Halaman

Translate

Minggu, 29 April 2018

Sepurane Aku, Rangga (Crita Romansa)


Sepurane Aku, Rangga...
            “Sepurane sing akeh Rangga”, mung kuwi ukara sing kewetu saka lambeku mungkasi telponmu sing mbuh wis kaping pira taktampa. Nanging, kanggoku, jawabanku iki wis final. Sepurane aku, Rangga...
..........................................................................................................................................
            Sapa wonge sing ora kepengin urip sempulur, langgeng bale somahe? Nalikane ngucapake ikrar ijab kabul nikahan, ora nate kepikir yen urip jejodoan bakale keputhes neng tengah-tengahe dalan. Alangan, rintangan, godha mesthi ae ana. Gak mungkin ta lah urip mulus kaya dalan tol. Sakdawane dalan mesthi ana ri, watu, utawa malah kayu gedhe ngalangi. Kuwi wajar, biyasa. Godhane urip iku bumbune rumah tangga sing ndadekake tambah legi lan nikmate lakune panguripan.
            Nanging aku pancen pindha kayu cilik kang garing kurang banyu, nalikane angin godha saya suwe saya banter, aku gak kuwat nglanggati. Takeklasna bojoku kinasih katut angin kang ngguleti. Aku wis eklas, ridlo...tinimbang aku nggrantes lan mati kepithes.
            Yo ngono kuwi kedadeyane, ra usah welas neng aku, akeh kok wong ngalami nasib kaya aku. Dicritakna dawa,...njelehi kanggone sapa ae sing ngrungokna.
Nalikane urip dhewe , rong taun iki, aku malih nduwe wektu kang longgar kanggo ngiseni urip nyenengna ati. Urip nggolek apa se? Rumah tangga, wis tau. Anak, yo wis nduwe. Penggaweyan maton ? senajan asil gak sepira gedhe, aku jik iso ceker-ceker dhewe. Kurang apa?. Saiki kepingin turu sedina dher, keturutan. Kepingin njajan sakwarege, gak ngurus bobote awak mundhak ndedel, it’s oke wae. Bebas ngatur awakku dhewe!.
Asline, gak kabeh uwong seneng nyipati yen ana randha. Ora nate didelok sing salah sapa, koyoke kabeh randha digebyah uyah padha eleke. “Wong wedok kemendhel ninggal bojone, arep golek sing kaya apa maneh?, salah pisan pindho iku biyasa”, akeh-akehe omongan sing takrungu kaya ngunu. Dapak’o sing ngomong wong lanang, sing ngomong malah padha wedoke. Aku gak ngrewes. Sing nglakoni aku, sing ngrasakna aku. Sing nggawe keputusan yo aku. Iki urip-uripku dhewe!.
Coba ae nek ngalami dhewe, nduwe bojo sing nggantheng, bolak-balik katut wong wedok liya kanthi alasan nggoleki apa sing gak ana neng bojone, ya aku iki. Kurang ayu, kurang romantis, kurang mbodi...nggoleki kurang, akeh ae kancane. Wong pancen kurang gak iso ngilang, hehehe...
            Mulane aku tansah ngati-ati neng sakparipolahku. Apa maneh yen gepok senggol  karo kanca sing wis nduwe bojo. Wedi diarani sing ora-ora.
            Ana siji selingan uripku sing paling taksenengi saiki, yoiku iso kekancan maneh karo kanca-kancaku sing lawas. Eh, tibake kanca sekolahku sing lanang bujang yo jik akeh. Malah ana  sing wis duda barang. Hla iki...
            Yo duda siji iki sing ndadekake atiku kebat-kebit.
            “Hara, koyoke adhewe jodho ya?, aku nduda kowe dadi randha...”, Rangga mbukak omongan liwat telpon. Heran aku, limalas taun gak tau ana kabar, kok yo saiki ngerti nek aku wis...?. tur nek nyeluk aku mesthi Hara, padahal celukanku Rani. Maharani!.
            “Aku dikabari Wida, malah njur diwenehi nomer telponmu. Tapi Wida aja diseneni, soale dheweke wanti-wanti gak oleh ngomong nek aku diwenehi weruh dheweke!”.
            Rangga iki kanca SMA-ku. Ketua kelasku jaman semana. Yen takelingi, ya Rangga iki sakjane siji-sijine wong lanang sing temen-temen nyenengi aku. Nyenengi aku nalika aku kelas loro, nanging aku gak iso nampani tuluse tresnane. Liwat surat balesanku, Rangga taktolak alus, amarga wektu iku aku wis nyenengi cah liya. Aku nyenengi kancane Rangga, sing luwih nggantheng. Temenan, aku gak munafik...bocah sakumurku wektu iku yen golek pacar mesthi sing nggantheng, pinter, ...lan kabeh kaluwihan sing nek iso nglumpuk neng wong siji.
            Rangga kuwi manis, praenane biyasa ae, rambute brintik, wonge serius yen tandang samubarang. Cara mbiji pawongane Rangga nganggo ukuran neng sekolahan, bijine Rangga yo pas KKM-lah,...KKM kuwi Kreteria Ketuntasan Minimal, alias pas-pasan, nggak nggantheng yo gak elek, hehehe...
Nanging tresna masalah ati. Gak iso dipeksa utawa diarahna. Atiku wis mantep neng Mas Aangku. Mas Aangku, tresna kawitanku. Nanging, sakwise taktulak, Rangga lara suwe...nganti meh sakwulan. Kanca-kanca sakkelas nutuh aku penyebabe. Malah kanca sakbangkune Rangga ngomong terang-terangan yen larane si Rangga amarga tresnane tak tulak. Hla iki!. Mbuh sapa sing nyritani, nganti guru-guru saksekolahan ngerti. Hla piye, wong pancene Rangga klebu murid berprestasi. Mulane, aku dikon guru BP nyambang.
            “Rani, kancamu, si Rangga sambangana. Larane lho salah sijine gara-gara kowe!”.
            “Kok ngaten, Pak...wong kula mboten salah?”
            “Wis, pokoke ndang disambang. Wong nyambang kok ngenteni nduwe salah. Nek gak,...kowe karo pacarmu taksetrap!”.
Wih...guru BP ngultimatum kaya ngono. aku, Mas Aang, lan kanca-kanca sing biyasane sakgrup sepakat , sorene aku sakrombongan nyambang. Jane wis bolak-balik ana kanca sing nyambang, aku ae gak tau melok. Aku wedi yen ketemu Rangga. Amarga sakwise taktulak, Rangga kaya kudu nyedhek ae. Wis naluri, wong wedok nek diuber-uber wong sing gak disenengi, rak isone mlayu ngedoh, ta?.
            Numpak sepeda jengki tumuju desane Rangga. Biyuh adohe...nem kilo. Desa Jombang, lurus ngalor...ngliwati kebun-kebun jeruk sakdawane dalan cilik nganti tutuk omahe Rangga neng Desa Wringinsari.
            Kabeh kanca njurung aku dikon mlebu kamare Rangga, sakwise liyane wis dha nginguk. Mas Aang njawil aku karo ngomong,”Ndang ngomonga, apa tah apa ngono. ben Rangga gedhe atine!”. Atiku gojag-gajeg. Akhire...
            Aku nyedhek. Rinda karo Yuli mijeti sikile. Tanganku melu ngemek-emek sikile sing dislimuti. “Ngga, ndang waras,ya?. Sepurane aku nek ana luputku. Sesuk mlebu sekolah, ya?”. Rangga mung manthuk karo mripate merem. Arep ngomong apa maneh?.
.........................................................................................................................................
            “Aku wis nduda patang taun, Ra. Aku mbiyen rak rabi oleh randa sing wis nduwe anak, tibake nganti anak puponku gedhe-gedhe, aku gak nduwe anak dhewe. Mulane aku ngejak pisahan wae, wong aku rabi loro gak diolehi!”, critane Rangga.
            “Kowe kok tibake gak dadi karo Aang?. Weruh ngono mbiyen karo aku ae, Hara...Hara...”. “Lair, mati,  jodho, rejeki wis ana sing ngatur, Ngga...Ngga...”, jawabku entheng.
            Sakjeg kuwi aku sesambungan kekancan maneh karo Rangga. Gak pa-pa, pikirku. Wong gak ngganggu sapa-sapa, padha ijene. Guyon bareng kanca-kanca liyane neng facebook, BBM, tah whatsapp.
Malah nalikane aku ngetutake lomba anakku neng Jakarta, dheweke nyelakake teka methuki aku karo anakku. Jan pangling tenan. Rangga saiki wis dudu bocah ndesa sing bijine suwidak lima, saiki malik grembyang dadi wong sing gagah pideksa, sandhang penganggone sarwa pantes, hla siji iki sing malihe pol. Kok kulite wis gak ireng maneh? Kukule sing mbiyen kebek yo wis ilang. Ealah,...yen aku jaman enom melik wong nggantheng, Rangga saiki luwih saka nggantheng. Apamaneh, nyawang mobile...byuh...byuh...
            “Hara, mbiyen kowe nulak aku. Yen saiki aku mlebu atimu maneh, piye?”, Rangga ngomong kaya ngono nalikane ngebel aku kaya biyasane sakwise sapatemon ing Jakarta. “Aja kesusu menehi jawaban. Santai ae,...”.
            Sedina, rong dina, seminggu, aku nglimbang pikiranku, nganti Rangga ngebel maneh. Nanging aku, atiku rasane wis gak iso klebonan ati liya maneh. Cukup sepisan. Lara ati sepisan. Aku wis gak wani maneh ngliwati dalan urip sing padha. Masiyo ta, cara numpak kendaraan, kendaraane ganti, takpikir mbesuke mesthi masalahe padha ae. Aku kanji temenanan!.
            “Rangga, aku gak nate nampik yen sajroning uripku, aku nate nresnani wong lanang luwih saka siji, nanging mung kowe siji-sijine sing nate ntresnani aku. Sing nganggep aku wanodya sulistya sakndonya. Nalikane wong lanang sing taktresnani nganggep aku kaya barang pawuhan, kowe nglungguhna aku neng posisi sakpantese. Aku matur nuwun...”
            “Nanging, Rangga. Ijik akeh wong wadon neng njaba kono, sing siyap nampani tresnanmu. Aja milih aku, amarga aku, mbokmenawa dudu pilihan kanggomu maneh. Aku wis ngejur atiku,...aku wis gak nduwe ati, Rangga!”.
            “Kowe nulak aku maneh?”, Rangga nyuwara atos.
            “Ora nulak Rangga. Pikiren sing jero, ya...niyatmu pisah karo bojomu alasane apa, kowe mbutuhna wong wadon anyar amarga alasanmu kepengin nduwe keturunan.  Iya, se?”.
            “Bener”, Rangga njawab.
            “Aku wis nduwe anak, Ngga. Terus sampeyan kudu ngerti, aku wis gak kepingin nduwe anak maneh. Aku emoh!”.
            “Hara, masalah ngono dipikir karo mlaku. Sing penting kowe saiki gelem thok!”.
            “Ora, Rangga. Aku gak iso!...”.
            “Hara, gak pa pa aku gak nduwe anak dhewe. Aku iso ngewangi nggedhekna anakmu!”.
            “Aja, Rangga. Aja mbaleni crita lawasmu maneh...”, jawabku. Keprungu swara ambegan landhung neng pucuke telpon.
            “Rangga, sepurane sing akeh...”, telpon taktutup. Ana rasa semedhot neng atiku.
            Ibarate barang, aku wis barang second hand, umpama kertas aku wis lungset. Aku ora ngendhani tresnamu sing aji  kaya nalika aku jik wutuh mbiyen, ndadekake aku iso mbiji wong lanang siji lan sijine. Nanging Rangga, aja entekna uripmu kanggo aku sing nate nulak tresnamu, batinku ngentepi putusanku.
            Saka kadohan binarung angin wengi kang mlayu ngulon, taktitipna dongaku muga-muga panulakku ora nggarai lara atimu maneh. Muga-muga jodho kanggomu enggal mbok temokna. Amin.
Cuthel



