saiki mbaturi turu kene. Akeh laratan, perumahane takkon ngancing ae. Wis
ngene, takusuli, sesuk rak dina Minggu, bojone Lasmi, Lik Trimo, ben ngethoki
pang sing gedhe tah piye. Pradana rak isa ngrewangi. Selak puklek maneh engko.”
Isaku ya mek manthuk ngenggihi.
Sarujuk wae.
Mas Dana, ngono celukane Pradana
putrane Budhe Laksono, pawongane kalem lan meneng. Sedina muput mbaturi Lik
Trimo lan rewange. Engga buyar penggaweyan, aku gung kober jagongan dawa sakliyane
manthuk tah mesem saben tempuk panyawang. Akune dhewe ae sing blingsatan amarga
entuk sesawangan lumayan. Untunge aku
kober ijol-ijolan nomer gawai, rek! engga bengine, lan bengi bengi candhake,
aku isa jagongan liwat tulisan ngalor ngidul karo Mas Dana. Jagongan sing koyok
udan riwis-riwis nibani taman atiku sing wis suwe nela kasatan banyu.
***
Sakbare iku aku gak nate krungu
jagongan kanthi swara banter. Mek klesak-klesik gak ketara apa ukarane uga sapa
sing ngendikan. Walahhh...hiburanku ngilang!
Engga mbuh isuk sing kaping pirane
aku krungu swara cemengklinge Budhe
Laksono! Swara sing akhire agawe aku pilih mindhah samubarang alat megawe nang
ruwang tamu.
Iki sing takrungu!
“Kabeh arek wedok sing ibuk kenalna
mboktulak. Sing mbokgenahna barang ya mboktampik. Jan-jane kowe iku niyat rabi
tah gak se, le, Le? Budhreg aku ngrasakna. Golek sing koyok apa?”
Sepi.
“Sapa? Pengin kenal luwih jero mbek
...? Apa gung onok sing nduwe? Tenane?” Sakbare ting klesik gak keprungu
tutuge. Erhaes sajake.
Sapa sing dikarepna? Aku kok malih
melok penasaran dhewe. Owalah, kembang mingip ing pucuke atiku kok ya sajake
alum sakdurunge ngrembuyung iki?
Atiku moncat-mancit sedina dher
dadine.
***
Engga wengi iki ana pesen mlebu.
“Mbak Arim, urip dhewe iku abot lho.
Apa maneh mangsa pandhemi ngene iki. saumpama aku niyat njaga ruwang tamu ati
sampeyan piye? Apa aku dibukakna lawang?”
Pesen cendhek saka putrane tangga mau
kok ya ndadekna mingkupe atiku mekar saknalika!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar