Halaman

Translate

Senin, 12 Desember 2016

Opini (Antara Dahlan Iskan, Azrul Ananda, dan Aku)



Antara Dahlan Iskan, Azrul Ananda, dan Aku
Kekagumanku kepada Bapak Dahlan Iskan mengalir begitu saja. Berawal dari kesukaanku membaca catatan beliau saat menjalani operasi ganti hati. Mulanya biasa saja,...kata sebuah lagu. Lama-lama ketagihan. Hingga kumerasa bahkan harus memiliki bukunya. Alhamdulillah, saat itu buku Ganti Hati dapat kuperoleh dengan gratis. Cukup dengan membayar langganan koran 3 bulan ke depan. Kuikuti dalam diam setiap tulisan beliau. Stile yang beda, fresh, dan up to date membuatku ketagihan kepada tulisan beliau setiap kali muncul di koran ini. Kagumku memunculkan iri. Sangat iri. Bagaimana tidak iri? Semangat yang makantar-kantar kurasakan betul dalam setiap tulisannya. Optimis full!.
Lalu kubandingkan dengan diriku sendiri yang hidup dalam zona aman sebagai salah satu warga negara Indonesia. Apa yang sudah kulakukan? Kesibukanku hanya dari ini ke ini, itu ke itu. Sudah bukan berita baru bahwa aku, sebagai salah satu pegawai negeri yang  selalu memilih kehidupan yang aman dan nyaman. Bekerja begini saja sudah dapat gaji. Mau bagaimana lagi?. Kok golek repot!. Kesukaanku satu-satunya adalah membaca. Majalah, novel, dan koran ini, yang bisa kutemui setiap pagi. Cukuplah dengan membaca, membaca, dan membaca. Kuresapi sendiri, untuk hidupku sendiri.
Akhir-akhir ini aku malah tergelitik dengan kehadiran seorang pemuda yang tulisannya mampu menyentil hatiku. Sungguh, meski aku orang awam, karena kesukaanku dalam membaca, aku bisa memilih dan memilah mana tulisan yang bagus dan tidak. Dan,...tulisan dari Mas Azrul Ananda, sungguh mampu menjadi oase dalam dominasi gaya formal di koran ini. Aku sudah lama juga ‘mengenal’nya sebenarnya. Sejak usum DBL-DBL dulu itu. Tapi aku tidak sebegitunya karena aku merasa sudah melewati level anak muda. Tapi sekarang, aku selalu menantikan Happy Wednesdaynya. Kangennnn,...seolah ingin bertemu pacar lama. Hehehe...
Di usiaku sekarang yang memasuki kepala empat, tiap kali membaca Happy Wednesday Mas Azrul, aku seolah hidup kembali di zaman yang diceritakan. Atau aku merasa enjoy dengan pemikiran-pemikirannya yang kurasa masuk nalar dan manusiawi . Mas Azrul mampu mendudukkanku pada pemikiran bahwa salah, keliru, atau apa pun lagi kesalahan dalam hidup yang pernah kulakukan, hal itu wajar. Jangan disesali. Tapi,...juga tidak baik untuk diulangi. Bernada humor, nggak ngguroni, tapi...mancep!. sungguh apalah...apalah...(minjem istilah Mbak Iis Dahlia, juri DA2).
Ternyata benang merah antara beliau berdua yang notabene bapak anak adalah buah apel jatuh tidak jauh dari batangnya. Dulu, ...aku saat aku baru awal-awal mengamati Mas Azrul, aku sempat suudzon, palingo ya...sedikit banyak digeret-geret bapaknya. Tapi membaca dan terus membaca tulisan Pak Dahlan Iskan maupun Mas Azrul Ananda, aku tahu dan bisa menjawab sendiri bahwa suudzonku tidak berdasar sama sekali. Salah pooll!. Maaf, nggih Mas Azrul?.
Anugerah terbesar dari kekagumanku kepada Pak Dahlan dan sekarang juga kepada Mas Azrul, adalah aku kelunturan semangat menulis. Sejak tahun 2013, aku mulai mengorek kemampuan lamaku saat masa sekolah dulu dalam menulis cerita. Bukan cerita panjang, hanya cerita pendek berbahasa daerah. Dan semangatku makin menggebu kala tulisanku termuat di salah satu majalah berbahasa daerah yang eksis di daerahku. Kutulis opini ini sebagai wujud rasa terima kasih atas motivasi yang kuperoleh dari semua tulisan beliau berdua. Ada kenikmatan batin tak terkira saat tulisanku dimuat.
Barakalloh tuk hidup beliau berdua khususnya, dan bagi seluruh penikmat tulisan pada umumnya.
Ibarat angin lalu, beliau berdua senantiasa bertiup ke segala arah, mungkin aku takkan pernah sempat tersapa, namun yang terhirup olehku menjadikanku tetap hidup untuk melanjutkan hidup dengan lebih bersemangat. Semoga!.

(25-04-2015)
Sip. Eni Siti Nurhayati
d.a. MTsN Bangsalsari-Jember (68154)
No hp. 085-655085727

Selasa, 06 Desember 2016

Crita Romansa (Gara-Gara Latar Jembar)



Gara-Gara Latar Jembar
Hanum...yen latare omahmu ae isa jembar nganti kabeh pawongan, kabeh mobil isa mlebu metu, kok anjok atimu tinutup rapet, ora gelem njembarna ati nampani asok pangapura nang selip slisip kaya ngene iki. Apa aku kudune nulisna penggaweyanku apa, kabisanku apa, nalika semana wiwitan kenal sampeyan?...engga isa marasna mangkelmu?”