Jumat, 20 April 2018


Sinambunge Tresna kang Kacuthel

Saka kadohan taksawang bunda wis jumeneng ing ngarep omah, sajak ngenteni tekaku! Setengah keplayu aku marani sakwise markir mobilku. Bunda nglukis guyu sumringah sinambi dleweran eluh. Bundaku, bunda sing mbokmenawa gak ngira nek aku isih uga ngugemi tresnane, ora nate nduwe niyat ngliyakna!

“Aku wis ngerti. Ibu wis ngerti, Mas. Ora usah wedi crita. Ibu gak pa pa. Malah ibu kuwatir sampeyan gak gelem bali meluk ibu maneh” ngendikane karo meluk lan ngarasi bathukku. Pancet, koyok jaman cilikanku. Adhem sanalika atiku. Sinambunge tresnaku karo bundaku, ora bakal kacuthel!

***
Ibuku, Bunda Wilda Kartika, pawongan kang tansah ngebeki atiku kanthi tresnane. Meluk awakku nalika kejer nangis gak onok sing nggape nalika isih cilik mula. Bundaku, bundane Dhik Guntur karo aku, Dahana Pramuditya. Bunda kang kanthi asih tanpa pilih kasih nggedhekna aku.
Kok nggedhekna? mesthi  kewetu pitakonmu koyok ngono... , ora sah isin ora usah ewuh pakewuh. Kasunyatan, kok!

Kanca, Bunda Wilda pancen garwa kapindho bapakku. Ibu sambungan kanggoku. Sakjeg jumbleg aku ngenal jenenge ibu, ya Bunda Wilda kuwi ibuku. mulane senajan kawit aku ngerti ukara, isa ngerteni crita, sakehing pawongan kang ngandhani  yen piyambake dudu ibu kang ngandhut aku, ngene-ngene lan sakpitunggalane, tresnaku ora suda, ora owah utawa geseh. Tetep!

“Mas Dahana ki dudu putra asline Budhe Wilda. Ibuke neng kono lho, neng suwarga” ngono ngendikane Bulik Amini saben ngiyami aku bareng putrane yen pas dijak dolan neng daleme.
“Putrane Budhe Wilda iku Mas Guntur...”cluluke maneh. Dudu aku nek meneng ae dikojahi koyok ngono. senajan isih cilik, aku ya nduwe lara ati, banyu neng njerone bakku tak sirat-siratna karo nangis banter.

Critane, bapak krama karo Bunda Wilda krama nalika aku isih bayi umur setaun. Neng ngendi ibukandungku? Adduh, nyritakna ibu kandungku, koyok-koyok aku emoh ngelingi critane. Pokoke, saiki ibuku Bunda Wilda. Wis cukup. Titik!

“Mas, bothok simbukan, orem-orem tahu tempe, uga sakabehe lawuh sing onok, nek tutuk asrama ndang dilebokna kulkas. Ojok lali koyok wingenane. Eman nek nganti mambu” ibu kojrah karo iwut natakna bontotanku. Bontotan sing nek isa kuwat seminggu, punjul setengah wulan nek isa, engga aku mbalik mulih maneh, hehehe...

“Ojok lali...” ibu ijik kober ngethip sisih karo nduding mengarep. Aku mek ngguyu ngetutna obahe tangane ibu. Dina klairane bapak, malem minggu mben. Ibu ngerti aku mesthi lali saben ulang taune Bapak. Nek gak diilingna...

Wong wis sepuh ae kok ya jik dibancaki ae nek pas dina klairan. “Bancakan iku tandhane syukur, Mas. Syukur isih isa sodaqoh, syukur isih diparingi nugraha sehat, syukur...” ngendikane bunda saben aku mbantah emoh nekani bancakane sapa-tah sapa batih ngomah, hehehe...

Tutuk asrama isih koyok biyasane watara jam enem-an. Isih longgar kanggoku nata gawan saka ibu, uga lungguh neng ngarep omah sinambi nyawang umek-e warga perumahan liyane.
 Sikilku takslonjorne jogan. Lagi wae miwiti  nyandhak hape nggo ngecek WA, sms, uga sakehing akun liyane. Biyasa, ben gak kudet (kurang update)..wkwkwk, wlijo isuk njebus. “Sampun rawuh, Mas?”cluluke.

Wonge dhewe sing mlebu nyedhek karo ngelungna gethuk lindri senenganku. Dhuwik limang ewuku ditampani, susuk telung ewune taksaki sakwise kuwi.
“Mas, korane...” swarane Bahrun loper koran saka walike pager tetean.olehku nyawang hape kandheg maneh.  Agahan aku ngadheg. Nekkoran kudu takjupuk, mesakna Bahrun nek nganti mudhun ka sepedahe, sida telad engko sekolahe. Taktampani karo ndada bocah sing ngeterake.
Sakdurunge mbalik mlebu, mripatku clingukan nyawang dalan. Biyasane bocah-bocah sing sekolah mulai budhal, karyawan sing kerja ya wiwit mangkat, lan...Aprilia Basuki, bidan ayu sing jik bujang lho..ehm...sandhing omahku jam yahmene biyasane miwiti nyetater matic-e arep budhal nyambut neng klinik bersalin.

Hla, rak tenan...
“Sugeng enjing Mas Dahana, nembe rawuh?” cluluke sinambi ngguwak esem karo nuntun sepedahe, eseme jan gak nguwati. Mben ngono, nek wis ngliwati nggenku, kawit ditumpaki. Duuh, mbuh ya, kok keteg-e atiku saya banter ae dina iki!

Apa maneh wingenane, Dayat, ipene sing uga kancaku kerja ngomong nek April sajake ya ngesir aku, duh..duh..duh..koyok kumudu ngejak ibu takkon nyrapat areke. Nek ibu cocok, enake rak ya ndang takkon nglamar ae...
Bali lungguh maneh. Kawit maca headline koran, onok sms mlebu hapeku. ...Gawat darurat, enggal mrene...saka kantor!

Wah, yen gawat darurat iki biyasane onok wong sing gak betah urip bareng maneh. Aliyas arep pisahan! Lan iki artine onok penggaweyan kanggoku kadidene pengacara. Mung kok ya isuk uput-uput wis njanggrong neng kantor?
Mulakna balesanku ngene...engko wae lah jam kantor. Aku jik kawit tutuk...aku mbacutne maca sedhel asakduruge jumangkah salin klambi sragam. Hei, aja ngguyu lan alok kecut dhisik, aku mau rak wis adus se nalika budhal saka ngomah? Hehehe...

Alah-alah, hape-ku muni terus sajak kebelet rabi. Onok sepuluh sms anyar, uga onok telpon mlebu kaping pindho. Dayat, kancaku siji iki jan gak kenek disemayani!
“Wonge emoh diladeni sapa ae. milih awakmu. Mulakna...” Dayat miterangna karo njejeri lakuku satekaku ing kantor.

“Wonge pengusaha sukses. Nek isa menangna gugatane dijamin adhewe ngene” aloke Dayat klesik-klesik karo ngathungna jempole.
“Apa alasane kok gak gelem diladeni liyane?”
“Anu, polae jenengmu onok embel-embele Pramuditya. Persis padha karo jeneng keluwargane” jawabe Dayat karo mbukak lawang ruwanganku.
Sawenehing priyayi putri sepuh lenggah anteng ing kursi tamu. Nganggo kaca paningal kandhel. Yuswane udakara suwidakan. Yen nyawang tase, uga sandhang penganggone, bener apa sing diomong Dayat, wong sukses.  Mripatku jik nyoba mbiji tamuku.
“Nak Dahana Pramuditya?. Tepangaken, kula...” lan sakbanjure dawa koyok ula crita sing takrungokake.

“...Aku pengin pethuk putuku. Anakkku wedok, Pramudita, mbiyen rabi singit-singitan karo kanca kuliyahe, sing setuju mek bapake. Aku emoh ngakoni. Takjarna, wong ngetutna nang kutha liya. Eh, rong taun bar iku anakku mbalik dhewean. Jarene wis pisah apik-apikan karo bojone.
“ Karo nangis sesenggukan anakku crita nek dheweke gak isa urip bebarengan maneh karo bojone sing dadi mandor neng sajroning perkebunan sawit neng desa kapencil adoh lor adoh kidul. Urip bamban kawitan, samubarang angel golekane. Nang desa sing paling cedhak, nek arep blanja, kudu numpak pikep suwene telung jam. Amarga gak krasan, anakku saben dina tukaran, lan pungkasane anakku pisah karo bojone nanging...anake sing wektu kuwi umur setaun kudu melok bapake!

“ Batinku, akhire anakku isa ngrasakna se piye rasane dadi wong mlarat. Pilih nggamblok wong tuwa maneh, malah anakku njur mbacutna kuliyah S2, S3 nang luwar negeri. Tiba wayahe, anakku takrabekna maneh karo pengusaha pilihanku. Urip rukun seprene nduwe anak wedok telu. Hla aku lho kepingin nduwe putu lanang. Bayangna, anakku wedok telu, putuku sanga wedok kabeh. Hla...dinane iki, sakwise slawe taun gak ngaweruhi, mletik isine atiku pengin kepethuk putu lanangku, sepisan ae...”.
Aku nampani critane simbah sugih iki kanthi tumemen. Pengin pethuk putune sakwise mangsa slawe taun? Anake kok ya isa ngeculna tresna mung gara-gara panggonan? Wong wedok, wong wedok...
“pripun, Mas? Saged mboten kula methuk putu kula?”
“Njenengan pirsa data-datanipun?”
Simbah mau banjur ngetokake fotokopi akta klairane putune sing isih disimpen anake wedok. Lan...kopiku sakkal tumplek nalika aku kawit maca !
***
Bapak mendel nalika aku nyritakake kedadeyan ing ndhuwur nalika aku bali mulih nekani syukuran tambah umure bapak. Saka mripate, bapak ngaba aku dikon meneng nalika ibu mlebu nang kamar.

“Pripun, wonten napa? Brekate kula teraken kiwa tengen , nggih Mas?” bunda nyuwara saka walike slambu. Bunda wanita kang pangerten. Ngerti nek jagonganku gak mbutuhna piyambake. Ah, butuh sakjane, nanging kuwatir...
“Le, piye apike manggon awakmu dhewe. Kowe wis gedhe. Isa milah endi sing apik kanggo uripmu, uga isa milih dalan kang penak kanggo sakabehane. Bapak lan ibu neng kene gak bakal ngengel-ngel. Wis cukup olehku nggedhekna, nyekolahna, kowe saiki kayadene panah sing mlesat, tiba tekan ngendi ae gak onok sing arep ngaru biru. Nanging...”

Buntute ukara bapak iku lho sing angel nglakonine. Nganti aku gak wani mulih sakwise iku kuwatir lambeku keprojolan omong sing isa nggarakna sedihe atine bundaku.
***
Lurus lakuku ngetutna jangkahe suster Ai Puspita...nek gak salah maca jeneng neng dhadhane..., menggak-menggok ing rumah sakit paru sore iki.
“Tiyange sampun gerah dangu. Ning nembe sakwulan niki kersa dirawat teng mriki. Sampun stadium akhir. Dadose...” suster Ai kandheg olehe crita. Tanganku menggak olehe arep nutugna omonge.
Aku wis apal critane. sakdurunge tekan kene, aku wis takon mrono-mrene nggenahna sapa ibuku satemene. Seneng uga ngerteni nalika ibu sing nglairake aku uripe kepenak. Mbangun urip jejodoan kanthi bahagia. Nek nganti lara ngene iki sajake ya pancen wis pesthine. Sapa isa nulak lelara? Senajan dokter ahli ae nek wis ketiban sampur lara ya isa, kok...