Sms dawa ngilak-ilak kuwi taktampa saka mase murid voliku sore mau. Akhire ya ngene iki, batinku ngumbara ngeling-eling mula kawitane...
Jare sapa nduwe latar jembar nggarakna senenge ati?. Ora!. Tenanan ora nyenengna. Apa maneh dina riyaya kaya ngene iki. Sing mesthi latar jembar, apa maneh gak dipageri, mesthi dipanggoni mobil-mobil. Dapak nek mobil dhayohe omahku, wong mobil dhayohe tangga-tanggaku.
Jik mending nek sing parkir mung mobile, hla iki saksopire!. Aku jane mung setel cuek wae, wong pancen saben taun yo padatan kaya ngene. nanging sing gak nyenengi mesthi sopir-sopir mau sakliyane cangkruk-an neng pendhopo, uga nunut sembarang kalir, je...
“Mbak, nuwun sewu, saged nderek teng wingking?”...hla ya ukara ngene iki sing nganyelna. Apa perlu taktarik ongkos parkir plus-plus? Hehehe.
Engga sore iki, nalika aku nyapu latar jik ana mobil loro sing nunut parkir. Mbuh sopire nang endi, melu medayoh mbokmenawa. Cocok, jailku kumat. Salah sijine takgepuk karo sapu sadaku.
Hla kok mobile jerit-jerit..nguing nguing nguing..., malah takjejeg sisan ban ngarepe. “Lara ta?. wong weruh ban mobil kok dijejeg..” ana swara nyapa nalika aku gupuh ngemek-emek sikil tengenku.
“Mas, mobile nginep ta?”alokku karo mencireng. “Nek nyopir iku mobile aja ditinggali, meh takgembosi banne!”.
“Lho, lho, lho, cah ayu kok ngomonge pedhes buanget?. Sirik, ya?” jawab simase karo mencureng sisan. “Ayo nek wani, arep ngembosi?. Kene taksawange?. Taklaporna polisi, lho?”. Wonge ngendika karo njenggureng. Wih, simase ke-keren-en yen dadi sopir. Dhuwur atletis je, kaya pemeran Rudi Habibi!.
Ning dasare aku emoh kalah senajan wis nyalah, aku ya melu-melu ndawakna gulu.
“Jengkel aku, je Mas sopiiirrr. Mosok latar omahku gak leren-leren dipanggoni mobil parkir nem ndina iki!”. Sapuku takdegna kaya siyap takuncalna.
“Oh, ngono. ya sabar, ta. wong pancen dina riyaya. Tur ngendikane seratan neng ngarep kuwi “bebas parkir” hayo?, simase njawab karo ngguyu banter. “Ayune mundhak ilang,lho?”wuwuhe.
Aku mung mecucu karo nutugna nyapu. Simase uga banjur mbalik neng daleme Pakdhe Warsito kidul omahku.
Pancen sing salah ki bapakku. mosok latar wis kulina disaba mobil menggok nunut parkir, malah dipasangi tulisan kaya ngono. hla yo temalah kaya mobile dayoh tangga sakgang tamune diprayogakna mrene!.
Latar ngarep omah kuwi wis ana kawit aku cilik. Amba banget. Yen dhong rame parkirane, isa kanggo nem mobil. Omahku pancen mepet wates mburi, hla ngarepan kuwi biyasane kanggo latihan voli aku sakdulur lan saktangga. Sing nglatih bapakku. bapakku rak guru olahraga?..hehehe..
“Bapak, latar ngajeng dipun pager wesi mawon. Saged dikunci ...kersane..”protesku sing mbuh kepira. Lan...durung tutug olehku mangap nyablak...
“Hanum, adhewe ki rak kudune paring pitulungan marang sapepadha. Sodaqoh. Ora isa dhuwik, ya ngamalna latar. Wong ya ora ngganggu dalane dhewe mlebu metu. Mobile bapak ya jik isa liwat”. Saben-saben ngono ngendikane. Sodaqoh, sodaqoh, sodaqoh. Samubarang dikon nyodaqohna. Nganti ngguyu ae lho jenenge sodaqoh. Nanging, mburine sing gak nguwati sarate. Kudu ikhlas!. Pyungg...
“Ibu?” alokku njaluk belanan saka ibu sing lenggah jejer bapak, lan sakawit mau mung mirengna. Biyasa, ibukku mung nggujeng thok!.
“Num, sampeyan iki dudu ragil ning ngalemmu kaya adhik wae” mbakyuku mbarep , Mbak Hani, menthungul melu urun omong.
“Aku ki lagi usul, Mbak. Sumpeg aku nyawang plataran dadi parkiran ra uwis-uwis. Apike omahku ilang!. Njur yen ana kanca-kanca arep mara mesthi dha wurung. Sungkan Num, tamumu akeh. mben ngono alesane cah-cah kok gak mampir nglencer mrene!”, jawabku anyel!.