Atiku mbiyawarakna panglocitane mbarengi lakuku
...Dahana, ana garis nasib kang ora katon ning nglolor dawa, tumeka ngawe-awe nyambung katresnan kang mbokmenawa isih isa sinambung, sakdurunge kadhung...
Panyawangku tempuk saka ngarepe lawang kang minep separo. Pasien kamar 341 - B nggeget lambene. Ambegane ngongsrong munggah mudhun. Aku diawe mlebu karo pawongan sing mbaturi.
Pawongan sing mbarengi iku, simbah sepuh klienku wingenane.

Cuthel
Sip.
Dhien Nurhayati
d.a. MTsN Kencong
Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong - Jember  (681767)






Minggu, 08 April 2018

Crita Romansa (Nalika Atine Munting)


Nalika Atine Munting
Salah sijine wong sing nate kalah janji yo aku iki. Kalah janji karo sapa?. Karo ibukku dhewe. Telung taun kepungkur aku nate matur marang ibuk yen aku nganti wurung sesambungan karo pacarku, aku gelem digolekna jodho ibuk.
Ndilalah kersaning Gusti, wong ayu sing dadi gegantilaning atiku, Naufa, katut angkatan neng kutha liya, hla kok mung jarak nem sasi wis ngabari yen oleh ganti. Kok gampang men olehe ngalih ati? Salahku dhewe rung kober daksingseti. Nanging yen dipikir dawa, mending pisah saiki tinimbang mbesuk dadi, malah mangan ati. Rak ngono, ta?
Ibuk surak pitung ndina pitung bengi. Wis ta lah, sakjeg kuwi ibuk mulai gerilya nggolekna aku pasangan. Takjarna wae. Lara atiku yo sik durung waras, kok!
Mbuh piye critane, akhire aku dijodokna karo anake kancane ibuk jaman SPG mbiyen. Alasane ibuk, beliaunya nate janjian arep nggathukna putra-putrine. Klop!. Kancane ibuk nduwe anak prawan telu, nomer siji lan loro jare ibuk wis onok sing nduwe. Kari sing cilik, Naila jenenge, kawit lulus SMU. Kacek umur meh nem taun?. Gak kadohen, ta?
Taktutna wae acarane ibuk. Si Naila kok yo gelam-gelem wae. Tunangan, kanthi syarat nikahe yen Naila wis lulus kuliyah. Setuju, wong aku dhewe yo rung karuwan iso seneng tah gak!. Coba dulu...
“Mas, aku emoh yen kanca-kancane njenengan ngerti yen njenengan wis tunangan”, Naila ngajokna syarat nalika bar takurusna samubarang butuhe kuliyah sing ndilalahe klebu neng kampus cidhek omahku. Aku manthuk!. Cocok, aku yo emoh yen kanca-kancaku sing ijik bujang ngerti aku wis ditaleni.
“Mas, njenengan gak pareng ngganggu acara kuliyahku lan srawungku karo kanca-kancaku”, aku manthuk maneh. Wis loro syarate..., “Yo gak lah, wong urusane mben dina gak padha. Kurang gaweyan pa ngurusi kuliyahe kono!”, batinku njawab.
Mulane sakjege Naila  kuliyah, aku mapakna awakku kayadene kakange Naila. Apa sing dibutuhna, yen dheweke ngebel aku mara. Utawa Naila dhewe mara nang omahku njaluk warah apa tah apa, lan iki sing taksenengi, dheweke gelem ngewangi tandhang gawe omah. Yen pas mara, apa penggaweyan pawon gelem nyandhak, mbalekna barang-barang sing ting slengkrah nang panggonane sakkawit, malahan nyapu lan nata kamar yo pinter.
“Mas, yen bar maem langsung dikorahi. Kersane gak numpuk akeh!”.
“Biyasane yo takkorahi, hla saiki mbok sambangi?”, jawabku, lan keprungu guyune sing ngangeni.
Nganti sore iku,...
“Mas, saiki kancaku sakkosan ngerti yen njenengan tunanganku”,  Naila crita karo ngadeg sandhing komputerku. “Aku malih rada gak bebas, diawat-awati kanca sakkosan. Tapi arek-arek gak tak oleh wara-wara!”.
“Kok iso?”, aku ngomong angger wae, karo nutugna ngetik.
“Ibuk se crita neng ibuk kos. Jarene titip-titip, nek onok apa-apa kon ngabari Pak Panca, guru SMU, kuwi tunangane Naila”.
“Rak kowe malih isin?”.
“Mboten,...mek malih gak iso pedekate...”, Naila ngomong terang-terangan.
“Karo sapa?. Aku gak cemburu blas!”.
“Karo...?...erhaes. aku guyon, kok. Yen tenan artine pareng, se?”, Naila nguber takon.”Njenengan dhewe lho gak cinta nang aku!”.Pleg!. Koyok onok sing nampeg dadaku. Naila,...onok-onok ae!.
 “Mbenjing bayarna SPPku, Mas...”, akhire Naila ngomong liya. Naila iki pancen gak iso tah gak gelem ngurusi urusan thethek bengek samubarang sing onok hubungane karo administrasi, emoh ribet jarene .
Sakwise kuwi takrasakna Naila malih arang-arang ngomong yen pas mara. Malah saiki luwih sering dheweke mara karo kancane sakkosan. Yo wis tak mbarna ngono wae, apa maneh neng perumahan kene aku yo mbukak kamar loro takkosna, dadine dha kerep ngobrol karo cah kos nggenku tinimbang karo aku.
Nanging dina-dina iki aku kok mangkel nyang Naila. Taktelpon gak diangkat, tak sms gakdibales. Biyasane yen mung kabar kinabaran, lancar-lancar wae. Taksambangi wae lah,...
“Mas, Naila mpun bubuk”, Erika kancane methuki aku maneh sakwise mlebu nyeluk Naila. “Oh,..”aku nyuwara. Mung ngono...
“Mas, pinarak dhisik. Aku takcrita sethithik”, Erika ngomong karo minarakna aku. Erika ngono adhike  Pak Yuwono, kancaku ngajar. Mung Naila gak ngerti.
“Aku gak manas-manasi, koyoke Naila lagi kesengsem karo kanca nunggal kuliyah. Mung seneng sepihak, kok. Wong Naila yo nyadari yen dheweke wis tunangan” Erika crita runtut.
“Ojok nyalahne Naila, Mas. Pancen umur sak-aku lan Naila rak umur seneng-senenge kekancan. Dheweke kepingin nduwe kanca spesial sing gaul lan enerjik. Yen Mas Panca rak kalem lan kebapakan”, lambene ngecipris.
Aku paham. Luwih saka ngerti.Naila wis mlambangi. Nanging onok rasa semedhot neng njerone dada!.
“Mas, saged mriki, tah?”, awane Naila nelpon. Sakwise ngirim pirang-pirang sms gak takbales. Wegah , penggaweyan sakndayak, kok!. Lan...aku kok iso mangkel krungu Naila kesengsem  someone?. Eh, apa aku saiki cemburu? . Aku njawab,” “Aku gak iso, La. Iki lagi repot ngurusi kurikulum anyar!”. Mreneya, wae piye?”.
Aku banjur nutugna nggarap tugas saka sekolahan karo kanca-kanca nunggal guru. Let dhiluk taksawang Naila teka karo numpak sepeda pancale. Takjarna wae. Biyasane dheweke terus mlebu ruwang tengah. Kanca-kanca gak nggatekna pancen kabeh ngerti yen kosanku papan jujugan arek kuliyah.
Mentas olehku nggarap tugas, kanca-kanca takjak mangan neng cafe ngarep perumahan. Aku sengaja gak nginguk Naila, salahe maubengi taksambang gak methuki. Njajal piye dadine mengko?.  
Nanging aku rada gela nalika aku weruh Naila mancal mulih ngliwati cafe. Taksawang dheweke nglirik ae nang njero kafe. Mesthine weruh sepedahku!. Arep menggak yo piye, wong kanca-kanca gak ngerti yen aku wis ...
“Pak, dipadosi...?”, Eko ngomong gak tutug, Aku wis njawab,”Aku wis ngerti!”. Sakbare kuwi aku cepet-cepet mulih lan ganti klambi kasual lan nganggo clana jeans. Pisan iki aku taktampil koyok sing dipengini Naila. Kawit kenal neng mripate rumangsane aku mung tampil resmi wae. Koyok bapak-bapak?...belum tau dia!. Pancen Naila rung nate takjak dolan, piye arep ngejak wong Naila wis masang peraturan koyok ngono?.
“Mas, Naila tas wangsul, kawit numpak lyn. Sesuk arep mbolos kuliyah!”, Erika nampani tekaku. “Mas, iki mau Naila kawit ngerti yen sing disenengi tibake seneng neng wong liya!”, Erika bisik-bisik. “Cepetan diuber, Mas!”.
“Suwun, ya. Eh, sapa iku? Pacarmu tah?”.
Erika manthuk ngiyani sajak isin. Aku rumangsa seneng Naila nduwe kanca sing apik koyok dheweke. Paling ora aku iso ngerteni isi atine Nailaku!.
Ora koyok biyasane temenanan. Aku kangen eram nang Naila. Kangen aloke sing nggemesi lan manja. Kangen tunanganku sing kepingin nduwe pacar gaul lan enerjik. Hehehe...
Sepeda tak jos nang terminal. Milang-miling bis, hla kae naila wis nyedhak bis sing tumuju kuthane.
Pas sikile arep munggah, aku ngomong “Lala,...aku yo arep mulih. Nglimput bareng sajake kepenak!. Sepedah montoran wae, yo...aku nggawa helm loro!”. Taksawang mripate Naila kembeng luh.
Aku  nyandhak tase lan takgeret tangane. Naila manut.
Nalikane takgonceng sirahe nyendhe gegerku. Tangane takranggeh ben nyabuk rapet karo taktahani nganggo tangan kiwaku. “Nyetir tangan karo, Mas. Bahaya yen mung tangan siji!”, aloke.”Pokok janji gak ucul maneh!”, semaurku. Gak oleh ucul atine lan ucul mulih dhewe maneh!, batinku.
Naila ambegan dawa bolak-balik krasa neng gegerku. Ora takon apa-apa. Batinku nggraita, apa mulihe arep matur yen tunangane diwurungna wae? Apa arep matur yen dheweke kepingin bebas dhisik?.. “Penake takjak mampir mangan wae , mbokmenawa aku iso ngerti apa karepe kok mulih ndadak?”, batinku aweh solusi terakhir.
 Sepedahku tak enggokna neng sawijining rumah makan terapung. Kawit iki aku metu sakloron karo Naila sakwise tunangan mataun-taun!.
Karo mlaku mlebu rumah makan, Naila nyetitekna aku.  “Apa, nggumun, ya?. Umurku jik pitulikur, durung tuwek temenanan!”, alokku karo nyendhul sirahe sing kamitenggenengen nyawang aku, bener yen dheweke sajak terpesona nyawang aku.
 “Mulane tah, sing kerep merhatekna aku, aku gak kalah se karo kanca-kancamu...?”, bacutku karo mesem, banjur tangane dakgandheng mlebu. Ealah, Naila kok yo ngglendhot sajak sayang eram nang aku.
“Mas,...”.
“Apa...?”.
“janjian,nggih?. Gak pareng seneng wong liya nganti suk nikahan!”, Naila ngomong sakwise lungguh lesehan.
“Sapa sing nyenengi wong liya, aku tah kowe?”, aku semaur cepet karo ndingkluk nyawang menu, Naila dhewe durung pesen menu. Iki artine Naila ngejak ngomong serius. Banjur aku ngomong apa sing sekirane dipengini dheweke...
“Aku penak-penakan, kok La. Demokratis wae, yen sakdurunge nikah kok kowe milih wong liya, aku yo legawa. Pokoke sakdurunge janur mlengkung, kowe sik takwenehi kebebasan milang-miling”, mripatku  manther nyawang dheweke. Naila mlenggong nyawang aku.
“Tapi iku uga berlaku kanggo aku, piye...setuju?”.
Naila gedheg sakpol-pole. “Aku emoh, Mas. Gak oleh!”, cepet walese. Hlo tibake Naila?...
“Emoh?. Temen?...nek ngono saiki uga aku arep sowan ibuk bapakmu ben digolekna dina apik. Aku wis gak betah urip adoh-adohan, padahal kowe, tunanganku, onok sacedhakku. Piye?”. Kewetu isine atiku. Tangane takranggeh takregem kenceng.   Nailaku sajake wis netepna pilihane. Aku uga!!.
Cuthel
Ingkang ngintun:
-          Dhienny S.N. -
Eni Siti Nurhayati
d.a. MIN Rejoso Peterongan Jombang (61481)
Rekening Bank Jatim Cabang Jombang
a.n. Eni Siti Nurhayati no. 0112986189