Sesuke mobil wingi sing takjejeg mlebu latarku maneh. Sopire pancet. Simase sing wingi. Nanging dina iki mung cukup loro wae mobil parkir gratis. Amarga aku wis masang net-e voli kit esuk mau bareng adikku karo. Oh, tibake simase sopire Pak Sumantri, kancane bapak. Dinane iki genti nglencer nang omahku sajake!.
“Wah, riyaya-riyaya arep latihan voli, Mbak?”mas sopir nyuwara. Aku meneng ae.
“Yo’i” Ade, adikku ragil semaur karo mulai latihan nyerpen. Haura, adikku pas sing nampani bal-e. neng sisih kiwa omah ana mbak Hani sakkanca sing lagi jagongan ngrunding jare arep PPL.
“Hlo, ya gak imbang no nek sing sisih loro, kene siji. Wis aku melu main karo mbak ayune iki” mas sopir nyuwara neng sandhing kupingku pas ngomong mbak ayu. Alah-alah Ade karo Haura malah keplok-keplok. “nanging aku gak isa voli, lho...mung kepengin ngobahna awak ae” aloke mas sopir maneh.
Loro mungsuh loro. Bapak nyedhak karo aruh-aruh. “Num mbok ya Mbak Hani, karo kanca-kancane dalah sapa wae sing ana jak en olahraga dhisik. Seminggu riyayan sajake kolesterol, asam urat nyedhak kabeh, bapak ”.
Pungkasane voli-ne dadi voli temenanan.  Mainne lho ya temenanan. Krenggosan olehku ngetutna playune bal. Malah akeh anake tangga sing ndelok tontonan gratis.
Game kawitan kelompokku kalah. Hla mungsuhe ana Haura sing atlet voli kabupaten, ana Mbak Hani sing senajan mung saderma isa, kualitase imbang karo aku, sing atlet kampus..ngono, hla nggenku simas sopir ikuora pati isa!.
“Hla, Haura kalih Mbak Hani. Mriki lho tiyange setri-setri kok, kejaba Ade. Mriku wonten mas sopir” aku nyuwara banter. hla nggenku, sakliyane Ade, ana kanca-kancane Mbak Hani sing sokur isa.
“Meri, ta?”aloke Mbak Hani karo keplok-keplok.
 “Ayo ijolan pemain”alokku. Weeh, Mbak Hani sakbala ngguyu ngece.
“Aku ijol Mas sopir, wis” Ade nyuwara karo pindah panggonan. Kanthi ngguyu amba, mas sopir pindah karo ngethipi aku. Ciieee...
Akhire, keadaan dadi imbang neng game kapindho. Kabeh mlayoni banyu ngombe sing dicawisna ibuk neng teras ngarep.
“Buyar..buyar..wis awan, panass ...”aloke Ade karo mlayu mlebu ngomah sakwise ngombe. glek glek glek swarane.
Mbak Hani dalah kancane langsung nyimpang neng kiwane omah karo pamit arep nang jedhing dhisik. Hhuuh, ngomong ae nek wegah tandhang gawe, mbak mbak..batinku.
Aku kepothokan ngringkesi net lan liyane. biyasa wis, nek bar butuhe kabeh banjur ngilang. Apa maneh iki mau ada-adaku. Untunge, mas sopir tanpa ana sing ngongkon cukat trengginas ngrewangi nyopot net.
“Matur nuwun, nggih mas sopir” clulukku nalika nggulung net bareng. Simase mung nyawang karo mesem.
“Kakung kok gak isa main voli, se?”alokku maneh mecah sepi.
“Mosok ya kabeh uwong kudu isa main voli”jawabe entheng. “Oh”, mung kuwi jawabku.
“Mas, yen ngenteni sing nggadhah mobil neng teras kiwa wae gak pa-pa” alokku sakwise rampung ngringkesi ubarampe voli.
“Eh, nawarna jasa saiki?. Suwun, Mbak. Takenteni neng kene wae” jawabe karo tumuju dingklik dawa neng teras karo banjur ngetokna hape-ne. Mripatku kober nyawang saktleraman. Ehm, cool and wise bingitss...
“Mbak..ditimbali ibuk”cluluke Haura banter.
“Oke”jawabku karo mlayu mlebu ngomah.
Ringkesing crita, aku dikon nglatih voli putrine Pak Sumantri. Putrine kuwi saiki klas telu SD, amarga aku rak kuliyah jurusan olahraga.  Mung njaluk wektuku telung wulan wae, kok!.
Akhire ya ngene iki. Aku nduweni anak asuh, nglatih Utari, putrine Pak Sumantri saben sore. Malah aku banjur nglatih pirang-pirang bocah sakgang taknggo ngancani Utari.
Oleh seminggu,...
“Mbak Hanum, aku mengko disusul mas mbarepku, asmane Danang. Dina Sabtu ngene biyasane kondur ngomah” aloke Utari sakwise bar latihan.
Utari banjur mlayu mlebu. Biyasane dheweke njur nglenik nang ibuk neng pawon nyuwun apa tah apa.
Aku nylonjorna sikil nalika ana swara nyapa.
“Mbak Hanum, ngendi adhikku?”. Aku njenggelek kaget. Simas sopir wingenane dawa menthungul neng ngarepku karo ngobah-ngobahna tangane. Dadine, Mas Danang iki putrane Pak Sumantri uga?. Hahaha, aku jagongan gayeng sakwise kuwi, ngelingi olehe ora isa main voli barang.