Crita Romansa (Nalika Atiku Munting)


Nalika Atiku Munting  
Nglakoni urip koyok ilining banyu, pancen enak kepenak. Ra usah usaha nemen-nemen. Ra perlu ngaya-ngaya. Wayahe kenceng, wayahe menggok, wayahe munggah, wayahe mudhun, manut...wae. ora wedi resiko. Anaa coba thithik –thithik, kuwi wis wajar lan lumrah. Aman lan nyaman. Ya ngene iki uripku sakdurunge ndonyaku munting.
Munting lan malih. Ora saka tata lairku, nanging diwiwiti saka njero atiku. ati sing seprana-seprene turu angler, ora nate takjak rundingan, saiki atiku senengane gemronjal nakal, gak kenek diaruhi-aruhi. Duh, piye iki?
Uripku normal wae mulai cilik nganti gedhe. Nalikane aku mlebu kuliyah aku ditunangna karo salah sijine putra kancane ibuk, aku yo monat-manut wae. Ibukku rak nduwe uni, yen salah sijine putrane kepingin digathukna karo putrane kanca rakete nalika SPG mbiyen. Mbakyuku karo gak onok sing cocok lan gelem. Tiba aku, aku yo mung enggih, ngono wae. Wong pancen aku sing dicap sedulur-sedulurku “manusia tanpa keinginan”., temenan gak nduwe eguh utawa nolak.
“La, digoleki Mas Panca kae lho?”, Erika ngomong liwat cendela kamar kosanku. Yo Mas Panca iki tunanganku. Pak guru sing ndilalahe panggonane ngajar cedhak karo kampusku. “Omonga, aku wis turu!”, sautku karo nggathukna tanganku loro.”Please...!”. takrungu Erika nggremeng karo mlaku ngedoh.
Yo Mas Panca iki sing ngupek ngurusi kuliyahku mulai kawitan mlebu, daftar ulang nggolek kosan lan sakpanunggalane. Open lan gemati. Aku dhewe kulina diurusi ibuk lan mbakyu-mbakyuku, dadine sembarang trima beres. Mung Mas Panca rumangsaku tumanggepe koyok kakang nang adhike. Boring, ya?
Dinane iki aku pancen ngalami perang batin sing gak tau takalami. Aku hlo seneng karo kanca kuliyahku dhewe. Wisnu, kancaku sing lincah, energik, supel lan gaul. Ngerti apa wae karepku saklumrahe cah enom. Kabeh kanca sakkosan ngerti. Pancen aku gak isa ngempet nggo crita. Lan kabeh uga mahami nang problemaku.
Rasa seneng nang Wisnu mbuh kok menthungul ngono wae nalika mulai mlebu semester telu. Ketua tingkatku iki taksawang pancen jian hebat!. Ngoordinir samubarang kalir cukat trengginas. Kegiyatan apa wae yen dikomandoi Wisnu mesthi beres!.
“Ngomonga nang Mas Pancamu apa anane. Ojok bolak-balik gak gelem methuki. Sak-aken!”, Siwi kanca sakkamarku ngandhani. Batinku, yo bener apa kandhane. Bengi iki kanca sakkosan ngumpul neng kamarku. Rundingan!.
“Ambekno ta lah, wis nduwe tunangan kok yo main api”,Erika nrambul omong. Dheweke iki sing paling gak seneng aku mendua, tapi uga sing paling gelem nglakoni abaku.
“Wisnu wis ngerti ta yen kowe seneng dheweke?”, Fatim metu swarane.
“Yo durung, saiki Lala jik nglukpukna kuwanenane!”, Siwi ngomong maneh.
Mas Panca yen katandhingake karo Wisnu pancen beda banget. Mas Panca kalem, kebapakan, lembut, lan gak pati ngomong. Dene Wisnu ...wah...gaul men!.
Kuliyah jam pertama aku gak iso konsen. Wisnu sing lungguh sandhingku, bolak balik nyawang. “Ngapa ta, La kok usreg ae?”. Aku ambegan gedhe. Munting temenanan aku saiki!. “Hei, suk emben MAPALA kegiyatan maneh. Melu yuk, La?”, Wisnu ngomong lirih. Kegiatan cinta alam pancen salah sijine kegiyatan sing nggathukna aku karo Wisnu. Padha kasenengan, klop!. Aku gak semaur mung manthuk!.
“Mas, kula pengin ketemu?” akhire aku ngebel Mas Panca. Swara ing kono sing biyasane langsung saguh, njawab “Aku gak iso, La. Iki lagi repot ngurusi kurikulum anyar!”. Mreneya, wae piye?”. Aku gak semaur. Dungaren, biyasane yen taktelpon langsung njebus. Saiki ?.
Krana pengin ngudhari pikir, aku mancal nang omahe Mas Panca. Mas Panca manggon ing perumahan sakcedhake kampus, karo nampa kos-kosan. Sapa sing kos?.Mesthi wae sing ngekos cah lanang!.
Nalikane aku teka, ing ruwang tamune tibake rame akeh dayoh. Aku mlebu liwat iringan. Wiih, takinceng teka kaca sidhatan dhayohe wedok loro lanang siji . Guru-guru saiki  enom-enom lan ayu-ayu. Jagongan rame. Aku mbalik metu saka njero omah lan lungguh neng kursi njaba karo nyawang kamar loro neng iringan sing dikosna. Swara saka ruwang tamu jik keprungu ka nggone lungguhku.
“Pak, neng kene dhewekan, ndang golek nyonyah ta?”.
“Durung payu!”, semaure Mas Panca.
“Takgolekna piye, iki Bu Diyah rak jik dhewekan”.
“Piye, Pak. Aku yo setuju!”, swarane wong lanang semaur. Atiku kok njur tab..tab..
“Wis lah. Ayo nggarap. Bab iku kenek dibahas sesuk maneh!”, Mas Panca nengahi.
“Temen, Pak. Selak kedisikan wong liya, lho?”, swarane wong wadon mau keprungu maneh. Mbuh, kok atiku dadi panas.
Let sedhela, kanca-kancane Mas Panca dha mulih. Aku eguh gak ndang mlebu. Nanging nganti suwiii, kok yo gak methuk aku? Mesthine rak yo wis ngerti yen aku mara, wong sepedahku tak jagang neng ngarepan. Akhire aku sing ngalahi mlebu.
Lho gak onok uwong?, tibake ruwang tamu kosong mlompong. Atiku kebrongot. Kawit iki aku ngrasakna rumangsa gak diuwongna.
“Mbak Lala?, Pak Panca njenengan tengga mawon. Sekedhap malih rak wangsul. Biyasane tamune dijak maem teng ngajeng mrika lho?”, ana Eko teka, adhik tingkatku sing kos neng kene.
“Nggak wis, suwun. Aku selak onok perlu liyane!”, aku semaur karo cepet-cepet mancal sepedah.
Aku nglirik neng cafe ngarepe perumahan. Tibake bener kandhane Eko, hla kuwi Supra X-e Mas Panca neng parkiran. Aku titen tulisan N41L4 KU.
Atiku malah munting gak karu-karuwan. Piye iki? Aku gak ngerti apa sing takrasakna. Mas Panca sing sakkawit taksenengi merga pancen tunanganku saiki kok aku sajak...eh mosok aku rumangsa cemburu?. Aku gak nate mikirna yen Mas Panca yo iso ngliya. Ngelingi  wong atiku dhewe iso nglukis wewayangan seje, iku artine Mas Panca?...aku gedheg-gedheg!.
Wisnu wis njenggreng neng ngarep kosan jagongan karo Erika. “La, aku yo melu munggah gunung. Iki aku wis daftar neng Wisnu?”, Erika ngomongi aku. Aku mung manthuk karo mlebu.
“La,...aku pengin ngomong!. Mrene sik ta?” Wisnu nyeluk, aku mbalik.
“Taktukokna es oyen, ya?”Erika banjur metu.
Wisnu ngematno Erika nganti gak ketok mripat maneh. “Ngene, lho La. Kowe rak kanca kenthelku sakjege mlebu kuliyah. aku njaluk tulung iso gak?”.
“Njaluk tulung apa?”takonku goreh.
“Aku wis ngesir Erika mulai kawitan mlebu. Nanging aku gak wani ngomong seprene. Piye miturut pendapatmu?”. Dhuuooorrrr!. Atiku saksisih mbledhos. Tibake Wisnu sing daksenengi meneng-menengan nyenengi Erika. Piye iki?.
“Ngomongo dhewe, Nu. Sing jantan ta lah!”, akhire kewetu swaraku. Erika wis teka karo nggawa es. Erika dakgepuk pundhake, “Ombenen karo Wisnu ae. Aku wis mari ngombe neng omahe Mas Panca?”. Aku ngethipi Erika.
Aku ambegan landhung. Aku takmulih wae, pikiranku semrawut. Sesuk Jumat, tak mbolos sedina. Gak pa pa, pisan-pisan...
Kawit lynku mlebu terminal, onok panggilan mlebu. Erika. “He, nda...tibake...Wisnu?...piye iki? Kowe gak pa pa tah?”.
“Yo gak pa pa, ta lah. Wong aku rak wis nduwe dhewe”. Takkuwatna ngomongku karo mbrebes mili.
“Yo wis, sugeng tindhak. Salam kanggo Mas Panca!”. mbokmenawa batine Erika aku mulih karo Mas Panca. Padahal...
Bar mbrebes mili, rasane atiku mbuh kok mara-mara plong ngono wae. Aku sing saksuwene iki gak isa mbiji piye tresnaku nang Mas Panca, aku kawit nyadhari saiki sakwise ana godha.
Aku cepet-cepet nggoleki bis sing ngliwati kuthaku. Hla iki..., mara-mara tanganku onok sing mbateg saka kiwa. “Lala,...aku yo arep mulih. Nglimput bareng sajake kepenak!”, Mas Panca wis neng sandhingku. “Sepedah montoran wae, yo...aku nggawa helm loro!”.
Aku nggeget lambe. Mripatku panas. Mas Panca nyandhak tasku lan nggeret tanganku. Aku manut.
Nalikane digonceng sirahku nyendhe gegere. Tanganku diranggeh dikon nyabuk rapet karo ditahani tangan kiwane Mas Panca. “Nyetir tangan karo, Mas. Bahaya!”, alokku.”Pokok janji gak ucul maneh!”, semaure Mas Panca.
Aku ngeculna ambegan dawa bolak-balik. Aku gak kepingin ngerti piye critane kok Mas Panca weruh aku mulih.
 Tanpa takngerteni aku sliyut ngantuk, lan sepedahe wis dienggokna neng sawijining rumah makan terapung.
Karo mlaku mlebu, aku  nyetitekna Mas Panca. Gayane gaul banget. “Apa, nggumun, ya?. Umurku jik pitulikur, durung tuwek temenanan!”, aloke Mas Panca karo nyendhul sirahku sing kamitenggenengen nyawang dheweke. “Mulane tah, sing kerep merhatekna aku, aku gak kalah se karo kanca-kancamu...?”, banjur tanganku digandheng mlebu. Jan koyok pacaran neng film-film ngono kae. Romantis..., cie...
“Mas,...”.
“Apa...?”.
“janjian,nggih?. Gak pareng seneng wong liya nganti suk nikahan!”, aku ngomong ngelingi pangrasa cemburuku awan mau. Mas Panca nyawang aku sajak gak percaya.
“Sapa sing nyenengi wong liya, aku tah sampeyan?”, Mas Panca semaur cepet karo ndingkluk nyawang menu. Banjur ngomong maneh..., nyawang aku...
“Aku penak-penakan, kok La. Demokratis wae, yen sakdurunge nikah kok sampeyan milih wong liya, aku yo legawa. Pokoke sakdurunge janur mlengkung, sampeyan sik takwenehi kebebasan milang-miling”, mripate Mas Panca  manther nyawang nunjem atiku.
“Tapi iku uga berlaku kanggo aku, piye...setuju?”.
Aku gedheg sakpol-pole. “Aku emoh, Mas. Gak oleh!”, cepet walesku.
“Emoh?. Temen?...nek ngono saiki uga aku arep sowan ibuk bapakmu ben digolekna dina apik. Aku wis gak betah urip adoh-adohan padahal sampeyan, tunanganku, onok sacedhakku. Piye?”. Tangane Mas Panca ngranggeh tanganku, ngregem kenceng.  Saknalika atiku mbalik adhem. Mantep gak munting maneh. Atiku wis netepna pilihane.
Ngetutna iline banyu tibake yo kudu istingarah ngati-ati. Nduwe gondhelan kemantepan ati kang tetep bakuh lan kukuh. Ben gak kenek ombake banyu sing sakwayah-wayah teka, koyok sing wis takalami. 
Cuthel
Ingkang ngintun:
Eni Siti Nurhayati