“Mbak, aku tak melok latihan , ya nek pas mulih kaya ngene iki?” aloke Mas Danang nalika arep bali. Aku mung ngathungna jempol karo ngguyu amba. Mbuh ya, kok...ana sapletik pangrasa piye ngono. Endah nyenengake senajan ora isa dakgambarake!.
Ngendikane, kerjane neng Surabaya, mulang tah ngursus ngono, nanging saben Jumat sore mulih nang Jember kene.
Wulan kapindho, wulan katelu,..saben dina Sabtu lan Minggu aku tambah semangat yen nglatih Utari, amarga murid kinasihku uga melu teka. Senajan wis wiwit isa, ning Mas Danang ngrumangsani yen kurang latihan lan teorine. Jarene ngono, jarene...
...............................................................................................................
Sore iki aku sakkanca lagi jagongan gayeng neng lapangan, biyasa sapatemon arep latihan bareng sakwise preian dawa, apa maneh ana bab wigati kang lagi anget dirembug. Dosen penanggung jawab, uga pelatihe voli ganti, amarga mutasi dines. Padahal lomba antarkampus wis nyulek mata..., banjur sapa ya dosen sing nggenteni tanggung jawabe?. Jarene jare, sing nggenteni nglatih iki malah atlit voli nasional jaman kuliyahe.
Ana pawongan telu nyedhak. Sajake pihak Unit kegiatan Mahasiswa wis oleh ganti sing nglatih. Sing loro aku paham. Hla kok salah sijine kuwi?. Sapa hayo?. Mas Danang, muridku latihan voli!.
Watekku sing gampang panas ati mumbul. Klepat aku ninggal lapangan!!.

Cuthel
Ingkang ngintun:
E.S. Nurhayati
d.a. MTsN Kencong
        Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong - Jember  (681767)
No. Hp. 085-655085727 / 081-252249232









Crita Romansa "Haryanti"



Haryanti
Apa kang ora isa taklakoni?. Sembarang kalir wis ana, cumepak, lan tumata. Sekolah dhuwur, wis takayahi. Penggaweyan maton, wis ana. Barang kaduwekan?. Luwih teka cukup.
Saiki kari mung siji sing durung taklakoni. Nggoleki pawongan ayu, kembange atiku, sing nate semaya males tresnaku rikala jaman putih abu-abu. Haryanti!
..................................................................................................................
            Bel muni kaping telu. Tandhane jam ngaso diwiwiti. Aku kaya wegah metu saka kelas nek gak digered-gered Abimanyu, kanca sakbangkuku.
            “Ayo, wis. Selak gak weruh sesawangan endah. Arek IPA 3 arep liwat lho?” ujare Abim karo ngethip sisih nang aku.
Sakantero sekolahan ngerti nek aku ngesir Haryanti, kembang kelas IPA 3, ponakane Pak polo sekolahku. Wis ayu, sekretaris Osis, ketua ekstra tari pisan. Dene aku?. Sapa wae ngerti, yen Pramudya Laksana, cah bagus dhewe, ciee, saka kelas IPS 1. Wiwit pak satpam, mak-mak sing dodol neng kantin, bapak ibu guru, bocah saksekolahan.  Apa maneh guru BK, jik ngambu ababku saka walike jumangkahe, wis isa ngerteni nek aku. Kok?
“Laks, ditimbali Pak Syaikhu kae lho. Ana apa maneh?” Widodo ngawe karo alok banter. “Aku mau dipeseni pas ngiseni spidol”. Pak Syaikhu kuwi ya guru BK ku. Meh saben minggu aku sowan neng ruwangane, kaya tahanan wajib lapor ae..hehehe.
“Engko wae lah. Sedhela maneh. Yanti sayangku arep liwat iki lho...” jawabku entheng. Widodo mung ngundhakna pundhake karo nutugna jangkahe.
Tenan, bar kuwi ana bocah mbrubul metu saka kelas IPA 3. Kaya biyasane, prawan-prawan nek mlaku mlipir-mlipir, sajak wedi nang aku sakkanca.
“Yan, njajan bareng yuk?” sapaku nang Haryanti sing nyawang aku sajak piye saka walike kaca matane. Aku sakkanca biyasane banjur ndhesel mbareng jangkahe. “Takbosi, wis”
            “Matur nuwun, ya Laks. Ning aku arep nggarap surat undhangan neng ruwang Osis. Sorry, ya?” jawabe karo mesem sumeh. Sakkal lambeku tumenga ning ora kewetu omonge. Wis ayu, sopan. Sungkan aku arep nutugne mbeda. Siji-sijine cah kelas IPA sing gelem kekancan karo aku!
            “Aku gelem Laks” malah Galuh, sing nutugna semaur karo kethip-kethip ngece. Galuh, manuk emprit cilik, pawadanku kanggone sing pawakane mrengil cilik, ning swarane jian cetha cemengkling yen maca Pembukaan UUD 45, kanca sakbangkune Haryanti, uga comblangku nang dheweke. Aku mung isa mencirengi!.
Sakwise kuwi, agahan aku jumangkah nang ruwang BP.
            “Saiki alasanmu apa maneh?. Wingi ngenjlokna LCD neng kelas. Saiki mluntir tangane arek kelas siji” pak Syaikhu mencereng nyawang praenanku. Aku mikir sakdurunge njawab.    Aku gampang muring-muring, kuwi kelemahanku!. Lan aku eling, prastawa LCD taknjlokna kuwi amarga Dewi ngilokna aku sing kaya ketua preman. Nggantheng kaya ngene diarani ketua preman?. Lambe wedok sokur nyablak ae.