Rabu, 04 April 2018


USTAZ KORUPTOR (2)
Kagetku atas ucap nenek Ustaz Bisri berlanjut hingga tanpa sadar ketika seseorang menemuiku di ruang ngaji TPQ. Ya, sesudah salat Isya berjamaah tadi, juga setelah mendengar sesuatu di luar dugaanku, aku memilh menyepi di ruang sini daripada beramah tamah dengan para tamu di pendapa masjid.
Ruang TPQ ini dulu tempatku bermain ayun-ayunan bersama teman-teman. Ayunanku pun masih ada. Di mana? Di sana di halaman depan masjid.
“ Assalamualaikum, Mbak Kinanthi, boleh aku masuk?” suara bening itu membuatku menoleh ke arah pintu. Di sana berdiri sosok sang penawanku tadi sore. Ustaz Bisri!
“Waalaikum salam Wr.Wb.” jawabku sambil menyilakan masuk.
 “Mohon maaf jika ucap nenekku membuatmu jadi ilfil dan salting. Tapi ucap beliau itu benar. Aku memang memberitahu beliau bahwa sekarang aku sudah menemukan danau untuk kurenangi. Bening sinar matamu membuatku lseketika memutuskan bahwa kaulah seseorang yang akan kupinang. Tapi...”
Ya, Ustaz Bisri sangatlah bijaksana dengan berkata bahwa bertepuk itu haruslah dengan dua tangan. Jodoh memang di tangan Allah, tapi tetap harus ada ikhtiar untuk menemukannya.
Ini ikhtiarnya. Mana ikhtiarku? Hiks.
Aku terdiam. Lelahku selama perjalanan, juga riuhnya acara tentang sang koruptor, membuatku tidak bisa mengeluarkan kata-kata. Barangkali senyumku saja yang kukirim untuk membalas ucapnya. Senyumku berbalas senyum menawan. Teramat memikat, dan balasan senyum itulah yang menghilangkan kesadaranku. Pandanganku berkunang-kunang, mengabur, dan gelap akhirnya!
“Kin, Kin...sadar. sadar, Ndhuk...” lamat-lamat terdengar suara ibu. Kubuka mataku.
“Minum ini,” ujar ibu sambil mengangsurkan segelas teh hangat. Ternyata aku sudah berada di kamar.
“Sejak datang kamu kan belum makan apa-apa. Calon dokter kok semaput, ngisin-isinni!” lanjut ucap ibu. Ibu keluar kamar sat terdengar ketukan lirih di pintu.
“Alhamdulillah, Mbak Kinanthi sudah sadar. Perkenankan kami sekeluarga pamit, dulu, Ibu...” kudengar suara tenang dan dalam itu lagi. malu juga pingsan di saat ada pemandangan alam yang indah?wkwkwk
Wahai kenyataan benarkah apa yang kualami ini? Kupukul kepalaku berulangkali. Tidak percaya sama sekali. Hingga...ibu masuk kembali.
“Ini, ibu dititipi nomor hape Ustaz Bisri.” Ibu mengulurkan selembar kertas nota, tertera jajaran angka di situ. Ada berapa nomor, nih? wow, sang penawan  punya tiga nomor hape. Aduh, aduh, aduh...
***
Tidak terjadi apa-apa hingga dua hari sesudahnya. Tiga nomor baru yang kusimpan pun tidak bergerak untuk menyapaku. Beginikah rasanya berteman dengan seorang ustaz?
Hingga kuterlonjak dari kegiatanku menolong bapak menyapu masjid tadi pagi. Ternyata...
“Gimana dia akan menyapamu, wong dia nggak punya nomormu. Gendheng tah piye awakmu iki Kin, Kin...” suara hatiku menyalahkanku. Iya, ya...
Demi kesopanan, akhirnya kusapa juga sang penawanku di salah satu nomornya.
***
Siangnya, sesudah jamaah salat Zuhur, aku diajak ngomong serius oleh bapak ibu.
“Besok hari Jumat, ustaz Bisri waktunya ngisi pengajian ibu-ibu bada asyar, lalu malamnya yasinan bapak-bapak. Otomatis kita pastilah ngobrol, nah, minimal bapak ibu punya bahan omongan untuk menjawab apa permintaan keluarganya.” Bapak membuka pembicaraan yang memang sudah kutahu pasti kan tiba entah kapan.
“Tapi aku belum mengenal Simasnya, Pak. Nggak enaklah dibilang mo dipinang ma seseorang tapi nggak pedekate dulu,” jawabku sambil mecucu.
“Kamu nolak?” seru ibu tertahan.
 Mboten. Bukannya aku nolak, tapi begini, bapak ibu. Mungkin aku tetap ingin tahu dan mengenal dulu siapa Mas Bisri....”
Ayah mengangguk paham. Hanya ibu yang...
Ndhuk, kamu nyari suami yang seperti apa? Ustaz Bisri itu sudah paket lengkap.Ya ganteng, berilmu, berada, juga...”
“Ibu,...aku nggak nolak tapi juga belum siap mengiyakan. Aku hanya minta waktu untuk mengenalnya. Kuliahku baru masuk semester lima, seminggu lagi aku juga sudah berangkat lagi. maksudku,acara pinangan dan sebagainya nantilah kalau aku sudah siap.”
“Kapan itu? Dua tahun lagi kan pulangmu? Atau saat wisuda? Ustaz Bisri sudah laku saat itu...Ndhuk, Ndhuk...,” keluh ibu membungkam semua kataku. Ya, yang pasti aku kan jauh di Makassar, biaya naik pesawat kan mahal lagipula tugas praktikum segunung, nggak bisalah aku pulang pergi semauku.
“Aku bisa pulang ini pun karena punya uang lebih dari honor nulisku,Bu,” ucapku membela diri. Aku tidak bermaksud apa-apa, atau memojokkan beliau berdua, tidak! Berangkat dari mahasiswa bidikmisi aku memang berkekurangan secara materi. Namun aku pantang menyerah!
“Makanya, kalau kamu mau dilamar Ustaz Bisri, enakkan nanti ada yang mbantu mbiyayai kuliahmu,” kejar ibu sambil menatapku lekat-lekat. “Paling tidak, bisa sering pulang. Bisa...
“Ibu, dipikir dulu apa kalo bicara. Masyaallah...” seru bapak keras. Ibu terdiam seketika. Aku memaklumi, sangat paham ke arah mana ucap ibu. Tolok ukur ekonomilah yang membuat ibu sangat berharap aku mau menerima pinangan Ustaz Bisri.
“Sudahlah, nanti kita pikir lagi. intinya semua mbalik nang sing nglakoni. Dipertimbangkan dulu baik-baik. Toh keluarga Ustaz Bisri nggak akan memaksa kita secepatnya,” ujar bapak menutup diskusi keluarga siang ini.
***

Kubuka hapeku. Beberapa pesan telah masuk sejak pagi tadi melihat jam terkirimnya. Alah,biasa. Mas sinyal lelet memasukkannya siang ini!
WA dari Ustazku! (Ehm...malu dikit juga bilang ustazku..)
Dulu kamu sekolah di MTs Negeri 9 Jember, kan? Aku pernah promosi madrasahku ke situ. Dan...
Ah, panjang lebar yang ditulisnya mengingatkanku pada seseorang!
Gini, saat itu kan semua siswa berkumpul di aula. Nah, kebetulan aku menuju kamar mandi putri saat kulihat seseorang yang kesulitan bernapas di ujung lorong kamar mandi putra. Kuberlari mendekat, ternyata salah satu tamu dari aliyah. Usut punya usut, dia alergi debu kapur tulis!
Sebagai salah satu anggota tim PMR, spontanku menolong dengan cara-cara yang sudah kupelajari, dan sesegera mungkin kubawa ke ruang UKS. Alhamdulillah, beberapa teman lain segera datang membantu.
Secepat aku selesai menolong, kumemanggil guru di aula. Begitulah. Aku melupakan apa yang sudah terjadi hingga detik kubaca tulisan panjang di WA. Ternyata dianya...hehehe.
Yang membuatku terkesima adalah dia menulis...
Kakak, sadarlah. Sembuhlah. Andai aku bisa menggantikan rasa sakitmu akan kuminta Allah tuk mengizinkanku membantu menanggungnya. Kakak...bernapaslah, ayo...”
Ya iyalah itu kalimat saktiku tiap menolong siapa pun. Tentu saja aku tlah hapal di luar kepala dengan sedikit mengubah redaksi kalimat tentunya!
Kulihat kakak datang dari kota, inginku juga sekolah di sana, inginku bahkan masuk perguruan tinggi nantinya. Semoga kita bertemu, ya Kak?”
“Aku kehilangan semangat hidup karena penyakitku. Tak ada sesuatu yang bisa membangkitkan motivasi hidupku hingga hari itu. Hingga kalimat-kalimatmu meluncur mengetuk lubuk hati. Kinan. Kinanthi. Nama yang tlah jauh lama kutulis hingga akhirnya jumpa kembali. Subhanallah. Takdir Allah begitu indah, tanpa pernah kusadari bahwa pertemuan sekarang pun tlah diatur oleh-Nya!”
Aduh aduh aduh, bukan baper lagi namanya saat membaca tulisan itu,aku seakan dejavu dengan masa lalu. Sebegitukah artiku baginya?
***
Dan tibalah saatnya.
Ku berdiri di ujung pintu masuk pesawat. Tiket kugenggam erat setelah lolos dari pintu pemeriksaan. Bapak pun sudah kembali ke kampung setelah mengantarkanku ke bandara. Ya, aku naik pikep bapak, biasa, setor pisang ke pasar Bungurasih seminggu sekali.
Tiket kutatap sekali lagi. kulihat posisi duduk di kursi 29B. Nah...
Mataku terbelalak. Di kursi 29A kulihat sepotong wajah yang telah mengharubiruku seminggu ini, mengorupsi hatiku habis-habisan, mengirim senyum seindah pelangi!
Cuthel
Jember, 30 Januari 2018 (14.10 WIB)
Eni Siti Nurhayati


Ijen, Prasasti Cinta Banyuwangi
Eni Siti Nurhayati
(Siapakah tiada mengenalnya? Kota legenda cinta dari ujung timur Pulau Jawa? Banyuwangi! Kota cinta nan molek jelita, dalam kisah dan khasanah. Dulu, kini, dan nanti.)
***
Sang  bayu timur berbisik kepadaku,
Detik ini luangkan hatimu tuk kuajak dikau melanglang,
menyusur satu lekuk liku kota cintaku.
Ijen, sunrise of Java!
Tiadakah tergetar hatimu, kala jejakmu merambah lembah Ijen?
Pada sudut malam, kala lelap terjaga, dingin menusuk tulang,
Langkah berayun berjibaku, langkah satu demi satu,
menggeliat di tapak kaki bebatuan terjal!
Lajulah! Pantang menyerah!

Tiadakah nampak olehmu?
titik –titik cinta menghablur sepanjang tatapan mata,
sosok kekar para penambang belerang berpendar di sekeliling kawahnya,
sangat dekat dengan api biru, blue fire, mencolok mata!
Hingga satu titik waktu, detik penantian pun terwujud,
langkah kakimu menuai mimpi,
Lelahmu terbayar sudah!
Adakah menguar wangi  belerang pada helaian napasmu?
Adakah terasakan, senandung alam Ijen menggelayut manja penuh pinta?
Dengarlah bisiknya...
Akulah prasasti cinta kotamu,
Cium harum belerangku tuk menyelamatkan.
Lindungi hutanku, sawah, dan lembahku dari kepunahan,
Jangan biarkan punggung masa melindas keanggunanku,
mengoyak keindahanku, menggusur senyumku!
adakah dendangnya tersampaikan? Adakah prasasti cintanya kan abadi?
Ataukah hanyut dalam pusaran tak berketentuan?
Jawabnya ada dalam sanubarimu terdalam!

Tentang pengarang:
Eni Siti Nurhayati, kembang tresna dari Jember, guru Bahasa indonesia di MTs Negeri 9 Jember. Penyuka puisi dan keindahan, juga aktif mengarang cerpen Jawa yang sering dimuat majalah Jayabaya dan Panjebar Semangat. Beberapa puisinya menghiasi antologi puisi yang diikuti via jejaring facebook. Kumpulan cerpennya sudah diterbitkan ke dalam empat buku.
Berbekal puisi di atas, besar harapan  dapat lolos kurasi, dan ikut acara Kemah sastra Nasional 2018, sambil memeluk Ijen juga bertemu rekan-rekan maestro penyair tanah air. Semoga!


Hehehe, nggak lolos kurasi...ternyata!