Gak srantan aku nyaut sapu arep takthuthukna mejane. Ngangkatku kedhuwuren, nyablek LCD. Untung ditampani Widodo sakkanca sing ngerteni obahe tanganku. Slamet slamet LCDne!
            Lan kedadeyan mluntir tangane kelas siji kuwi esuk mau. Hla mosok, wis weruh bar udan, hlakok nyalip sepedahku saka pinggir kiwa, nggenjrot luwengan banyu sisan. mesthi ae se sragamku klomoh. Takpuntir tangane nalika ketemu neng parkiran. Mosok ngono aku sing disalahna?...hahaha, biyasa anak jantan..
            Mung pawongan siji kang takenut nek ngandhani, ya Haryanti!. Saben aku bar kenek perkara, dheweke mesthi nyelakna methuk aku, lan kanthi swarane kang ulem, dheweke mesthi ngandhan-ngandhani, ning gak ngguroni. Aku mesthi manut. Manute manutku,kaya wong kapok lombok, hehehe. Nanging,..suwe-suwe..witing tresna nggubet atiku!
            “Yan, aku dudu janaka sing isa ngrakit ukara tresna. Pokoke aku seneng sampeyan, piye?” ngono omongku sukur metu nalika aku Haryanti methuk aku sakwise aku nggawe polah maneh.
“Laks, aku seneng uga karo sampeyan. Teges, kendhel lan lucu. Nanging, saiki adhewe wis kelas telu. Wayahe mikirake ujian. Suk nek bar ujian ae takwenehi jawabane, ya?. Saiki ayo lomba nguber biji sing apik dhisik?, ngono omongane Haryanti. aku mung meneng ngrungokake kaya didawuhi Bu Guru. Manut!
Sakbare pengumuman lulusan, aku  didawuhi maneh...
            “Laks, saiki adhewe wis lulus kanthi biji kang apik. Aku uga wis ketampa kuliyah neng bumi klairanku kana. Saiki aku takmapakna awak dhisik kanggo kuliyah, ya?. Sampeyan uga kudu kuliyah. mengko isa bebarengan nduwe gelar sarjana, ya?”. Haryanti sing asli cah Lampung, wis ketampa neng UNILA liwat jalur undhangan.
            “Ning, aku wenehana jawaban Yan. Ben atiku isa mantep mlangkahe!”, ujarku karo manther nyawang dheweke. Haryanti mung mesem. Esem pungkasan kang takweruhi. Wong sesuke aku dipethuki Galuh...lan kaya krungu bledheg.
“Mau bengi Haryanti budhal mulih. Iki ana titipan surat saka Yanti”.
 “Ra sah down, Laks. Sampeyan isih isa sesambungan via dumay, ta?” bacute omonge Galuh wektu kuwi. “Saben dinane kekancan karo aku wae”. Galuh ndilalahe klebu sakkampus karo aku neng Malang.
Aku ora isa semaur nganti Galuh Kinasih mulih. Mung saklembar tulisane sing nganti lepek takgawa, takdeleh njerone dompetku. Layang kawitan uga pungkasan sing dititipna nang Galuh.
Laks, saumpama sampeyan wis nampa layang iki, elinga ya, senajan adhewe adoh-adohan, aku tansah ndongakake muga-muga Pramudya Laksana, kanca kinasihku, lancar kuliyahe, lan mengkone dhuwur drajate. Amin.
            Kekancan surate Haryanti ing dompetku, aku kaya entuk suntikan semangat kanggo brubah dadi pawongan kang luwih apik. Saben arep ngglewar laku ngiwa tah mbaleni tindak nakal, kaya ana wewayangane sakngarepe mripatku. Tenan!
Haryanti nuhoni janjine. Dheweke tansah aweh semangat panjurung marang sakabehing kegiyatan positif kang taklakoni. Mulakna aku janji, yen lulus lan cekel gawe aku kudu isa methuk Haryanti. Lan Haryanti mung ngrespon kanthi emoticon jempol, hehehe.
Meh wisudaan, Haryanti pamit nang kabeh kanca gak ngaktifna samubarang sosmed-e, tanpa nyebutake alasane. Aku kober njilingi gak karuwan, engga Galuh lan kanca-kanca lawas sing isih ngupeng padinanku ngerih-erih lan marasna gelaku.
“Wis ta lah..aja kuwatir,...dina isih dawa, sing penting kowe fokus lulus sarjana dhisik, Laks” ngono janjine Galuh. “Yen isa, methuk bocahe nek wis cekel gawe. Sisan dilamar wis..”.
..................................................................................................................
 “Luh, aku kepingin mara nang omahe Haryanti, aku wis weruh alamate” WA-ku nang Galuh awan kuwi. Aku wis ora isa nahan kangen sakwise wis oleh gaweyan maton setaun iki. Wewayangane Haryanti kaya saya cetha neng ngarepe mripat!
“Arep mrana?. Aku melu” jawabe Galuh cekak lan meksa. “Aku ya pengin pethuk Yanti” bacute. Aku ra isa njawab.
“Aku kudu melu Laks. Yen kowe semaput neng kana, sapa mengko sing nulungi?”. Galuh, nguber ngomong.
”Semaput kepriye?. Ana-ana ae, Luh”, jawabku karo ngguyu amba. Kurang sakjangkah maneh!
Rong ndina sakwise kuwi, taksi kang takcarter saka bandara mandheg neng ngarepe omah nomer 33 Blok K Kompleks perumahan Sekar Sari Kedaton Bandar Lampung. Atiku wiwit drumband-an. Piye ya panampane Haryanti nyawang blegerku saiki?. Aku gedheg-gedheg dhewe mbayangna.
Sakwise metu saka taksi, kaosku sing wis rapi saka hotel mau, taksawang neng kaca riben isih tetep rapi jali. Galuh nyebek karo nggablok gegerku. “Pancet elek!”aloke.
            Nganti...
            “Pinarak, Mas Mbak?. Madosi sinten?”sawenehing ibu minarakna kanthi praenan sajak gupuh.
            “Ngapunten, leres niki dalemipun Mbak Haryanti?”. Panyawange ibu mau kaya kaget, ning mung sedhela, banjur manthuk. Sakwise kuwi mbalik mlebu menjero njupuk tas tenteng. Aku lan Galuh kamitenggengen neng ruwang tamu.
            “Kula ajeng enggal dhateng griya sakit, nengga yoga kula sing wekdal niki nembe opname. Niki wau..” ibu mau ora mbacutna ngendikane. Aku manthuk ngiyani. Lan sakbanjure nderekna menyang rumah sakit. Ora ana jagongan kang wigati sajroning mobil, kejaba ibu mau, ngendikane piyambake ibuke Haryanti, ngabarna sapa aku lan Galuh, uga piye mula bukane kok jug tiba nggoleki putrane.
            “Haryanti sakmenika dines teng mriki. Hla kleresan...” durung tutug ngendikan mobile mlebu parkiran lan wis dipapag wong wadon nganggo klambi sragam biru enom.
“Niku, Haryanti” ibuke nduding menjaba. Kaya ngapa bungahe atiku nyawang Haryanti saka walike kaca. Panggah ayu, luwih ayu malah saka foto-fotone sing diupload neng sosmed mbiyen.
Agahan aku, Galuh metu saka taksi lan mbaturi nggawa bantal guling gawane ibu. Panyawangku tempuk. Aku lan Haryanti ora ana sing isa kumecap. Ibuke tanggap ing sasmita, ndhisiki mlaku mlebu. Galuh mlayoni lan nggapyuk. Sakwise kuwi, Haryanti nyalami aku.
“Laks?” mung ngono panyapane. Mripate kaca-kaca. Aku manthuk lan nggegem kenceng tangane!
...............................................................................................................
Aku mulih karo nyoba ngedhem ati. Galuh ora kumecap ing sandhingku. Dheweke rumangsa salah ngejarna aku nguripake pangrasa tresnaku saksuwene iki. Galuh wis ngerti  yen Haryanti wis rabi. Malah rabine wis rong taun kepungkur, pas wektune nalika dheweke off saka dumay.
“Mas, niki rencang kula sekolah jaman SMU. Pramudya Laksana lan Galuh Kinasih. Sakmenika kekalihe sampun dados tiyang hebat, lho?” ngono ukarane Haryanti terang trawaca, teges kaya sing takkenal mbiyen, nalika njelasna sapa aku nang pawongan kang lagi opname, ya sing takparani mau. Pawongan kang disapa, Mas kuwi pranyata bojone Haryanti!
Cuthel
Ingkang ngintun:
Eni S.
d.a. MTsN Kencong
        Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong - Jember  (681767)
No. Hp. 085-655085727 / 081-252249232
Rekening Bank JATIM Capem Kencong
a.n. Eni Siti Nurhayati no. 1412015009

           

Crita Romansa "Prisma lan Prasetya Janjine"



Prisma lan Prasetya Janjine
Kerja neng laboratorium ngene iki pancen mbutuhake katlatenan kang luwar biyasa. Untunge swasana neng kene pancen nyocoki. Sepi. Tenang. Adoh saka karameyan. Ya neng kene iki panggonanku kerja. Pusat penelitian holtikultura ing Batu Malang.
“Mas Pras, mengko awan sampeyan wis ana sing ngasisteni, dadine ben gak sepira ribet maneh” ngono ngendikane Bu Kusumawardhani, pimpinanku. Aku mung manthuk karo ngguyu. Asistenku wingenane dipindah nang luwar jawa, ngetutna kakunge sing tugas belajar neng kono.
Sakwise istirahat awan, aku mlaku kledhang-kledhang nang ruwanganku sing panggonane mencil wetan dhewe.
Ana wanodya ngangge kacamata rambute dawa dikuncir siji lungguh anteng madhep ngidul. Krungu klesete sepatuku, dheweke noleh. Panyawangku karo tempuk. Aku ora pangling,...iki Prisma bubur!.
.....................................................................................................................
Telung taun kepungkur...
Wong yen lagi gandrung ra perduli mbledose gunung, wong yen lagi naksir, ra perduli ana perang nuklir. Najan lagi bokek, direwangi nrethek-nrethek, ...
Alah-alah lagune Mbakyu Waldjinah jian cocok iwak endhog kanggoku esuk-esuk ngene iki. Hla piye, wayah preian kuliyah semester enem iki aku entuk panglipuran,  saben esuk aku nduwe pakulinan anyar methangkrong neng ngarepan ngadhang tangga idolaku liwat, biyasane yen jam lima ngene iki dheweke mlaku-mlaku karo adhike.
Prisma Adiwiyata. Tangga nunggal tembok. Sakjane kenal wae ya ora. Omahe ki nunggal tembok karo omahku. Biyasa perumahan. Lha, kamarku rak mburi dhewe, sajake kenceng pawone. Engga aku ngerti jenenge saka ibuke yen nimbali jenenge. Prisma..., Prisma..., Prisma Adiwiyata...jian khas. Kaping telu. Sing pungkasan mesthi diceluk jangkep. Lelet sajake areke, ngono batinku kawitane. Ning suwe-suwe, sakwise semingguan kaya ngrungokake lagu kang ngangeni. Mesthi kepingin ngrungokake. Hehehe..
Ora let suwe biyasane banjur keprungu swara, “Ibuk sayang, kula sakniki mlampah-mlampah kalih adhik, sekalian tumbas tempe, nggih?”. Liya dina, tumbas cambah, liya dinane maneh, tumbas tahu, liya dinane maneh,...
Hla yen wis ngono, aku gegancangan mlayu menyang teras ngarep siyap-siyap nyawang!. Lan, ...mesthi sakbanjure ana bocah loro reruntungan mlaku liwat ngarep omahku. Sing gedhe, cewek ayu, pawakane lencir cilik dhuwur.Dene adhike, lanang,  sakumuran adhikku ragil.
Wis mung ngono?. hla ya, wis. Wong pancen aku ora kendhel nyapa. Sedina, rongndina, seminggu nganti ...
Ding dong..ding dong..swarane bel ngarep keprungu. “Neng ndi se menungsane kabeh iki mau?” batinku nggrundel, amarga lagi enak-enake mapanake komputer neng kamar. Wong lagi wae adhik-adhikku jagongan rame neng ruwang tamu.
“Assalamualaikum, Mas. Kula dipun utus ibu ngeteraken bubur” cluluke. Praenane kaya wis kulina, ning sapa, ya? Isin aku gak ngelingi anak-anake tangga, apa maneh sakwise kuliyah.
“Kula Prisma, dipun utus...” ceket-ceket taktampani piring plastik sing dilemeki kertas minyak mau. Prisma?...adduh, kaya kulina krungu?. Ealah, ya bener nek aku gung kenal. Prisma. Prisma Adiwiyata!. Taksawang saktleraman bocahe prasaja. Rambute dawa ditaleni kuncir siji. Ora ponian. Ning praenane sumunar nyenengna.
“Piringe dipun paringaken sisan, kok Mas. Monggo...” pamite sajak piye nyawang aku sing mlenggong kaya sapi ompong. “kalih menika, ngaturaken undhangan hajatan mangke dalu” si bubur eh Prisma ngelungake kertas undhangan. Taktampani.
“Oh, enggih Mbak. Matur nuwun. Salam katur ibu” jawabku.
“Eh, sekolah teng pundi Mbak?”takonku nalika Prisma meh tekan teras. “Aku mpun kuliyah, Mas. Semester loro” jawabe karo noleh, lan...ninggali esem sakjlirit. Kuliyah?. Oh, Prisma Adiwiyata, wis kuliyah...batinku ngrenda crita karo mbalik mlebu.
“Pras, bapakmu gentenana kenduren, bapak durung rawuh seprene” ibuk ngendika sakwise jamaah maghrib. Biyasane aku alot yen diutus nggenteni kenduren. Ning dinane iki aku siyap grak!.
“Aku wae, Mas. Aku mesisan arep dolanan karo Prisma” adhikku lanang nrambul omong, ngelingi aku biyasane aweh sewu siji alasan kanggo nulak.
“Haiyah...dolan karo kenduren iku beda, Gus. Ndhereka Mas Pras ya gak pa pa. Ning menenga njaba, dolanan karo Prisma” ibu nengahi karo tindhak ngarep nutugna ngaji bar Maghrib.
Kupingku semliwer jenenge Prisma. Iki Prisma sing ngendi maneh?. Sing cilik mbokmenawa. Mulakna ta lah..nek nduwe anak ojok dijenengi padha ta Pak..Pak, wis sing bar ngeteri bubur takjenengi Prisma bubur ae..batinku nyuwara dhewe karo mlebu kamar arep ganti sarung.
Aku ngrungokake wae jagongane tangga kiwa tengene lungguhku. Jarene pak Sofyan , bapake Prisma, iki pengusaha sukses neng jakarta. Liyane semaur jarene uga anggota dewan . Ning yen nyawang blegere isi omahe pancen ya mathuk. Sugih, prabotane berkelas.
Taksawang saka ruwang tamu, neng ruwang tengah cah-cah wadon uga melu lungguh jejer. Lan, Prisma bubur uga ana. Panyawangku tempuk nalikane Prisma nyawang lurus nang ruwang tamu. Dheweke ngirimake esem sakjlirit maneh. Adduh...atiku mak pyar pyar. Mbokmenawa esem mau berlaku umum, ning ra pa pa, ngilangi ngantuk..kenduren berbonus sajake, hehehe.
Sakwise ngumpulake kuwanenku,mumpung durung mbalik mlebu kuliyah maneh,  sesuke takwanekna medayoh.
“Madosi sinten?” bocah lanang cilik takon nalikane aku manyuk menggok omahe. “Sampeyan mase Bima, nggih?” unine cerdas.
“He, aku nggoleki Mbak Prisma Adiwiyata. Ayo timbalana” omongku karo nampani salamane. Bocahe mung mlorok, ning banjur mlebu ngomah. Hahaha...sakwise kuwi sakomah ngguyu kabeh lan dadi crita dawa. Wong sing jenenge Prisma Adiwiyata ya cah cilik kancane Bima. Dene mbakyune jenenge Prisma Purnamasiwi. Owalah...
Gela uga aku gak isa methuk Prisma bubur. Dheweke wis mbalik nang Purwokerto sakwise kenduren wingi. Kepancal sepur sajake aku iki. Untunge ibuke gelem menehi nomer hapene.
Wiwit dina kuwi aku nyelakna jagongan tah sms-an karo Prisma bubur. Gayeng, bocahe nyenengake. Malah aku wis kangsen suk nek preian maneh arep takjak kliling-kliling kabupaten Jember. Nang Watu Ulo tah nang Puger, nang Paseban, apa nang Gunung Tembok, saksire wis.
Malah, sangking ra isa ngempet krodhane ati, sawijining dina, meh preian maneh, Prisma taktembak liwat telpon nganggo video call. Hla piye, atiku wis muntup muntup kaya udun arep njebrot. Timbang keliya, sakdurunge kuwi taktaleni omongan dhisik.
“Suk wae Mas nelakna maneh nek wis kepethuk. Lucu, ah...ngomong tresna kok liwat telpon..hehehe”jawabe Prisma nyenengna karo nutupi raine. Lan iki takanggep pratandha...
Ah ndonyaku tambah dina tambah endah tan kinira, semangatku sansaya nyrempeng kumudu-kumudu enggal lulus ae!.
Nalikane aku mulih preian kuliyah, taksawang omahe Prisma sepi mamring, njerone peteng ndhedhet. Malah sajak kekuncen rapet. Mung lampu terase murup manther.
“Bu, griya wingking kok sepen?. Wau ba’da Subuh nggih mboten kepireng swanten mungel Prisma..Prisma..ngaten” aturku nang ibu sing lagi nyapu latar.
“Oh, sampeyan uga nyetitekna ta, Le?” ibu ambegan landhung sakdurunge nutugake ngendikane.
“Pak Sofyan, seminggu kepungkur digawa polisi. Katut masalah korupsi neng Jakarta kono. Amarga gak kuwat ngrungokake guneme tangga, Bu Sofyan nyimpang bali mulih nang nggene wong tuwane. Wis, cetha?”.
Atiku sakkala mingkup. Kembang atiku lunga. Sing korupsi rak bapake?. Kok nganti anak bojone katut-katut?. Mulakna kok seminggu iki uga Prisma gak kenek takhubungi?, pikirku dheweke repot arep mulih.
Isih dumeling sms-e pungkasan...”Mas Pras, saumpama kanthi,  mbuh suk kapan aku mesthi nggoleki tresnamu...”, tibake kaya ngene kedadeyane...
“Hla sing melok mangan asile korupsi rak ya anak bojone, Mas. Korupsi mangan dhuwike rakyat...wow...sapa gelem tetanggan karo wong kaya ngono” unine kang Paijan , rewange bapak, nalika aku miterangna kabar korupsine Pak Sofyan. Aku mung isa ambegan landhung. Kang Paijan kuwi makili swarane wong cilik. Yen wong cilik wis nerapna sanksi sosial, akibate kanggo koruptor ya ngono kuwi dadine. Didohi tangga, senajan bener orane jik durung diputusna!
Pedhot kaya layangan kang nyangsang ora genah panggone. Atiku klayung nampani tresna wurung. Mulakna sakwise wisuda aku langsung wae nampani penggaweyan neng Malang kene. ngedhem ati uga menepna pikir. Lakuku jik adoh, nyembulih wong tuwa dhisik wislah..
.................................................................................................................
Telung taun ora ketemu Prisma. Aku gak pangling blas. Dandanane ora malih. Kanthi tatag Prisma nyritakake lelakone uripe sakwise bapake kinunjara. Wingenane dheweke nyambang omah Jember sing sakjeg ditinggal kae dititipake bapak ibuku dikon nyewakna tah dipiye kono. Nanging ora. Omahe tansah diupakara kanthi becik nang wong tuwaku lan yen sore dikanggoake papan ngaji TPQne ibu sing saksuwene madeg ora nemu panggonan permanen. Lan Prisma ngerteni yen aku ana Malang kene ya saka ibu bapakku.
Aku mung meneng ngrungokake. Aku paham lan ngerti. bapak ibu uga wis ngerti lan ngetutna apa krenahe atiku. Ora ana dosa turunan kanggoku. Prisma tetep Prisma kang taktresnani. Cukup kuwi.
“Saumpama sesuk awan aku sowan ibumu lan matur yen arep ndadekna  sampeyan asisten uripku, piye Pris?”.
Prisma nyopot kaca mripate. Kekembeng luh nambahi ayune. Prismaku kang netepi prasetya janjine!
Cuthel
Ingkang ngintun:
E.S. Nurhayati
d.a. MTsN Kencong
        Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong - Jember  (681767)